Wong lanang loro iku akhire ngguyu bareng.
"Yok opo yo, aku yo lali. Pokoke lek seneng ngomong ngunu ae. Lek gak ditompo yo wis, yok opo maneh."
"Lha opo gak lara lek gak ditompo?"
"Yo lara, ning ngko suwi-suwi yo mari dhewe."
"Tapi aku seneng nemen karo arek iki, Lik. Yok opo yo...areke ki nyenengno kae lho. Manis, lincah. Melu seneng ndeloke. Koyok Lik Wiji kae, lak gawanane seneng terus."
"Jare sopo? Kae tukang ngomel. Lek disawang thok yo nyenengno, opo maneh lek digawe gantungan kunci..."
"Wooo tak kandakno sampeyan, Lik."
Wong loro iku ngguyu bareng maneh. Sore, ponakane Diman moro nang omah. Arek lanang sing lagi nyenengi arek iku dolanan karo Tomin.
"Lek menurute sampeyan aku ganteng gak, Lik?"
"Heh?" Wiji bingung, batine lapo arek iku moro takok koyok ngunu.
"Jujur ae, Lik, gak popo."