"Bener."
       "Mung rodok mangkel ae."
       Diman meneng. Perkoro cinta ancen kadang abot. Wis ngerti lek wis mantan, ning yo sik dipikir.
       "Gak masalah rabine, Mas, ning karo bojone iku. Iku aku kenal arek lanange."
       "Sopo?"
       "Wendi, arek kampungku sisan. Iku biyen kan pas sik karo aku yo cedek karo si Wendi iku."
       Diman ora nanggepi. Wong lanang iku nyandak bungkus rokoke. Cinta, tresno, perkarane wong umur piro ae.
       "Biyen senengane dibanding-bandingno kae, makane akhire kene putus. Yo sopo sing gak males. Lha aku ancen koyok ngene, guduk arek kulihan, guduk anake wong sugih. Selot-selot wingi pas areke ketompo pns, lek mamerno koyok wis dadi presiden ae."
       Diman nyedot rokoke. Arif melu njupuk rokok trus disumet.
       "Nasibe uwong lak yo bedo. Kono ancen anake wong nduwe. Yo lek sukses kan yo pantes, wong uripe yo gak tau kurang..."
       "Trus awakmu iri?"