"Gak usah melu-melu koen. Koen ngerti aku sopo? Aku bojone Dini. Gendakanmu iki sik nduwe bojo!"
Mulih kerjo kebengen, Dini ora oleh angkot. Wong wedok iku dibarengi konco kerjone, Danang. Ndilalah pas mandeg ngarep omah bojone kaet teko. Ndelok Dini dibonceng wong lanang sing ora dikenal, Ari langsung ngamuk.
"Iki koncoku, Mas, konco kerjo."
"Gak usah kakean alasan. Saiki wis wani nggowo lanangan, wis gak nduwe isin maneh, gak wedi karo bojo?"
Rame-rame nang ngarep omah, bapak emake Ari metu, tonggo-tonggo yo podo melu nginguk. Ndelok Ari emosi, tonggo sing lanang ngewangi nenangno. Danang akhire dikon mulih. Dini sing isin, lara ati, mung iso nangis. Bengi iku Dini ngadahi klambine, lungo.
"Minggat-minggato ning anakku ojo digowo. Gak sudi aku nduwe bojo koyok koen!"
Dini sing mau wis nggendong anake karo ngembol tas akhire rebutan anak. Bayi sing mau wis turu karo embahe iku langsung tangi, nangis. Kalah karo bojone sing kalap, akhire Dini trimo ngalah anake dicekel bojone. Sesuk-sesuk dibaleni maneh pikire. Sing penting dheweke wis ora nang omah iku maneh. Dini mlayu karo nangis.
"Dasar lonte!"
Ari sing dicekeli tonggone sik ae mbengok.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI