Pira akehe sajak rindu sing wes koe baca maring aku?
Aku klalen ngetunge,tapi aku masih inget saben bulir embun aku puisikan sing dadi majas rindu maring koe.
Pira jerone roso rindu sing koe niliki ing relung atiku?
Aku klalen ngukure, tapi aku masih inget saben inci bayange koe sing mleket eret maring pikiranku.
Pira apike rindu sing koe nemoni maring senyum sing wes aku ukir anggo koe?
Aku klalen nglukise,tapi aku masih inget pimen aku sing klalen segalane ding awakmu sing sanget memesona maring mataku.
Kabeh soal sing ws aku takoni ing koe ,ora ono jawaban sing koe!
Saiki,koe kudu ngerti;)
Anak gerimis sing mbiyen aku dadikena puisi,Grombolan embun sing mbiyen dadi majas rindu lan gempuran ombak sing mbiyen seumpama detak dadaku saben ndeleng koe? Saiki dudu go awakmu maneh!
Kabeh sing tentang koe lan segala rindu go koe. Wes aku sirnakena kabeh karo sisa banyu mataku....
Saiki mung dadi kenangan go uripku:)