Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Wangi

1 Desember 2020   11:16 Diperbarui: 1 Desember 2020   11:41 300
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Mak, nyuwun plastik."

"Ngge opo?"

"Ngge dolenan."

"Iku goleki dhewe, nang pojokan. Akeh kresek."

Wiji sing lagek masak mung njuding atek sutile, nduduhi anake nggon kresek. Tomin marani pojokan sing diomongno emake.

"Plastik, Mak, guduk kresek."

Tomin ora nemu sing dipingini.

"Lak podho sih. Kate ngge opo?" takone Wiji.

"Dolenan."

"Iyo, dolenan opo?"

Tomin ora nyauri. Arek lanang iku golek plastik sing iso dingge wadah banyu, tapi dudu kresek. Dheweke nggoleki plastik sing luwih kandel.

"Sing gak jebol."

"Yo iku lak iso dipilih. Sik apik-apik iku, gak onok sing jebol," saure Wiji.

"Sing kandel, Mak."

Masak karo diumeki anake koyo ngene iki Wiji wis biasa. Opo maneh saiki Tomin ora mlebu sekolah. Sedino-dino arek cilik iku nang omah, lek ora yo dolan diluk nang tonggone.

Ora nemu sing digoleki, Tomin pindah nggon. Arek lanang iku mbuka lemari sing biasa dingge ndekek barang keperluan omah.

"Iki plastik," bengoke Tomin, nemu opo sing dipingini.

"Iku sik anyar," omonge Wiji.

"Iki, Mak," Tomin ngeyel.

"Mbok liyane ae."

Wiji njajal ngrayu anake, ning sing dirayu wis ora kenek. Akhire yo ngalah. Wong ngko yo bakale dibuwak, pikire Wiji.

"Aku dolen ya, Mak?"

"Ojo adoh-adoh."

Wis mlayu, Tomin ora nyauri. Wiji nerusno lek masak.

"Sampeyan ngerti Dewi, Mas?"

"Dewi sing ndi?"

"Dewi sopo maneh, anake Lik Mah."

Diman manthuk. Arif sing mau lagek nggosoki mejo nyedek.

"Wingi mari diajar Lik Mah."

"Lha lapo?" takone Diman.

"Lapo maneh, ngluyur. Arek iku lak senengane kluyuran. Sekolah nang omah gak gelem, ngluthus karo pacare nganti bengi-bengi."

"Bosen be'e. Libure kesuwen, gak ketemu konco. Arek umur semono kadang sik angel kandanane."

Arif nyandak kopine. Kopi sing wis garek setengah iku dientekno.

"Lek Dewi kae gak mergo bosen, ncen dasare nakal kae. Sekolah gak yo tukang kluyuran kae. Ning diajar ngunu yo gak tau kapok, malah selot nemen."

"Arek sakmunu opo iso dikandani karo tangan. Dijak omong njaluke."

"Hahaha yo gak iso, Mas. Diajar ae gak kapok opo maneh mung dijak omong. Malah mung disauri kae."

Sing diomongno jenenge Dewi, arek umur nem belas tahun tanggane Diman. Wingi bengi kaet mulih nongkrong ngopi, Arif lewat omahe Dewi. Arek wedok iku lagi diajar Lik Mah, emake, mergo kaet mulih soko dolan sedinoan.

Dewi karo emake lek jare wong-wong koyok asu karo kucing, ora tahu iso akur. Dewi anak mbarep, adike ono loro, sik cilik-cilik.

"Yo mungkin mergo biasa diajar, dadi gak iso dikandani," omonge Diman.

"Mbuh maneh. Sak elingku kaet cilik kae ancen rodok-rodok. Endele. Sakjane yo gak kaget, wong onok sing diturun."

"Uwis."

Arif mesem. Diman paling ora seneng lek mbahas uwong ngganti koyo ngunu.

"Mas, aku mene prei ya."

"Kate nang ndi?"

"Biasa, ngeterno Dinda."

"Ati-ati, sik koyok ngene. Gurung oleh kumpul-kumpul, pesene Diman.

"Gak kumpul-kumpul, mung wong loro."

"Yo maksude nang dalan sisan, nang nggon tujuanmu."

"Ho oh. Refreshing, Mas. "

"Iyo, ning ojo nganti niate refreshing malah keno mala."

"Hahaha gak, aku ambung-ambungo yo atek masker pancetan hahaha."

Diman mung gedhek ngrungokno saurane Arif. Bab ngene iki Diman mung ngelingno, dirungokno sukur ora yo wis.

"Adus sik kene."

Sore wayahe adus, Wiji ngajak anake. Sing dijak adus sik ngenakno lek dolanan.

"Min," celuke Wiji nang anake.

"Ngko, karo Pak e."

"Temenan lho yo, diluk engkas Pak e teko."

"Ho oh."

Ora gelem dijak adus, Wiji budal dhisikan. Ora let suwi bojone teko. Eling omongane emake, Tomin melu bapake mlebu. Arek lanang iku wis ngerti lek dheweke ora melu adus bapake ngko mesti diseneni emake.

"Adus, Pak," omonge.

"Mak e nang ndi?"

Durung Tomin nyauri, Wiji wis mecungul. Wong wedok iku kaet mari lek adus.

"Wangine..." omonge Diman nang bojone.

"Jelas," saure Wiji karo bablas mlebu kamar.

"Yuk, adus," omonge Diman nang anake.

Ndelok bojone wis seger, wangi sisan, Diman pingin melu cepet-cepet adus. Anake digowo sisan.

"Kramas sik, cek wangi koyok mak e."

"Atek iki, Pak," Tomin ngelungno botol.

Diman njupuk botol sing dikekno anake.

"Seger! Seger!" bengoke Diman pas digrujuki bapake.

Ora mung ngramasi anake, Diman sing kegerahen melu kramas.

"Wangi men, Pak," omonge Wiji pas anak bojone metu soko kamar mandi.

"Jelas," saure Diman karo ngece.

"Ambumu kok ngene koyok...," omonge Wiji maneh.

"Sampo anyar iki," Tomin nyauri.

"Samponan atek sing nang botol ijo?"

"Ho oh," saure Diman,

"Iku pel-pelan, guduk sampo. Mau plastike dingge dolenan Tomin trus dilebokno kono."

"Heh? Temenan?"

"Ho oh. Lha mosok gak kroso. Ambunen ta lah, iku lho wangine pel-pelan."

Diman sing lagek klamben ngendus-endus rambute. Diambu rambute anake sisan sing sik teles.

"Jeruk iki," omonge.

"Iyo, wangi jeruk pel-pelan. Sik anyar iku, Tomin mau njaluk plastike."

"Lah."

Tomin sing wis resik ora peduli bapak ibuke. Arek lanang iku joget-joget karo diklambeni emake.

"Lek rontok yok opo iki ngko rambute," omonge Wiji.

"Enggak, enak," saure Tomin.

"Lha lapo pel-pelan dilebokno botol sampo?"

"Yo iku mau anakmu nyusu-nyusu, lali gak tak tokno ko jeding."

"Wangi yo, Pak?"

Diman ora nyauri. Wong lanang iku nyawang anake sing seneng ae mari samponan atek pel-pelan. Ndelok anake seneng, Diman yo melu seneng.

"Ho oh, wangi," omonge Diman.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun