Kayata semune wayah sore
Tanpa sunar panguripan
Kayata abang brananing wanci surup
Awang-awang tanpa pamanggih
Sepi...
sepi mampring!
Tanpa ana bayu kang kumlawe
Tanpa rasa anyem kang ngresep ati
Tanpa pepadhang kang madhangi qolbu
Wola-walining zaman tansaya srepeg
Tanpa suwuk kang dadi wewates
Nyawiji tanpa kanca
Nyawiji tanpa rasa
Nyawiji tanpa pepiling ati
Kalaseba kang saya nyedak
Ngereh gambaraning donya
Gusti Kang Murba Wisesa
Panyoba kahananing jalma
Beri Komentar
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!