Mohon tunggu...
Kang Bagiyo
Kang Bagiyo Mohon Tunggu... Relawan

Simpel dan sederhana saja.

Selanjutnya

Tutup

Dongeng

Filosofi Angka dalam Konteks Jawa

17 April 2017   19:49 Diperbarui: 17 April 2017   20:13 1761
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

0 = Jalma/manungso

1 = Gusti Allah

Lamun manungso kepengen aji neng ngersane Gusti Allah (angka 0 lan 1 dadi angka 10), manungso kudu 2 (Loro)

2 (Loro) = Lakokno Ragamu. Tegese Nglakokno raga yaiku usaha kelawan ragane kanggo golek ngilmu sejati, anggone ngudi ngilmu kudu dibarengi 3 (Telu)

3 (Telu) = Metel kelawan Laku. Tegese Metel kelawan Laku yaiku anggone mlaku ngudi ngilmu kudu dibarengi laku prihatin/tirakat (poso, cegah turu, lan sak pinunggalane). Anggone mlaku ngudi ngilmu lan tirakat supaya bisa 4 (Papat)

4 (Papat) = Mapakke Ati. Tegese mapakke ati yaiku lamun manungso kapanjingan ngilmu, kudu bisa mapakake atine ing perkara kang luhur. Sebab dheweke bakal dadi patuladhan menggahe wong akeh

5 (limo) = Kinelingan wong-wong podo moro. Tegese Kinelingan wong-wong podo moro yaiku dheweke dadi paran pitakon lan bakal paring piwulang marang wong kang podo moro menyang dheweke. Lamun wis tekan maqom iki, manungso kudu biso 6 (Enem)

6 (Enem) = Ngenepake Penemu. Tegese Ngenepake Penemu yaiku manungso kudu bisa ngenepake penemu utawa watake. Kudu ngutameake kepentingan lan kebutuhan wong akeh, ora kena nuruti kekarepane hawa nafsu supaya bisa oleh 7 (Pitu)

7 (Pitu) = Nompo Pituduh. Tegese manungso kang duwe penemu/watak tulus kang bakal nompo pituduh lan pitulungan saking ngersane Gusti

8 (Wolu) = Wong-wong podho lumaku. Tegese Wong-wong podho lumaku yaiku akeh manungso kang ngalap berkah lan ngilmu marang dheweke, akeh manungso kang arep napak tilas laku tirakate. Bisa ugo diarani manungso sak dhuwure manungso.

9 (Songo) = Songsong Agung. Tegese Songsong Agung yaiku tumrape manungso kang wes tutug lan lulus anggone ngelakoni tirakat (wiwit angka 2 tekan angka 8) mongko dheweke bakal diangkat derajate lan pinaringan Songsong Agung (mahkota), lan mesti cedak banget karo Gustine koyo den ibaratake angka 10 (Sepuluh)

10 (Sepuluh) = Tegese angka 10 iku, lamun manungso kepengen ngibadahe diridhoi Gusti Allah mongko kudu ngutamaake Allah tinimbang dheweke (10=angka 1 neng ngarepe angka 0). Tegese sak kabehe laku lan ngibadahe manungso kudu diawiti niat namung kerana Allah. Lamun niate namung kerana makhluk, senajan lakune iku kalebu ngibadah nanging Gusti Allah ora kerso nampa amale manungso (01=angka 0 neng ngarepe angka 1)

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Dongeng Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun