Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Gelang

21 Oktober 2020   08:01 Diperbarui: 21 Oktober 2020   08:12 252
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Anyar maneh gelange."

"Halah, mung cilik-cilikan iki."

"Cilik lek akeh ngunu yo abot."

"Bapake Caca mari oleh rapelan."

Minggu isuk mari senam bareng nang Balai RT Wiji karo ibu-ibu ora langsung mulih ning sik ngumpul ngobrol. Jenenge senam ora mung dingge olahraga ning yo dingge guyub. Jajanan, ombe-ombean wis disiapno karo sing oleh giliran. Sing nduwe bisnis, bakulan, nyangking dagangane. Sing klambi opo mas-masane anyar yo wayahe ditokno kabeh.

"Enake, Rek. Bapake Doni kae rapelan opo sing diarepno, rapelan cicilan iyo."

"Hahaha isok ae sampeyan iki. Ngene ki yo kudu ngrayu, lek gak yo gak ditukokno."

"Ngrayu ae gampang, penting onok sing iso mbrodol. Aku kate ngrayu sampek lambeku dower paling banter ulune sing brodol."

Ibu-ibu podo ngguyu krungu omongane Ida, ibuke Doni. Wong wedok umur telung puluhan sing awake gede duwur iku crito karo nyebek-nyebek.

"Ning ben dino kan wareg pentol."

"Pentol alot ae."

"Alot ae sampeyan iso subur ngene kok, opo maneh lek gak a lot."

Kate arek-arek, bapak-bapak opo ibu-ibu lek wis kumpul yo iso tekan ngendi-endi omongane. Kesel mari senam, kemeng cangkeme mamah jajan, selot guyub lek ditambahi crito-crito sing kerepe curhatan rumah tangga.

"Mbok koyok Wiji kae, nrimoan."

Ngerti jenenge disebut, Wiji sing lagi ngombe noleh.

"Yo Wiji kae enak, bojone mbeneh kok. Kabeh bayaran dikekno. Masalah akeh sithik kan garek lek ngatur."

"Lha iyo, bojoku lek koyok Diman kae aku yo trimo. Wong jalukane gak tau aneh-aneh. Sregep kerjo. Gak tau omben opo main."

Ora nyauri, Wiji mung mesem thok. Wong wedok iku ora pingin melu mbahas, opo maneh mbahas rumah tanggane. Dijarno ae tonggo-tonggone iku omong opo ae.

"Ning kan anake sik cilik, gurung sekolah. Suk lek wis mlebu sekolah yo embuh, siap-siap ae."

"Melu asuransi ae lho, Ji. Mumpung Tomin sik sakmunu gak popo diasuransekno. Iso milih kok sesasine piro."

Wiji sing mau mung ngadeg rodo adoh akhire melu lungguh. Masio ora melu-melu mbahas ning wong wedok iku ngrungokno. Dudu ora seneng melu ngobrol, ning perkoro njero rumah tangga cukup disimpen dewe karo bojone.

"Caca yo wis tak daftarno. Ben sasi mangatus. Mlebu SD ngko oleh. Trus mlebu SMP, SMA, lumayan kok."

"Yo iku lek onok duite, olehe ajeg."

"Dodolan bakso opo gak ajeg duite?"

"Ajeg pentole hahahaha..."

Senam mung sak jam, njajan karo ngobrole iso jam-jaman. Jam sepuluh ibu-ibu wis podo buyar, mulih dewe-dewe. Wiji sing mau disusul Tomin yo wis nang omah. Mari ngenteni kringete garing, wong wedok iku adus.

"Pak..."

"Hmmm..."

Ora langsung ngomong, Wiji malah meneng. Diman sing ngenakno nonton tipi karo gletakan akhire noleh nang bojone sing lungguh nang sandinge."

"Lapo?"

"Gak popo."

"Gak popo kok nyeluk. Kangen?"

Wiji nyebek. Wong wedok iku lagi nimbang-nimbang sido ngomong opo ora.

"Gak usah takok ayu opo gak, masio gak patio ayu wong yo wis kadung tak pilih."

Mangkel krungu omongane bojone, Wiji nyiwit pinggule bojone, nggarai wong lanang iku ngaduh.

"Malah njiwit. Lek nganggur kene pijeti, ngko tak opahi."

"Opahi opo?"

"Ambung."

"Males."

Tomin wis merem nang kasur. Arek lanang iku kekeselen sedinoan dolanan.

"Opahi gelang ya?"

Ora banter, Wiji ngomong koyok wong lagi mbisiki, lirih. Masio Diman lagi ndelok sinetron ning omongane bojone mlebu nang kupinge, krungu.

"Gelang karet? Lha dingge opo katene. Kate maen karo arek-arek ta?"

"Lha lapo njaluk gelang karet, padakno Tomin ae."

Diman nyawang bojone. Sing disawang isin trus nyawang tipi.

"Gelang emas?"

Ora nyawang bojone, Wiji mung manthuk.

"Gampang. Njaluk piro?"

"Siji ae."

"Mosok mung siji, telu gelem?"

Wiji manthuk.

"Yo suk. Pijeti sik ya."

Ora nyauri, Wiji langsung mijeti bojone. Diman sing kesenengen, keenakan, mesam-mesem. Bojone iku lek mijeti enak, kuat tenogone dadi kroso nang awak.

"Yo ngene. Lek koyok ngene terus ojo o njaluk gelang emas, njaluk kutang emas yo tak tukokno."

"Telu?"

"Limolas yo oleh," saure Diman.

Gemes karo bojone, tangane Wiji sing mau mijeti pundake bojone saiki pindah nang lambene bojone sing lagek mesam-mesem iku.

"Lambene kiwir-kiwir lek ngomong," omonge karo ngremet lambene bojone.

Ora nesu, Diman malah ngguyu. Wong lanang wedok iku akhire ngguyu bareng.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun