Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Gawean Omah

5 Desember 2020   11:00 Diperbarui: 5 Desember 2020   11:16 354
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Mak e nang ndi?"

"Umbah-umbah," saure Tomin.

Diman kaet ae mulih kerjo. Wong lanang iku leyeh-leyeh nang kursi karo ngipasi awake atek majalah sing ono nang nduwur mejo. Ora isuk, ora sore, hawane pancet panas, sumuk.

"Pak, ndelok sepur yuk?"

Tomin sing mau sepedaan ngubengi omah, nyedeki bapake. Arek lanang iku ora mudun saka sepedae.

"Pak e kesel, mene ae."

"Lungguh ae kesel?"

"Woo...yo saiki lungguh, mau yo gak."

"Aku sepedaan gak kesel."

Diman nyawang anake. Disawang omahe dolanane anake pating slengkrah.

"Lek sepedaan nang njobo. Dolanane diberesi," omonge Diman nang anake.

Tomin ora nyauri. Kaet isuk wis sepedaan karo kancane, mulih omah yo sik sepedaan nang njero. Omah ora ombo, dilewati sepeda masio cilik yo ketabrak-tabrak perkakase.

"Mak e kesel ngko."

"Gak. Mak e kuat," saure Tomin.

"Lek Mak e kesel, nesu, ngko segomu dientekno mbuh. Gak iso maem sampeyan."

Tomin nyawang bapake. Arek lanang iku mikir. Mari nyawang bapake, Tomin nyawang dolanane. Diman seneng, batine mari ngene anake trus beres-beres dolanane.

"Gak," saure Tomin karo mancal sepedae.

"Wooo...anak..."

"Anak opo?"

Durung Diman mari nerusno lek ngomong, bojone mecungul.

"Anakmu hehehe..."

Wiji ngelungno gelas kopi. Wong wedok sing lagek umbah-umbah nang mburi iku krungu suwarane bojone trus langsung nggawekno kopi.

"Wis mari lek umbah-umbah?" takone Diman.

"Uwis. Kate ngewangi ta takok-takok?"

Jenenge Wiji lek kesel gawane pingin ngomel. Diman nyruput kopine.

"Jelas gak," saure Diman mari nyruput kopi.

Gelas kopine diteleh nang nduwur mejo.

"Umbah-umbah ki pisan ae cek gak kesel," omonge Diman nang bojone sing saiki melu lungguh, nang ngarepe.

"Yo sampeyan karo  anakmu gak usah ganti klambi. Pisan ae."

Salah maneh, batine Diman. Ancen wong kesel ki ora usah ditakoni. Ning lek meneng ae ngko jarene ora peduli. Ditakoni yo nyaurine ngejak gelut.

"Sepedaan nang njobo kono lho. Iku dolenanmu pating slengkrah, diberesi," bengoke Wiji nang anake.

Sing dibengoki ora nyauri. Malah nerusno lek sepedaan tekan pawon.

"Iku ngko lek sampek nabrak gelas opo piring, tak a..."

"Tak ambung?"

Diman ndisiki omongane bojone sing nyeneni anake.

"Ojo dibelani," saure Wiji.

Diman mesem. Omahe lek ora rame, rasane koyo ono sing ilang. Masio mulih kerjo kesel, wayahe leren, wis biasa krungu bojone karo anake bengok-bengok.

"Mene aku kate melu Mbak Tri, Pak. Ngancani blonjo."

"Nang mal?"

"Gak, nang pasar. Kate slametan."

"Emang pasare wis buka?"

"Uwis. Pokok maskeran, ngko dicek suhune sik lek kate mlebu, lek panas gak oleh."

"Lha bathukmu opo gak ben dino panas? Ngko gek gak oleh mlebu."

"Panas lek gak nduuwe duwit," saure Wiji.

"Woo yo aman lek ngunu. Duwite sik akeh kan?"

Diman ngguyoni bojone. Sing diguyoni mung nyebek.

"Min, mandeg," Wiji mbengoki anake maneh.

"Sik ta, Mak," saure Tomin.

"Ayo adus."

"Cupangmu nang ndi?" takoni Diman nang anake.

"Mati," saure Wiji.

"Gak mati, semaput," ganti Tomin sing nyauri.

"Semaput opo, wong ngambang ae ngunu kaet mau, gak obah blas."

"Heh, wis mati?" takone Diman.

"Yok opo gak mati wong botole diubek-ubek ae kok," Wiji nyauri.

Tomin meneng ae. Arek lanang iku mudun soko sepedae. Iwak cupang sing ditukokno bapake wingi nane wis ora obah. Sik nang botol, ning meneng ae.

"Gak tak ubek, Pak. Tak jak sepedaan."

"Yo bener iku, cek melu sehat ya."

"Ho oh, cek oleh sinar matahari, berjemur."

"Iwak kok djjak berjemur, yo kepanasen," Wiji protes. "Ayo, adus."

Wiji nyandak anake, arek lanang iku digendong dijak adus. Diman sing sik ngeluh boyok nerusno lek leyeh-leyeh.

"Pak, tak tinggal sik. Ojo lali pesenku mau."

Isuk-isuk Wiji wis dandan ayu. Wong wedok iku dijak blonjo nang pasar karo tonggone, kon ewang-ewang. Anake sik turu. Diman sing wis melek, ning sik aras-arasen tangi ora nyauri.

"Pak," baleni Wiji.

"Ho oh," saure Diman karo ngantuk.

Masio ninggal lungo isuk-isuk, omahe Wiji wis resik kabeh. Masak, kumbahan wis mari.

"Pak, maem."

Ditinggal emake, Tomin ora rewel. Arek lanang iku nang omah karo bapake sing dino iki libur, ora kerjo.

"Sik, Pak e sik repot iki."

"Maem sik, Pak, gek kerjo."

"Ho oh, diluk ae. Ndang njupuk dhewe, maem kene."

Dipeseni bojone kon setriko, Diman diumeki anake sing njaluk mangan.

"Njupukno, Pak, dulang."

"Woo, lha biasa maem dhewe."

"Emoh."

Tomin ora gelem mangan dhewe. Arek lanang sing rung adus iku njaluk didulang bapake sing lagi umek nyetriko klambi sak tumpuk. Diman neleh setrikone. Wong lanang iku budal nang mejo njupukno sego dingge anake.

"Dulang, Pak."

"Yo gak iso, kekenyos setriko ngko."

"Iso, gendong."

"Malah njaluk gendong."

Jenenge arek cilik. Masio wis biasa mangan dhewe, lek kadung kumat karepe yo mbarang-mbarang njaluk diladeni.

"Nuk kene lho, sanding Pak e."

"Emoh, gendong."

Ora kenek dikandani, Diman akhire nggendong anake. Wong lanang iku njupuk jarit soko lemari.

"Ak..." Tomin mangap, njaluk didulang. "Setiko, Pak, seneni Mak e ngko sampeyan.," omonge ngelingno bapake.

"Lha yo sampeyan iki, Pak e sik repot malah njaluk dulang karo gendong."

"Mak e ae iso."

Diman ora nyauri.

"Ji! Wiji!"

Yu Paerah, tonggone Diman, moro teko nang omah, nggoleki Wiji.

"Lagi blonjo, Lik, ngancani Tri."

"Enake Rek, Wiji, dolen-dolen anake ditinggal nang omah karo bapake. Kapan aku iso koyok ngene iki, ninggal omah sak karepe, kabeh wis resik diurusi bojo." omonge Yu Paerah ndelok Diman setriko karo ndulang anake.

"Ak, Pak," njaluke Tomin nang bapake.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun