0 = Jalma/manungso
1 = Gusti Allah
Lamun manungso kepengen aji neng ngersane Gusti Allah (angka 0 lan 1 dadi angka 10), manungso kudu 2 (Loro)
2 (Loro) = Lakokno Ragamu. Tegese Nglakokno raga yaiku usaha kelawan ragane kanggo golek ngilmu sejati, anggone ngudi ngilmu kudu dibarengi 3 (Telu)
3 (Telu) = Metel kelawan Laku. Tegese Metel kelawan Laku yaiku anggone mlaku ngudi ngilmu kudu dibarengi laku prihatin/tirakat (poso, cegah turu, lan sak pinunggalane). Anggone mlaku ngudi ngilmu lan tirakat supaya bisa 4 (Papat)
4 (Papat) = Mapakke Ati. Tegese mapakke ati yaiku lamun manungso kapanjingan ngilmu, kudu bisa mapakake atine ing perkara kang luhur. Sebab dheweke bakal dadi patuladhan menggahe wong akeh
5 (limo) = Kinelingan wong-wong podo moro. Tegese Kinelingan wong-wong podo moro yaiku dheweke dadi paran pitakon lan bakal paring piwulang marang wong kang podo moro menyang dheweke. Lamun wis tekan maqom iki, manungso kudu biso 6 (Enem)
6 (Enem) = Ngenepake Penemu. Tegese Ngenepake Penemu yaiku manungso kudu bisa ngenepake penemu utawa watake. Kudu ngutameake kepentingan lan kebutuhan wong akeh, ora kena nuruti kekarepane hawa nafsu supaya bisa oleh 7 (Pitu)
7 (Pitu) = Nompo Pituduh. Tegese manungso kang duwe penemu/watak tulus kang bakal nompo pituduh lan pitulungan saking ngersane Gusti
8 (Wolu) = Wong-wong podho lumaku. Tegese Wong-wong podho lumaku yaiku akeh manungso kang ngalap berkah lan ngilmu marang dheweke, akeh manungso kang arep napak tilas laku tirakate. Bisa ugo diarani manungso sak dhuwure manungso.
9 (Songo) = Songsong Agung. Tegese Songsong Agung yaiku tumrape manungso kang wes tutug lan lulus anggone ngelakoni tirakat (wiwit angka 2 tekan angka 8) mongko dheweke bakal diangkat derajate lan pinaringan Songsong Agung (mahkota), lan mesti cedak banget karo Gustine koyo den ibaratake angka 10 (Sepuluh)