Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Sepedaan

12 Desember 2020   09:35 Diperbarui: 12 Desember 2020   09:39 518
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Pak, sepedaku rusak."

Isuk-isuk Tomin lapor nang bapake. Sepeda roda telu sing suwi ora ditumpaki rusak.

"Tumbas sepeda, Pak," omonge Tomin nang bapake sing lagek serbet-serbet montor.

"Apane sing rusak? Kene, diservis sik."

Tomin nyurung sepedane nyedeki bapake. Arek lanang iku lagi pingin sepedaan maneh.

"Ban e mbledos. Tumbas neh yo, Pak," omonge nang bapake.

"Sik, diprikso sik," saure Diman.

Diman nyeleh serbete. Wong lanang iku ganti ngedep sepedane Tomin. Disawangi ngisor nduwur, ngarep mburi. Tomin sing mau ngadeg sanding bapake saiki lungguh, melu-melu mrikso sepeda.

"Rusak ya, Pak?" takone.

Diman ora langsung nyauri. Wong lanang iku njupuk obeng. Matane sik mrikso sepeda. Ora suwi wong lanang iku manthuk-manthuk.

"Rodok lara iki sepedae. Gak tau diservis iki sepedae?" Ganti Diman takon nang anake.

Tomin gedhek.

"Angine kurang iki, gembos. Gak tau dikei oli, gak didusi. Tapi iso iki dibenakno, tenang."

"Iso mlaku neh, Pak?"

"Iso. Kae jupukno kompo."

Tomin ngadeg, arek lanang cilik iku njupuk kompo.

"Nah, wis mari iki. Gek didusi sepedae, cek resik," omonge Diman nang anake.

"Rusak iki, Pak," Tomin sik urung trimo karo sepeda sing wis diisi angin karo bapake.

Ban sepedane gembos mergo ora tahu digawe. Mari dikompo wis iso ditumpaki maneh. Ancen rupane ketok buluk mergo ora tahu diresiki, suwi ora ditumpaki karo Tomin.

"Jajal tumpaki sik, gembos thok iku mau," saure Diman.

"Enggak, rusak iki," Tomin mulai ngrengik.

Lek wis ngene Diman ngerti. Anake iku mung pingin sepeda anyar, dudu pingin sepedaan maneh. Nang kampunge lagi rame arek-arek sepedaan. Wingi tonggo-tonggone podho tuku sepeda, jare lagi tren sepedaan. Malah ono sing dibelani kredit sepeda.

Diman ambekan rada dhowo. Ngene iki lek dikandani paling yo mung dadi tangis. Dheweke mikir yok opo carane ngatasi anake.

"Adus sik kene, trus maem."

Saka njero omah suwarane Wiji njeluk anake. Ora mung mbengoki saka njero, Wiji metu nang teras marani anake sing ngrengik. Diman nyawang bojone, wong lanang iku mung iso ngukuri gundule. Sing disawang wis paham mergo mau bengi anake iku wis ngomong njaluk ditukokno sepeda sak durunge turu.

"Digowo ae sik, ngko sore digowo mulih maneh wis anyar," omonge Wiji nang bojone.

Diman nyawang bojone. Wong lanang iku manthuk-manthuk.

"Ndang, adus sik. Ngko sepedae cek diijolno karo Pak'e," omonge Wiji nang anake.

"Tenan?" Tomin takok nang emake, ora percoyo.

"Tenan yo, Pak?"

"Ho oh."

Wis diiyani bapake, Tomin sing mau wis meh nangis langsung mesem. Arek lanang iku marani emake, adus.

"Adus, maem trus sepedaan yo, Mak?"

"Yo sepedaane ngko sore, lek Pak'e wis mulih kerjo. Jare njaluk diijolno sepedae."

"Eh iyo hihihi..."

Seneng, arek lanang iku cengengesan dhewe. Mari adus, trus mangan, ora rewel maneh. Bapake budhal kerjo nggowo sepeda, ditaleni mburi montor.

"Dada Pak'e," omonge nang bapake karo dada-dada.

Sing didadani mung mesem, tipis. Diman nyawang bojone, meseme Wiji ora beda adoh karo eseme.

"Ngko sore aku sepedaan ya, Pak, sepeda baru," omonge maneh.

Diman manthuk trus budhal. Sedinoan Tomin mung nginguki embong, ngenteni bapake mulih. Arek lanang iku selak ora kanten, pingin ndang numpak sepeda anyar. Wiji mung nyawangi anake. Arek cilik, pingin kaya konco-koncone, dikandanono yo angel, mung dadi tangis. Ora ngerti kahanan lagi angel, kudu pinter-pinter cek iso bertahan.

"Sepedaku anyar, sepedaku anyar!"

Tomin bengok-bengok ndelok bapake teko nggowo sepeda. Arek lanang iku langsung lunjak-lunjak saking senenge. Durung bapake mudun saka montor, Tomin wis mlaku nyedeki sepedane.

"Sabar sik, tak jagange montore. Ngko malah tibo."

"Sepedaku anyar!"

Diman ngudari tali. Sepedane anake didukno alon. Tomin sing wis ora sabar langsung nyandak, ditumpaki.

"Ojo banter-banter lek numpak, nang pinggir ae," omonge Diman nang anake.

"Suwun, Pak'e."

"Entek piro, Pak?"

Takoni Wiji pas anake wis ngilang, sepedaan karo konco-koncone.

"Molas ewu. Iku mau nemu nang pasar, bel gedhi."

"Mbok cat dhewe?"

"Ho oh. Dikei Arip iku mau, turahan cat sepedane koncone."

"Adus trus maem," omonge Wiji nang bojone.

"Sakjane yo pingin ganti, tapi iki kok sik nggemesno," omonge Diman nang bojone karo nyiwel pipine.

"Woo, yo kono lek wani!"

"Hahahaha..."

Diman ngguyu karo budal adus.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun