Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Cerpen: Turu

26 Oktober 2020   12:20 Diperbarui: 26 Oktober 2020   12:32 318
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Jam enem isuk, omahe Wiji sing biasane wis rame isuk iki anteng. Wiji sing biasa tangi subuh, isuk iki ora krungu suwarane blas. Bojone, Diman, kaet nglilir. Wong lanang iku molet karo angop. Masio matane sik durung amba, wong lanang iku ngroso lek sebelahe sik ono uwong. Ora mung anake, bojone sik mlungker.

Kebelet nguyuh, wong lanang iku akhire tangi. Sarunge digulung, along wong lanang iku budal nang jeding. Mari nguyuh karo ngising, Diman mbalik maneh nang kamare. Anake lanang wis tangi, ning arek lanang iku meneng ae. Nang sebelahe emake yo ketok wis tangi ning sik merem. Ngerti anake melek, Wiji ngeloni anake. Wong loro iku akhire turu maneh.

Diman ngukuri gundule. Ora biasane bojone turu yahmene. Biasane durung azan subuh mesti wis tangi. Umbah-umbah, masak, opo ae wis dicandak. Wis ora iso turu, Diman mbalik nang mburi, pawon. Wong lanang iku gawe kopi.

Ora minggu ning Diman lagi ora ono garapan. Ndelok bojone durung metu saka kamar, wong lanang sing wis ngentekno kopi sak gelas karo rokok rong uthil iku mlebu kamar.

"Mak..."

Sing diceluk ora nyauri, sik merem.

"Lara ta?"

Ora mung nakok, Diman ndemok bathuke bojone. Ora panas, biasa ae.

"Nesu?"

Ora lara, ketoke. Ora biasa meh jam pitu sik ndekem ngeloni anake nang kamar, Diman mikir opo bojone lagi nesu. Wiji mbuka matane. Kriyip-kriyip wong wedok iku nyawang bojone sing lungguh pinggir kasur.

"Awake gak enak?" Diman takon maneh.

Wiji gedhek.

"Meteng?"

Wiji sing sik aras-arasen langsung menteleng krungu pitakonane bojone. Ning wong wedok iku yo sik ora nyuwara, meneng ae. Diman sing mau mung lungguh pinggir kasur melu ngletak.

"Turu enak ya?"

Jam pitu luwih seprapat, Wiji melek mergo anake kroncalan. Arek lanang iku kebelet pipis. Ora nunggu emake, Tomin tangi trus mblayu nang jeding. Masio sik arek, Tomin wis pinter. Arek lanang iku ora tau ngompol. Wiji wis mbiasakno anake iku nguyuh nang jeding. Sak durunge turu yo kon nguyuh dhisik.

"Mak, maem."

Mari nguyuh Tomin njaluk mangan. Biasane yahmene nang mejo wis cepak panganan. Lek ora sego goreng yo mesti ono tempe opo endog goreng. Ning mergo isuk iki Wiji sik mlungker, nang mejo makan sik resik.

"Anake luwe kae," Diman sing wis tangi ngomong lirih nang bojone.

Sing dijak omong sik macak watu. Ndelok bojone ora biasa, Diman akhire tangi. Wong lanang iku ngajak anake nang mburi. Masio ora pinter masak, ning lek nggoreng endog opo masak mie Diman yo iso.

"Emoh Pak'e, karo Mak'e."

"Podo ae, Pak e yo iso nggoreng endog."

"Emoh."

Jarang diladeni bapake, Tomin ora gelem digorengno endog bapake. Arek lanang iku njaluk emake sing masakno.

"Tumbas jajan ndok pasar? Tumbas iwak pithik?"

Diman sing ora pingin ngganggu bojone ngrayu anake. Krungu iwak pithik, Tomin langsung mesem. Arek lanang iku gelem.

"Mandi ya, mosok kecut ngene ndok pasar. Isin."

Sisan mumpung rayuane kenek, Diman ngejak anake adus. Bojone sing sik nang kamar dijarno ae. Nang pasar Diman nukokno lawuh anake. Wong lanang iku sisan tuku sego pecel bungkus dingge dheweke karo bojone.

Mari ngladeni anake, Diman nginguk bojone sing durung ngalih saka kamar. Tomin sing wis wareg, wis ganteng, mlayu dolan karo kancane, tonggo sebelah.

"Syarat ko dukun ta?"

Diman nyedeki bojone maneh. Sing ditakoni ora turu, ning merem.

"Yo apik sih. Timbang mangan kembang, nguntal boto, ngene luwih apik. Sehat yoan. Akeh turu ki apik, gak ngentek-ngenteki panganan. Jajal ngene terus onok seminggu ngunu beras utuh."

Wiji mbenakno lek turu. Wong wedok iku narik kemule, mlungker maneh.

"Ben dino adus pindo, pisan-pisan gak adus yo gak popo. Eman sabune ya, ngko ndang entek."

Diman sik ae omong dhewe.

"Wingi kae Lik Tukiran, meneng ae nang kasur, ndarani turu karo bojone tibake kok moro-moro kaku. Padahal sehat lho, bengi yo sik mangan lele goreng. Kok iso yo isuk gak tangi eh mati wisan tibake."

"Opo sih?"

Wis gelem omong, batine Diman.

"Lapo? Pingin daster ta?"

"Gak."

"Pingin kutang? Wingi kan mari tuku."

"Gak."

"Pingin jalan-jalan? Lha mbok ayo, mumpung gak onok garapan iki."

"Gak."

"Pingin lipstik?"

"Gak."

Diman ngukuri gundule. Ngomong sak kecap-kecap ngene mesti ono sing ora bener. Untung lagi ora ono garapan, kate meneng, ngalem-ngalem yo diladeni ae.

"Njaluk kelon? Ngunu ae isin, biasane yok opo."

Diman ngomong karo mesem ngguyu.

"Gak!"

Risih karo bojone, Wiji rodo banter lek nyauri.

"Lha njaluk opo?"

"Gak njaluk opo-opo."

"Lha trus kok meneng ae?"

"Pingin meneng kok."

Diman selot gemes. Tangane wis gregeten pingin nyiwel pipine bojone ning diempet.

"Tinggal rabi maneh oleh?"

Ora digagas bojone, Diman mbales pingin nggarai bojone gemes. Wiji sing mau turu nyingkuri bojone pindah posisi. Diman sing wis siap mesam-mesem. Kenek.

"Meneng," omonge Wiji karo nutupi lambene bojone atek tangane.

Diman nyingkirno tangane Wiji saka lambene.

"Kelebon ta awakmu?"

"Aku ngantuk, pingin turu."

"Lha kaet mau bengi lak wis turu. Yahmene, wis meh jam wolu lho iki."

"Sik males."

"Gak nesu?"

"Gak."

"Gak njaluk opo-opo?"

"Gak."

"Pingin turu thok?"

Wiji manthuk. Masio ta sik rumongso aneh ning Diman akhire meneng. Wong lanang iku melu merem, melu turu.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun