"Mak, antuk."
"Yo kene bobok."
Bengi, Tomin sing kesel dolanan marani emake nang kamar. Arek lanang iku ngantuk. Dikeloni emake, ora suwi Tomin merem. Mari anake merem, Wiji ora melu turu. Wong wedok iku mberesi klambi.
"Pak, mene lek sampeyan utowo aku gak iso bareng maneh, embuh opo ae sebabe, ojo sampek rebutan anak yo."
"Woo, yo gak lah."
"Sampeyan ojo ngomong kasar, opo maneh main kasar, nang ngarepe Tomin."
"Lho kan kene lek main lampune mesti mati."
"Pak!"
Diman cengengesan. Wong lanang iku manthuk-manthuk.
"Pokoke yok opo carane anak ojo nganti dadi korban."
"Jelas. Cukup aku ae sing dari korbanmu."