Mumet ndelok anake karo mantan mantune sik gembrahan ae, emake Ari nglemesi. Wong wedok umur seketan iku me ae tibo lek ora digondeli tonggone. Ndelok emake semaput, Ari sing mau emosi iso rodo anteng.
Masio ora ndelok langsung kedadean rame-ramene Ari karo Dini, Diman karo Wiji wis ngerti perkorone. Dini yo kerep dolan nang omae Diman mergo pingin curhat.
"Lambene iku kurang ajar, Mas, aku ngene-ngene sik nduwe harga diri. Kerjo yo ngenah gak adol awak."
"Iyo, jenenge wong emosi. Gak usah disauri, sing penting saiki pikiren anakmu."
"Anak tak gowo gak oleh, lha de'e kerjo ae gak."
Diman ambekan dowo. Wiji mung meneng ngrungokno.
"Maksudku awakmu tenango dhisik, mbalik kerjo, ngko lek kabe wis tenang lagek dijak omong maneh."
"Kate tak culik ae."
"Mbok sing sabar. Anake dhewe kok diculik. Diparani gak popo, diinguk yo wis kewajiban, ning ojo grusa-grusu."
"Iyo, Dek, lek emosine wis mudun kabeh ngko lak onok dalane," saiki Wiji melu ngomong.
Dini ngelap luh nang pipine. Raine ketok kuyu. Wong wedok sing sik enom iku ketok luwih tuwo soko umur asline. Kesel kerjo, kesel mikir rumah tanggane sing wis ora iso dislametno maneh, mikir anake sing digowo bojone.