"Yo wis lek gak gelem, malah utuh duitku. Padahal iki mau lek dingge tuku kutang loro yo iso."
Wiji sing mau merem langsung melek. Wong wedok iku nyawang bojone sing lungguh nang pinggir kasur.
"Sido gak?"
Wiji sik meneng.
"Ndang salin, tak omongno Emak cek ditunggoni Tomin."
Akhire lanang wedok iku budal nang Pengampon. Ora melu mlebu, Diman milih lungguh nang parkiran. Ngenteni bojone nang njobo. Setengah jam Wiji umek nang njero teko make up. Dudu mergo bingung milih ning ngantri.
"Uwis?"
Wiji manthuk.
"Sik ya, enteni kene, diluk."
"Sampeyan kate nang ndi?"
"Kae, tak ngeterno mbak e kae," omonge Diman karo nyawang arek wedok sing lagi lungguh nang ngarep toko.