Mohon tunggu...
Rahmadona arifa
Rahmadona arifa Mohon Tunggu... Mahasiswa - Mahasiswa

Hobi saya bulu tangkis

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Geguritan Basa Jawi Dening: Rahmadona Mutiara Arifa

26 Desember 2022   11:09 Diperbarui: 26 Desember 2022   12:13 450
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Corona

Tumekamu ora kasap mata
Virusmu mateni manungsa
Ngegerake wong sandonya
Kabeh ora bisa lunga

Virus corona tambah mbrantah
Bocah sekolah pasinaon ana omah
Bisa sinambi klemah-klemah
Ora ana kang mrentah kanthi lumrah
Pendidikan karakter ora tau dijamah

Pamarintah paring ada-ada
Kanggo ngendhani lan ngrampungi corona
Kang minangka pagebluke dunya
Kanthi antigen,vaksin mrih corona bisa lunga...

Saiki corona wis musna
Ayo padha sengkut sinau lan makarya
Kanggo maju lan mulyane negara
Mrih ora keri karo bangsa liya

Rungkad


Ati iki rungkad nalika eling sliramu kang dadi pepujanku
Rina lan wengi tansah eling marang pasuryanmu
Sing gawe ayem atiku
Lan semangat uripku


Ing uripku sliramu kadya srengenge kang sumunar ing wayah esuk lan angslup ing wayah sore
Ati lan pikiranku tansah nggagas sliramu
Ing pungkasan eman yen sliramu ora bisa tak duweni

Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun