"Jare koncoku onok sing iso nggarai wong seneng, Lik."
"Maksude?"
"Yo nang wong ngunu lho. Guduk dukun kok, koyok mbuka aura ngunu lho. Cek lek disawang iso nyenengno, masio elek."
"Diadusi ngunu? Atek kembang 7 rupa?" takone Wiji.
"Embuh ya. Emang ngunu iso, Lik?"
"Iso. Iso diparani wong wedok ayu awakmu, ning gegere bolong."
Diman sing krungu saurane bojone nang ponakane langsung ngguyu kemekelen. Wong lanang iku yo kaet nyadar lek wong seneng iku iso nggarai goblok.
Beri Komentar
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!