Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Salah Zaman

3 Desember 2020   11:16 Diperbarui: 3 Desember 2020   11:28 284
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Iki sopo, Pak?"

"Lha sopo lho."

Tomin nyawangi foto sing dicekel. Foto sing wis burek iku diemat-emati.

"Sopo ya, iki?" takone maneh, saiki arek lanang iku nakoni awake dhewe.

"Mirip sopo?" takone Diman maneh nang anake.

Tomin gel-gelo. Foto sing disawang gambare arek wedok. Rambute sak pundak, awake cilik, ora patio duwur yo ora endek, Kulite coklat rodo gosong.

"Elek yo, Pak."

Diman sing lagek nyruput kopine meh ae slalapen. Wong lanang iku ngelap kopi sing muncrat soko lambene.

"Hahaha ojo banter-banter."

"Lapo, Pak?"

"Gak popo, ngko krungu sing nduwe poto hihihihi..." omonge Diman karo sik ngguyu.

Tomin sing durung nemu sopo uwong sing nang foto selot penasaran. Arek lanang iku neleh foto nang krenjang sepedae trus budal dolan.

"Pak, radioku mati."

Wiji sing mau nang mburi moro mecungul nang ngarep omah.

"Yo wis kesel iku. Leren sik," saure Diman.

"Gurung ditontok kok wes komentar," Wiji protes.

"Yo wis jelas. Wong ben dino mbok keloni ngunu, mumet iku."

"Halah. Tontoken diluk ae lho, Pak."

Wiji sing wis nyekel radione, mekso bojone mbenakno radione sing suwarane grak-grok, ora apik koyo biasane.

"Pijeti, sik."

"Nang ndi-mdi ki kerjo sik kaet njaluk bayaran. Dicek ae gurung wis njaluk upah," Wiji protes nang bojone.

Diman nyawang bojone sing sik nyekel radio. Radio transistor lawas, bentuke kotak, wernone ireng. Radio tinggalane emake Wiji. Jaman semono, Wiji sik urip nang ndeso karo bapak emake, radio iku wis dadi kesayangane. Biyen cilikane Wiji, emake biasa ngrungokno sandiwara radio. Masak, umbah-umbah, lapo ae kegiatan nang omah, radio ora tahu mati.

Sak uwise emake ora ono, radio digowo Wiji. Masio ta ono TV, DVD player, ning suwara radio ora iso ditandingi. Ngrungokno penyiare ngoceh karo ngenteni lagu-lagu sing diputer rasane nostalgia. Wiji eling emake, jaman sik nang ndeso, ayem atine.

Ning mau isuk radione iku moro grak-grok suarane. Radio sing wis ora atek baterei dicolokno listrik  iku  suarane ora resik.

"Yo sik, mari adus."

Bengi mari mangan, Wiji, Diman karo anake nyenuk nang ngarep TV. Diman sing mau wis njanjeni bojone kate ngecek radio wis umek karo perkakase.

"Umur iki," omonge Diman nang bojone.

"Yo dibenakno sik, Pak."

"Yo iso ae, tapi ojo lali bayarane."

"Iyo-iyo, tak idek-idek sampek sak kesele."

"Pijeti, gah aku mbok idek-idek. Koyok awake cilik ae. Mari kesel gak, selot ambyar awakku ngko."

Wiji mesem. Opo ae sing penting radione iso muni apik maneh. Tomin sing turu-turu nang kursi ngenakno ngombe susune sing diadahi botol.

"Mak, iki sopo?"

Arek lanang iku moro eling karo foto sing kaet isuk dicekeli, digowo wira-miri sepedaan.

"Wouh, ko ndi iki?"

Wiji kaget ndelok foto sinh dicekel anake.

"Lemari," saure Tomin.

"Ojo dingge dolenan iki, rusak ngko," omonge Wiji maneh karo njaluk foto soko anake.

"Sopo iki, Mak. Ireng," omonge Tomin.

Wiji menteleng. Diman ngempet ngguyu.

"Mbuh sopo iku," saure Wiji.

"Nden-nden sawah," saure Diman.

Wiji nyebek.

"Ojo dingge dolenan iki, disimpen," omonge Wiji maneh nang anake.

"Nden-nden sawah opo, Mak?"

"Takono Pakmu kae," omonge Wiji karo ngalih.

Wiji nyawangi foto sing dingge dolanan anake. Wong wedok iku mesem, ngempet ngguyu. Lek dieling-eling foto iku dijupuk kiro-kiro pas awake umur telulas taunan, jaman SMP. Wiji sing sik urip nang ndeso, biasa dolan nang kali, lapangan, sawah, tegalan, ngluthus ae pokoke.

Ora ono jenenge mulih sekolah trus ndekem nang omah. Konco-koncone mesti wis ngumpul, siap ngajak dolan. Ora kaget lek rupane buluk, ireng, merhgo ancen durung brai, durung ngerti macak.

91.6 Widuri FM kembali bersama Sentot akan menemani malam Jumat pendengar setia program Horor Bersamamu...

"Wis iso, Pak?"

Wiji sing krungu suara radio langsung mlayu metu.

"Yo jelas iso, aku kok. Ndang kene pijeti."

Ora nyauri bojone, Wiji langsung njupuk radio nang tangane bojone. Wong wedok iku ketok seneng.

"Lah, malah ngalih. Pijeti kene sik," omonge Diman nang bojone sing malah siap-siap mlebu kamar.

"Sik, apik iki acarane."

Wiji ngalih, ora peduli bojone sing protes.

"Lho kan, mbujuk."

Wiji mapan nang kasur. Wong wedok iku neleh radio nang mejo samping kasur. Malam Jumat wayahe kisah-kisah horor senengane. Diman sing ora trimo melu mlebu.

"Woo, malah ngenakno awake dhewe," omonge karo melu mapan.

""Apik iki, Pak. Crito demit pabrik gulo kae lho."

"Awakmu ki kok aneh. Diden-deni kok malah seneng. TV onok, DVD yo nduwe, sik ae ngeloni radio."

"Yo bedo. Rungokno ae ta. Crito ngene iki lek sampeyan nontok nang pilem wis jelas kate lapo, ngunu-ngunu ae critane. Lek nang radio ngene, mung suara lak iso mrinding."

"Aku yo mrinding sanding awakmu."

Wiji ngabluk lengene bojone.

"Karo mijeti lak iso sih, wong yo mung dirungokno."

"Yo bedo ngko rasane. Sik ta lah, sak jam thok ae lho."

"Ancen salah jaman awakmu iku,"

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun