Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Gatel

20 November 2020   11:07 Diperbarui: 20 November 2020   11:12 340
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Koen lek gak kenek dikandani kate dadi opo, heh?"

Sing dijak omong meneng ae, ora nyauri.

"Gak isin ta awakmu dadi omongan uwong? Arek wedok kok gatel."

Sewengi wis ngomeli anake, isuk iki Lik Mah sing nerusno lek ngomel. Wong wedok iku mangkel ndelok anake sing sik mlungker turu. Dewi, anake, dudu ora krungu ning arek wedok iku milih nutup kupinge sak raine atek bantal. Sik ngantuk, males diomeli emake.

"Tangi!"

Mangkel anake ora tangi-tangi, Lik Mah mbengok maneh.

"Gak kemeng ta bengak-bengok?"

Dewi sing wis gedhek karo emake akhire nyauri.

"Lek dikandani wong tuwek mesti nyauri."

Ora disauri salah, disauri salah. Anak emak sing wis ora iso akur iku akhire mung bales-balesan omongan sing ora enak.

"Titenono mene, kurang ajar karo emake, kate dadi opo awakmu!"

Lek wis ngunu akhire metu omongan sing ora-ora. Wong nang omah wis biasa krungu. Tonggo-tonggo paling mung nginguk diluk. Lik Mah wis kerep dikandani, ojo ngomeli anak nganti nyumpahi. Jenenge arek dikandani apik-apik.

"Tontoken kae jam piro?"

Sak durunge ngalih, Lik Mah nerusno lek ngomeli anake. Masio sekolah soko omah, jam pitu anake kudu wis mulai absen.

"Yo sik."

Urip nang kampung, omah podho mepet, lek ora ngati-ngati omongan nang njero omah mesti tekan tonggo. Ning lek koyo Dewi karo emake iki wis sego jangan ben dino. Tonggone wis apal.

"Lek gatel kan iso diobati ya, Mak?"

Tomin sing isuk iki mau melu krungu Lik Mah nyeneni Dewi mergo sepedaan mulih-mulih nakok nang emake.

"Yo iso. Apane sing gatel?" takone Wiji sing lagi nyambel.

"Embuh. Mbak Dewi kae gatel."

"Mbak Dewi sopo?" takone Wiji.

"Mbak Dewi Lik Mah," saure Tomin karo sepedaan ngubengi pawon.

Wiji mandeg lek ngulek sambel. Wong wedok iku nyawang anake karo mikir. Ora suwi ndeweke mung gedhek.

"Isuk-isuk ojo nonggo," omonge nang anake.

"Gak, aku sepedaan kok." saure Tomin.

"Yo sepedaan nang omah kae."

"Ngko mbok seneni, nabrak."

"Yo nang ngarepan maksude, opo mburi."

Tomin ora nyauri maneh. Arek lanang iku ngepot-ngepot atek sepeda cilike.

"Arek wedok gak oleh gatel, Mak?"

Wiji ambekan rodo dowo. Batine embuh anake krungu opo ae. Salahe isuk-isuk repot ngurus omah, ora ngerto anake wis sepedaan tekan ngendi-ngendi.

"Yo diobati. Lanang wedok lek gatel yo gak enak. Kukur-kukur ae gak iso sekolah, gak iso turu."

"Diobati opo, Mak? Wedak?"

"Wedok yo iso, salep yo kenek."

"Gak disuntik, Mak?"

"Yo lek gak mari-mari yo disuntikno."

"Aku gak gatel ya, Mak."

"Gak, sregep adus kok."

"Bapak gatel, Mak?"

Jenenge arek cilik, lek takon dowone ngalahi sepur.

"Gak no."

Diman sing wis tangi turu langsung nyauri. Wiji nyawang bojone. Wong lanang iku lagi ngolet karo ngoleki anduk, kate adus.

"Adus yuk, cek gak gatel," ajake Diman nang anake.

"Sepedaan sik," suare Tomin.

"Kaet mau wis sepedaan. Adus sik ngko gek maem trus sepedaan maneh."

Tomin nyawang emake. Sing disawang meneng ae. Tomin mudun soko sepedae. Arek lanang iku melu bapake nang kamar mandi, adus.

Salah siji tantangane ngopeni anak, kudu pinter. Opo maneh arek saiki, opo ae ditakokno. Lek emak bapake ora pinter, repot. Ora mung bab sekolahan, bab-bab koyo carane srawung karo uwong. Opo sing oleh, opo sing ora. Opo sing apik, opo sing ora. Opo sing wis wayahe diomongno, opo sing sik durung tekan umure dingerteni arek cilik. Kabeh kudu dipikirno wong tuwo sing wis nduwe anak.

"Emak pas sekolah gatel, Pak?"

Tomin sik ae nakokno bab gatel. Arek cilik iku sik penasaran.

"Gatel gak yo, Pak e gak sekolah bareng."

"Gak ngerti?"

"Gak."

"Tapi Mak e wangi, gak gatel pasti."

"Ho oh."

Mari adus, Tomin karo Diman metu andukan. Diman bablas nang kamare, kate klamben. Tomin mampir nyedeki emake sing sik masak.

"Lah, kono klamben sik."

"Lek sekolah oleh meteng, Mak?"

Wiji kaget krungo pitakone anake. Wong wedok iku meneng ae, ora iso nyauri. Diman sing mau wis mlebu kamar, metu maneh.

"Yo gak oleh, repot ngko. Ayo klamben."

Diman nggendong anake. Wong lanang iku nyawang bojone sing sik kaget ditakoni.

"Cabutan ki opo, Pak?"

Lek mau Wiji sing kaget, saiki ganti Diman. Wong lanang iku ora ngiro lek anake bakal nakok koyo ngunu.

"Heh, opo iku?" Diman epok-epok ora ngerti.

"Jare Lik Mah, Mbak Dewi arek cabutan."

Diman ngukuri gundule, bingung kate nyauri.

"Opo yo?" Diman sing epok-epok.

"Cabutan ki nakal, ngunu ae gak ngerti."

Tomin sing tibake ngerti malah ngandani bapake. Arek lanang iku wis krungu akeh pas sepedaan mau.  Ora mung omongane Lik Mah nang anake, ning omongane tonggone sing ngrasani Lik Mah karo Dewi.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun