Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Status

17 Desember 2020   11:00 Diperbarui: 17 Desember 2020   11:04 268
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Lha awakmu ki aneh, disiri gak gelem, ditinggal kok ditangisi."

              "Sopo sing nangisi?"

              Nonit ora trimo karo omongane bapake.

              "Lha ndekem ae nang kamar. Tontoken iku rupamu, ngunu iku gak mari nangis?"

              "Aku lho gak nangisi de'e," Nonit sik protes.

              "Adus-adus kono lho," saiki ganti emake Nonit sing ngandani.

              "Aku kate nang kos e Wiji."

              Lagi mangkel, diomeli bapak emake, Nonit milih dolan nang kosane Wiji.

              "Lapo?"

              "Sumpek, nang omah diomeli ae."

              "Lha lapo kok diomeli."

              Nang kosane Wiji, Nonit langsung mapan nang nduwur kasur. Arek wedok iku sik mbedodok atine.

              "Embuh. Opo ae salah sing tak lakoni. Paling asline mangkel aku nolak Trimo wingi."

              "Ouh. Lha kan areke wes rabi tho?"

              "Yo iku, selot mangkel ketoke."

              "Ya wes, dijarno sik. Be'e wong tuwamu oleh omongan gak enak."

              "Ketoke ngunu. Lha mosok jare aku dirabi gak gelem, mbareng ditinggal tak tangisi. Lha sopo sing nangisi. Aku lho gak seneng Trimo. Lagian sik kaet ae kenal kok langsung njaluk rabi. Iyo lek nggenah."

              "Kok iso wong tuwamu mikir awakmu nangisi Trimo?"

              Nonit mbenakno bantal. Arek wedok iku yo mbenakno posisi ngletake.

              "Koen ngerti, Ji, bojone Trimo iku senengane ngece aku. Iku sing nggarai aku mangkel."

              "Ngece? Emange awakmu kenal?"

              "Lah, Reni kae lak koncoku SMP. Dipikire aku seneng karo bojone. Lek seneng lak yo tak tampani wingi, nyatane yo gak."

              "Trus awakmu ketemu nang ndi?"

              "Gak ketemu. Iku lewat status. Pertamane aku yo gak dong, trus diskrinsutno koncoku, dikandani."

              "Kok ngerti lek dingge awakmu statuse, lha opo ditulis jenengmu?"

              "Yo gak sih, tapi kata-katane. Akeh wis, trus arek-arek podo ngomongno. Arek-arek podo nakokno nang aku. Lha aku ndekem yo mergo iku, mangkel aku. Guduk mergo aku ngesiri bojone. Lha lapo yoan."

              Saiki ganti Wiji sing melu ngletak. Arek wedok iku kaet adus pas Nonit moro nang kosan. Konco kerjo nang pabrik, ben dino yo nyasat bareng. Nonit nduduhno status-statuse Reni. Akeh. Jare sedino iso ganti ping papat limo.

              "Yo wes lho, gak usah diwoco."

              "Pingine ngunu, tapi..."

              "Iku lek mbok woco podo karo awakmu golek penyakit dhewe. Sing penting awakmu gak koyok sing ditulisno iku. Ngko lak kesel-kesel dhewe. Lagian yo iku lho, gurung mesti lek dingge awakmu."

              "Iyo sih. Tapi dingge sopo lek gak dingge aku ngeneki, wis mbok woco kan."

              "Iyo, tapi gak onok jenengmu nang kono. Jadi yo anggep ae guduk dingge awakmu, trus mandeg nontoki statuse. Angep ae gak onok. Iku lek mbok woco ae, misale temenan yo malah seneng areke, menurutku."

              Nonit meneng. Arek wedok iku ora tekan pikirane kok iso diomong ngarep-ngarep Trimo, ganti ngejar padahal biyen nolak.

              "Lha awale yok opo kok iso koyok ngunu?"

              Wiji sing penasaran akhire nakok. Nonit ambekan rodo dowo.

              "Lha embuh wong-wong iku, kok iso malih koyok ngunu. Aku lho nyetatus biasa."

              "Biasa yok opo?"

              "Aku mung nulis 'Pas onok gak pingin, mbareng gak onok kok malih pingin' ngunu thok."

              "Heh?"

              "Iku bengi-bengi pas aku keluwen. Pinginku yo ndang merem, malah gak iso turu. Nah, pas iku bakul baksone lewat, tapi aku lagi gak pingin, pingin tahu tek. Tak enteni gak lewat-lewat. Trus moro malih pingin bakso, pas aku metu wis gak onok bakule. Tak enteni sak jam luwih gak onok sing lewat maneh."

              "Aku yo kadang ngunu. Pas pingin sego goreng bakule gak lewat, pas wes lewat ganti pingin sate."

              "Lha iyo. Lha trus menene kok iso moro rame iku, diduduhi statuse Reni. Areke nulis 'pingin kok bojone uwong', lah. Sopo sing pingin bojone de'e yoan, GR."

              Ora mesakno, Wiji malah ngguyu banter. Arek wedok iku ora iso ngempet ngguyune. Ancen wong-wong saiki aneh-aneh. Opo-opo distatus. Sing moco karo sing nulis podo kurang gawean, akeh-akeh podo GR mikir dingge dheweke. Opo-opo enake diomongno langsung, malah mung dingge bales-balesan trus tekan ngendi-ngendi dadine.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun