Redi kawi dadi saksi tumrap geguritanku
Kang tansah nandang lara branta lara wuyung
Slirane wus nate janji yen lunga bakale bali
Nanging nganthi seprene suwi
Tan ana kabar apamaneh layang kangen sing dumugi
        Apa slirane ora rumangsa yen ana kene aku tansah ngenteni
        Tukule jamur ing mangsa ketiga
        Rasa tresna iki ora bisa dak apusi
        Rasa kangen iki wis ora bisa ngenteni
        Tekamu duh juwitaning atiku
Nanging kudu kepriye maneh polahku
Beri Komentar
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!