Kalau kupilih di ini, apa kata di sana?
Kalau kupilih di sana, di sini akan terluka
"Ouh ngunu maine?"
Sungguh ku merasa resah untuk menilai
sesuatu yang indah
Namun ku ada pepatah, kan aku gubah
"Iso...oleh...oleh."
Isuk-isuk nang omahe Diman wis rame suwarane bojone nyanyi karaokean. Diman sing lagek ngelap montor melu nambahi suwara. Ora melu nyanyi, wong lanang iku mung komentar.
Sayang ketabahmu menawanku...
"Ouh, wis sayang-sayang saiki? Okay."
Mangkel bojone ngomel ae, Wiji mlebu nang pawon. Wong wedok iku nerusno nyanyi karo nunggu masakane. Anake sik merem. Arek lanang iku wis biasa krungu suwara banter. Dadi masio isuk-isuk omahe rame ora keganggu turune.