Dadi tukang kayu, gawean ora mesti. Kadang ono, kadang ora ono, kadang yo akeh nganti ora iso nyekel. Wis pirang-pirang dina, Diman lagi akeh gawean. Pesenan kursi karo lemari. Ndilalah lagi ono wong anyar nang kampunge, manten anyar lagi pindahan.Â
Ora nggowo perkakas akeh, keluarga anyar iku milih pesen nang Diman. Enake pesen nang Diman kayu iso dipilih, disesuakno karo dompet. Nggowo kayu dewe yo iso.
Wis kesel, sore sisan, Diman milih mulih. Gawean lek dituruti ora ono enteke. Wetenge wis luwi. Awake yo wis kecut mergo keringet.
"Adus kono lho, Pak," omonge Wiji sing ngerti bojone wis mulih.
"Ngko ae."
"Cek seger. Gek leren."
"Yo sik, kringeten ngene kok."
Ora gelem kon adus, Diman milih lungguh karo rokokan nang teras. Kopine wis dicepakno karo bojone. Kadang lek ngene, pingin rasane urip nang ndeso. Rokokan karo nyruput kopi, disambi nyawang ijo-ijoan. Nang omahe, kampunge, ora iso koyo ngunu. Sing iso disawang yo embong cilik karo terase tanggane. Untung ae Diman ngeyel biyen pas gawe omah, masio pekarangan ngarepe cupet mepet embong, mburi omah sik diturahi lemah sithik. Iso dingge nandur karo kolam iwak cilik-cilikan.
"Pak, gek ndang adus. Iki anakmu wis mari."
Wiji mbengoki bojone maneh. Sing dibengoki ngadeg ning ora bablas nang kamar mandi, mampir kamar. Ngerti bojone ora budal adus, Wiji sing mari macaki anake mbengok maneh.
"Sepreine mari tak ganti iku mau. Reged ngko."