"Uwes mau nang omah. Eh gak sih, aku lagi blajar mandeg ngopi karo rokok."
"Yo apik. Lek iso yo gak usah. Sing wis kadung ngene ki angel mandege."
"Ho oh, aku yo angel ning njajal sik."
"Lha kate omong opo iku mau?"
Diman sing mau nggarap kerjoane, saiki melu lungguh nyanding ponakane lanang.
"Anu, aku ki seneng arek."
"Kate rabi ta?"
"Heh, gurung, Lik."
"Yo ngunu, ojo kesusu. Kerjo sik gurung onok setahun, golek modal sik."
"Ho oh. Gak rabi kok, maksude gak saiki."
"Trus masalahe opo?" takone Diman maneh.
Beri Komentar
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!