"Kok korbanku?"
"Loh lha iyo tho? Aku tau lapo? Wong mesti awakmu sing nesu-nesu, sing nganoni aku he...he...he..."
"Lek dijak omong serius ki yo sing serius," Wiji mangkel bojone malah guyon terus.
Diman lungguh nang pinggir kasur nyanding bojone. Wong lanang iku ngelus-elus pundake Wiji.
"Tenang ae, gak usah mikir sing enggak-enggak."
Wiji mesem.
"Ehmm, iki lek misale aku rabi maneh yo gak perlu rame-rame kan?"
"Sampeyan kate poligami?"
"Lho kok emosi, jare kudu tenang. Misale lho iki mau, contoh."
Males nyauri bojone, Wiji langsung nyandak lengene Diman trus dicakot. Wong lanang iku langsung girap-girap kelaran.
"Iki iso dilaporno pulisi ngene iki. Untung aku ki wonge sabar. "