Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Pinter

15 Oktober 2020   08:16 Diperbarui: 15 Oktober 2020   08:25 283
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Lek menang, besok Mama belikno henpon."

"Serius, Ma?"

"Yo serius."

"Asik."

Neni karo anake, Monik, mari mulih saka mal. Wong loro iku ketok seneng.

"Kelas piro saiki Monik, Nen?"


"Kelas siji, kaet mlebu taun wingi."

"Gedhe ya, bongsor."

"Ho oh. Susune gak mandeg iki. Tapi iki rencana tak kon diet, ngko kegeden awake. Lek dukure sih gak popo."

"Lapo kok diet barang, sik cilik gak sakno ta?"

"Ngko lek keterusan gedhe angil nyiliknoe. Model kan gak oleh lemu, Ji."

"Oalah. Monik model ta saiki?"

"Yo gurung resmi sih. Tapi kan iki tak elokno lomba terus."

Wiji sing mlaku bareng soko embong pamit pas wis nang ngarep omahe. Neni karo anake nerusno lek mlaku, omahe luwih mlebu.

"Ko ndi, Ji?"

"Ko pasar."

"Yahmene kaet ko pasar?"

"Ho oh, nggolekno titipan iki mau. Tumben sampeyan dolen rene. Onok opo?"

Mirna, tonggoe Wiji rodok adoh, sore iku dolan nang omahe Wiji.

"Wis suwi ta ngenteni?"

"Yo molas menitan. Bojomu gurung mulih yahmene?"

"Diluk engkas. Kene mlebu."

"Anakmu nang ndi?"

"Nang omahe mbahe."

Mirna mlebu trus lungguh. Wiji bablas nang pawon, njupukno ngombe.

"Ko repot tho, Ji, koyok wong adoh ae."

"Lha kan adoh, bedo gang hehehe. Obate ngenteni."

Wiji neleh gelas banyu trus melu lungguh. Mirna nyandak gelas trus diombe isine.

"Ngene lho, Ji, langsung ae yo. Aku kate nyelang duwit."

"Piro?"

"Mangatus. Sasi ngarep tak balekno, Ji. Iki Roni kate melu lomba, njaluk klambi. Bapake lak mari lara, gurung kerjo maneh."

"Lomba opo?"

"Lomba ngge sekolahe, dance opo ngunu lho. Dingge tuku seragame karo mbayar make up."

"Melu lomba ki sik kon mbayar?"

"Ho oh."

Mirna ngentekno banyune. Wiji nyawang koncone sing umure ora patio adoh soko dheweke.

"Ngko tak ngomong bapake Tomin sik ya."

"Ho oh. Yo mugo-mugo oleh, onok. Lha aku ki sakno Roni, Ji. Wis bapake mari lara, ngko lek arek karep, yo gelem melu-melu kegiatan nang sekolahe gak iso melu lomba lak gelo. Sakno."

"Iyo sih."

"Lha yok opo, Ji, wong saiki sekolah masio SPP gratis tapi kan liyo-liyone iku sing akeh. Iki sik SD ae wis koyok ngene, ngko SMP koyok opo."

"Yo dipikir siji-siji sik ae. Sing penting bapake Roni wis waras, ngko gek iso kerjo maneh."

"Ho oh."

Lagek omong-omongan, Diman mulih. Mari nyopo Mirna wong lanang iku mlebu kamar. Wiji ngetutno bojone mlebu nang kamar, kate taren perkoro Mirna sing nyilih duwit.

"Edi saiki selot pinter, Ji. Henpon kae diapakno ae ngerti. Aku kate SMS ae kadang sik cenunukan."

"Tomin gak tau tak cekeli. Paling diemplok lek gak dibuwak malahan."

"Wou ndeso. Edi kae main game, telpon-telpon bapake barang yo wis iso."

"Wong henpone yo jarang onok pulsane," saure Wiji maneh.

"Edi kate tak lesno."

"Les opo?"

"Sirku les renang, tapi jare bapake les bal-balan ae."

Wiji ambekan rodo dowo.

"Lha lek iku mbok diajari dhewe. Bal-balan kae lek sore ndok lapangan yo rame."

"Yo bedo tho, Ji. Melu klub cek pinter."

Wiji manthuk, masio ora setuju.

"Tomin kae wis iso moco?"

"Gurung."

"Edi kate tak lesno, cek mlebu TK wis iso moco nulis. Saiki sih tak tukokno buku-buku ngunu. Wing yo mari ditukokno bapake tas karo pensil warna akeh."

"Edi kate mlebu taun iki?"

"Sirku ngunu. Ndang sekolah cek ndang pinter."

"Gak keciliken ta? Sakno."

"Kan PAUD ae, gak suwi sekolahe. Ngko mulih sekolah kaet les."

Wis sore, wayahe bojone mulih. Wiji sing mau dolan nang tanggane iku pamit. Anake tibake yo kaet mulih. Arek cilik iku ketok reged, mari dolanan.

"Rupamu kok koyok ngunu. Ayo gek adus."

Mari ngedusi anake, Wiji adus sisan. Tomin sing wis resik dicepaki panganan, lungguh anteng mangan segone. Bojone, Diman, mulih. Wong lanang iku melu lungguh, nyanding anake.

"Enak maem?" takone Diman nang anake.

Tomin manthuk-manthuk.

"Tambah maneh?"

"Ho oh."

Diman mesem ndelok anake seneng mangan. Wiji sing nyawang mung gedheg-gedheg. Podho, batine.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun