"Ganteng!" Tomin sing ora ditakoni langsung nyauri.
"Lha iku wis dijawab Tomin."
"Ojo Tomin, sampeyan. Aku pingin ngerti pandangane wong wedok."
"Yo lek jare Likmu yo gak onok wong ganteng liyane aku," Diman nyaut.
"Mbelgedes," saure Wiji.
"Wong lanang ki gak penting ganteng gak. Wong wedok yo podo ae. Ayu gak iku iso diusahakno. Sing penting areke."
"Aku elek ta?"
"Gak, gak ngunu. Sing penting koen ki tanggung jawab, liyane gampang."
"Lha lek gak ganteng yo kan angel golek cewek."
"Yo lek onok arek wedok gak seneng awakmu mergo gak ganteng yo brarti guduk jodohmu. Contone aku ki, milih Likmu opo yo mergo Likmu ganteng. Jelas nggak kan?"
"Lapo aku digowo-gowo?" protese Diman.