Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Rahasia

14 November 2020   09:04 Diperbarui: 14 November 2020   09:06 225
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Sakjane aku ki mbok anggep opo, Pak?"

"Yo gak mesti," saure Diman.

"Maksude?"

"Yo gak mesti. Kadang tak anggep gapuro balai desa, kadang koyok karung beras, kadang nggemesno koyok Poo, Kungfu Panda kae hehehe..."

Mangkel karo saurane bojone. Wiji ora nerusno lek takon. Wong wedok iku meneng. Ambekane ketok dowo lan abot. Diman sing ndelok bojone mangkel mergo saurane langsung mandeg lek ngguyu. Sakjane wong lanang iku dudu ora ngerti maksude Wiji nakon koyok ngunu, ning wong lanang iku ora pingin mbahas.

"Mangan sik kono," omonge Diman.

"Gak luwe," saure Wiji.

"Mosok? Ayo, maem karo aku."

Sakjane Wiji sik males, ning wong wedok iku ora pingin nambah masalah. Lek dipikir ancen mending mangan sik, cek ora emosi. Wong lanang wedok iku akhire mangan bareng. Tomin sing mari metu soko Puskesmas mergo kenek Demam Berdarah lagi turu.

"Kok sithik?" takone Diman.

Wiji meneng. Wong wedok iku sik mbedodok atine. Lagi ono sing dipikirno, ning luwe, Wiji mekso mangan. Ning jenenge ati, lagi ono pikiran, ora kroso luh e netes nang pipi. Karo mangan wong wedok iku mbrebes, nangis. Diman dudu ora ngerti, ning atine melu lara ndelok bojone nangis. Wong lanang iku ora omong opo-opo, mung nerusno lek mangan.

Mari mangan lek biasane Wiji sing mberesi, iki Diman ndhisiki bojone. Wong lanang iku ndang ngadeg, nyandaki gelas karo piring trus digowo nang pawon, dikorahi. Pikirane ora penak. Ndelok bojone koyo ngunu mau, atine melu keronto-ronto.

Ngganti bengi Wiji sik meneng. Wong wedok iku ora nesu nang bojone, ning rumangsa nelongso ae. Anake wis merem, anteng.

"Sik nesu ta, Mak?" takone Diman sing gletak nang sanding anake.

Wiji gedheg.

"Sepurane. Aku gak pingin awakmu mikir. Wis kesel lekmu njogo Tomin, masalah ngene cek aku ae sing mikir."

"Mosok lek sampeyan nduwe utang aku gak melu mikir?"

Wiji sing mau meneng saiki mulai ngomong.

"Yo gak ngunu. Aku yo kate ngomong, tapi kan sik repot mergo Tomin yo sik butuh perhatianmu."

"Lek aku gak nakok, gak ngerti, sampeyan yo bakal crito?"

Wiji sik durung trimo.

"Hehehehe..."

Ora iso mbujuki, Diman akhire mung cengengesan. Wong lanang iku ancen nduwe pikiran ora kate crito bojone lek utang koncone dingge mbayar biaya pas Tomin lara wingi. Pikire nyilih sik trus gek disaur, bojone ora perlu ngerti. Beres. Tibake wong wedok iku ngerti mergo ono tanggane sing ngomongi.

"Aku gak masalah sampeyan utang, Pak. Tapi kan iso ngomong dhisik. Dadi lek onok opo-oo, utowo onok sing ngomongno ki aku yo ngerti. Gak hahe hahe koyok wong goblog."

"Iku lho mung nyilih diluk. Masio gurung tak saur kabeh wingi yo wis tak kei separo."

"Diluk suwi nyatane tanggane ngerti, bojone dhewe malah nggomblohi gak ngerti."

Diman ambekan dowo. Urip ora dhewe, nduwe tangga, nduwe kanca, nang kampong, ono opo ae iso dadi omongan.

"Yo wis, kadung. Kate yok opo maneh? Aku wis ngomong salah, njaluk sepuro."

Krungu omongane bojone, Wiji sik mbedodok kaet isuk lara maneh atine. Ning wong wedok iku yo sadar, bojone ora salah. Bojone yo mung pingin njogo dheweke karo anake. Akhire wong wedok iku milih merem.

"Kate nang ndi?"

Isuk-isuk Wiji wis macak ayu. Wong wedok iku yo wis ndandani anake.

"Rahasia," saure nang bojone.

Diman sing kaet mari ngising sik nyawangi bojone. Wong lanang iku mikir opo bojone sik nesu.

"Minggat?" takone alon.

Wiji ora nyauri.

"Jare mbarang-mbarang kon ngomong. Saiki ditakoni gak gelem nyauri," Diman protes.

"Kandani rahasia."

"Gurung tahu krungu crito wong wedok sing ditakoni bojone nyauri rahasia, pas bojone gajian gak dikei?"

Ora nyauri Wiji mung nyebek. Anake lanang wis anteng nang gendongane, digaweni topi. Diman sing penasaran ngetutno bojone sing kate metu.

"Nang ndi kok?" takone maneh.

"Posandu!"

Tomin sing digendong emake nyauri banter.

"Wouh, iyo hehehe. Pak e piker kate didol karo Mak e hehehe..." saure Diman nang anake.

"Gak didol yo, Mak?" takone Tomin nang emake.

"Gak. Arek ganteng ngene kok, eman-eman. Pak e ae sing didol," saure Wiji karo budal nang Balai RW, melu Posyandu.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun