"Anu, yok opo carane. Aku bingung."
"Carane seneng opo nyenengno?"
"Carane ngomong. Aku wedi lek areke gak seneng aku sisan."
"Lha wes kenal opo gurung?"
Ora langsung njawab, ponakane Diman iku malah pringas-pringis. Akhire arek lanang iku mung gedheg. Diman ambekan rodo dowo.
"Yo kenalan sik. Gurung kenal yok opo iso seneng."
"Lha yok iku aku bingunge, Lik. Lek areke gak seneng aku, kan isin."
"Seneng gak iku dipikir keri. Kenalan sik, koncoan, ngobrol, dijak dolen, cek iso saling mengenal," omonge Diman rodo dowo.
"Pinginku yo ngunu hehehe..."
"Lha arek endi iku? Koncomu sekolah biyen opo konco kerjo?"
"Tonggo kosanku."