Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Kapan Rabi

24 Oktober 2020   19:30 Diperbarui: 24 Oktober 2020   19:34 492
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Woo, Cah Ayu, kapan teko?"

Durung Wiji nyauri, wong wedok setengah umur tanggane iku wis ngomong maneh.

"Selot gedhe ya saiki. Wingi koyoke sik cilik, kaet lulus sekolah. Suwi gak eruh kok wis sakmene saiki."

Wiji sing kaet mudun soko sepur, dipapak bapake, akhire mung mesam-mesem. Bapake sing nang sandinge yo mung manthuk karo mesem.

"Lha kapan iki? Gek ndang, cek aku iso melu ewang-ewang Emakmu. Mumpung sik kuat aku."

Patang jam nang njero sepur, luwe, kemringet, lara kabeh awake, pingine ndang mulih, mangan. Ning Wiji karo Bapake sing durung iso ngalih.

"Kapan mbok rabekno iki anakmu? Anak wedok, ojo suwi-suwi."

"Mari pitung ndinamu."

Batine Wiji ngomong, pingin nyauri. Ning arek wedok iku mung mesem, masio yo kecut esemane. Bapake sing mau mung meneng akhire nyuwara.

"Pamit sik, Yu, selak dienteni Emake nang omah."

"Iyo. Ning ojo suwi-suwi, ngko gak payu anakmu. Mumpung sik enom ngunu, ndang dirabekno ae."

Rasane tas ransel sing digendong Wiji pingin disamplukno nang tanggane iku, ning arek wedok iku pisan maneh mung meneng. Jaman durung rabi karo Diman, mari lulus sekolah Wiji kerjo nang kutho. Arek wedok iku mulih kadang sesasi pisan, kadang lek pingin yo rong minggu pisan.

"Lha lapo iku lambene koyok ngunu?"

Emake Wiji sing ndelok anake teko-teko mecucu langsung komentar.

"Luwe," saure bojone.

"Kebiasaan. Kae wis tak masakne senenganmu. Adus-adus sik kono."

Sik aras-arasen adus, atine mbedodok, Wiji langsung moro nang mejo makan. Arek wedok iku nyandak piring.

"Alon-alon. Koyok wong gak tau mangan ae. Nang kosan gak nduwe panganan ta?"

Bapake Wiji sing mari nglebokno montor melu lungguh. Wong lanang iku mung mesem ndelok anake mangan.

"Jarno ae ta. Nang kutho lak gak seenak masakane emake."

"Ning lek mangan yo sik apik. Dimamah. Iki mangan langsung diuntal ae."

Ora ngurus diomeli emake, Wiji ngenakno lek mangan. Arek wedok iku wis apal omelane emake. Emake yo wis apal cara mangane, dadi diomeli ngunu iku yo wis sego jangan.

"Anyar klambimu?"

Wiji manthuk karo mesem. Emake mlerok. Ndelok emake mlerok, Wiji selot mesem.

"Aku lho gak lali, Mak."

Omonge Wiji karo njupuk bungkusan soko tas e. Arek wedok iku ngetokno bungkusan plastik.

"Nah iki, pinter," omonge Emake karo ngelus-elus daster sing digawakno Wiji.

"Apik kan, Mak."

"Ho oh, seneng aku sing model ngene. Kencono Ungu tho iki?"

"Ya iyalah. Aku lho apal senengane sampeyan."

"Yo ngene lek tuku sandangan, nggenah. Iki bahane enak, adem."

"Lha mosok aku yo nggawe daster lek metu-metu."

"Yo gak, maksudku lek tuku daster. Iku yo apik kok klambimu. Bapakmu?"

"Pak e nitip senar. Wis tak tukokno?"

"Senar opo? Gitar?"

"Senar pancing lah, opo maneh."

"Woo, bapakmu..."

Ndelok emake gregeten, Wiji kudu ngguyu. Arek wedok iku isuk-isuk wis macak. Konco-koncone sekolah ngejak ketemuan, reuni. Lek biasane pas riyoyo, iki reuni ora resmi. Sukur ngumpul karo konco-konco lawas. Ora numpak montor, arek wedok iku milih mlaku. Ora patio adoh, sisan dheweke pingin mlaku-mlaku ngubengi kampung.

"Ji, kapan teko?"

Lagi mlaku pirang meter, Wiji ketemu koncone SD sing yo tanggane.

"Wingi sore."

"Arep nang ndi?"

Koncone Wiji iku umure sepantaran ning lek disawang ketok luwih tuwek. Arek wedok sing jenenge Yeni iku wis rabi. Anake meh loro.

"Kate nang SMP."

"Reuni?"

"Ho oh, kumpul-kumpul ae. Melu ta?"

"Gak. Isin aku. Eh, kapan awakmu rabi?"

Maneh, pikire Wiji. Ning arek wedok iku ora langsung nyauri.

"Lak wis onok calone tho?"

"Ho oh, akeh kae calone. Garek nyoblos."

"Woo, ngarang ae. Calon bojo."

"Ho oh, ngko tak pilihe."

"Guyon terus kowe ki. Temenan, kapan?"

"Yo mari ngene, tak reuni sik."

Ora pingin suwi-suwi, Wiji pamit nang koncone iku. Arek wedok iku nerusno lek mlaku. Koncone nyawangi Wiji. Ndilalah ono tanggane siji maneh teko.

"Iku Wiji?"

"Ho oh."

"Meteng?"

"Gak, rung rabi."

"Meteng kan gak nunggu rabi. Awake koyok wong meteng."

"Mosok tho? Tapi yo ancen selot gedhi sih."

Masio wis rodo adoh, Wiji sing sempat ndelok tanggane loro iku ora penak. Dheweke kroso lek lagi dirasani, ning arek wedok iku bablas mlaku. Ora suwi, arek wedok iku tekan sekolahane. Nang sekolahan, njobo gerbang wis akeh koncone.

"Wouh, tambah seger arek iki."

"Ho oh, meteng," saure Wiji.

"Temenan ta?"

"Ngawur ae, gurung rabi kok."

Koncone Wiji rame karepe dhewe. Siji-siji koncone podho teko. Gerbang sekolahan dadi rame. Koncoan telung taun, ono sing luwih, suwi ora ketemu lek kumpul yo mesti rame. Ono ae sing diomongno, ditakokno. Wiji sing kaet wingi rodo mangkel ditakoni kapan rabi wis enak atine. Koncone sing kumpul meh kabeh rung rabi. Ora gelem dibarengi mulih koncone, Wiji milih mlaku maneh.

"Wiji?"

"Ho oh."

"Eling aku?"

"Yo eling tho, koyok gak tau ketemu ae."

"Hehehe."

Meh separuh dalan tekan omah, Wiji ketemu tanggane. Dudu konco sekolah, ning tanggane sing umurane oleh nduwure. Wong lanang sing kerjo nang kelurahan iku ketok kate lungo, dandane wis rapi.

"Bareng tekan omah ta?"

"Gak, mlaku ae."

"Eh, anakmu wis iso opo saiki, Ji?"

Wiji sing wis niat kate ngalih langsung meneng. Arek wedok iku nyawang tonggone iku trus nyauri.

"Wis iso ngomong JANCOK!"

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun