Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Ndangdutan

18 November 2020   08:15 Diperbarui: 18 November 2020   08:26 263
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Yak, ini dia artis kita dari ibu kota!"

Neli sing kaet metu soko omahe kaget, nganti meh njumbul. Arek wedok sing wis ayu, ketok kate mlaku-mlaku iku mendelik nang wong-wong sing podho ngguyu.

"Heh, lapo?" takone Neli, nesu.

Arek wedok iku ora mung kaget ning yo nesu. Wong-wong lanang sing lagek nongkrong nang pos kampling ngarep omahe Neli ngomentari klambine. Isin, Neli akhire nesu. Arek wedok sing meh sak jam luwih nang ngarep koco, macak, iku malih dadi ora pede.

"Kate syuting ta?" takone salah siji lanangan sing lagek nongkrong.

"Ho oh," saure Neli nyenthe.

Neli ndang mlaku ngalih. Masio atine mbedodok arek wedok iku mung iso misuh-misuh nang njero ati. Kate nanggepi males. Karo mlaku Neli nyawang dandanane. Rok dowo putih tipis rodo mekrok, njerone didobeli legging ireng. Nduwurane kaos putih ono gambar gambar kembang nang tengah dada. Biasa ae, batine Neli. Ora aneh.

"Mbak Neli."

"Woi, Min. Kate nang ndi?"

Neli sing lagek mlaku kate nyegat angkot ketemu Tomin sing sepedaan.

"Sepedaan," saure Tomin.

"Ojo adoh-adoh, digoleki makmu ngko."

"Gak. Kene thok."

"Eh, Min. Mandeg sik."

Neli sing sik penasaran karo dandanane sing dikomentari wong-wong nang siskamling pingin nakok nang Tomin. Arek cilik, ora ngapusi, pikire.

"Aku ayu gak?" takone Neli.

Tomin nyawang arek wedok kelas 10 iku.

"Ayu," saure Tomin.

Neli mesem. Arek wedok iku seneng. Atine sing mau mbedodok malih rodo lego. Awan iki dheweke janjian karo koncone, kate ngemal. Ketemuan langsung nang mal jam 12, Neli kaet mau bengi wis umek milihi klambi. Ketemu konco ora mung ngobrol, ning mesti foto-foto trus dipajang nang Instagram.

"Suwun," omonge Neli karo sik mesem.

Arek wedok iku nerusno lek mlaku, golek angkot.

"Ayu koyok artis!"

Masio wis rodo adoh, mergo Tomin yo mbengok, Neli sik krungu omongane. Ayune ora masalah, Neli seneng. Ning diomong koyo artis, Neli malih kepikiran omongan wong-wong nang siskamling mau. Opo klambine aneh.

"Kate nang ndi?"

Diman sing ndelok bojone nggawe klambi apik langsung takok.

"Gak nang ndi nang ndi," saure Wiji.

"Kok macak?"

"Macak opo, wedakan ae gak."

Diman nyawang bojone. Bener, bojone iku ora wedakan. Disawang maneh bojone. Ora ono sing aneh ning ketok bedo.

"Iki klambi lawas, suwi gak tak gawe."

Diman manthuk. Bener. Klambi sing digawe bojone ora asing, Diman wis tahu ngerti ning lali kapan. Biasane ndelok bojone dasteran, klamben nggenah lek kate lungo, Diman rodo pangling.

"Ngesiri ta, nyawang ae."

"Malese, bojone uwong."

"Mosok bojone uwong, guduk bojone bedes?"

"Woo, yo awakmu iku bedes sisan."

"Oh iyo, Pak. Iku mau oleh surat ko Pak RT, undangan."

Wiji njuding kertas putih nang nduwur mejo. Awan mau Pak RT moro ngeterno undangan.

"Kon ronda maneh?"

"Iyo ketoke. Jare wingi kampung sebelah rame."

"Heh? Onok opo?"

"Maling sepeda."

"Musim ngene ki. Golek duwit angel, sepeda larang."

Diman mung manthuk. Wingi wis dadi obrolan lek nang kampunge, khususe RT-ne, kate mulai maneh ronda. Sak durunge dijadwalno, Pak RT ngundang wargane dingge mbahas.

"Gek adus, Pak. Ngko telat."

"Ho oh."

Mari adus, mangan, Diman siap-siap nang omahe Pak RT. Durung oleh kumpul-kumpul, nang omahe Pak RT wong-wong lungguh adoh-adohan. Disepakati lek ronda dianakno maneh. Ben bengi digilir sing jogo loro utowo telu wong ae.

Ora nganti bengi mergo durung oleh kumpul-kumpul suwi, wong-wong wis siap bubar jam wolu. Siskamling sing digawe nang ngarep omahe Neli, sing biasa dingge nongkrong. Sakjane masio ora ono ronda, siskamling kono nyasat ora tau sepi. Ning mergo kahanan sing dianggap ora aman, kudu ono jadwal lan warga sing giliran ronda.

Malem minggu jatahe Diman ronda karo Pi'I. Masio jatahe wong loro ning sing nang siskamling ono wong limo. Deni, Arif karo Jatmiko melu nongkrong nang siskamling. Njogo kampung dadi ora ngantuk.

"Ngko yo atek mubeng, Mas?" takone Deni.

"Yo diluk. Ngko ae jam rolasan munggah."

"Iyo. Sik yahmene, jam sepuluh ae gurung onok. Malinge yo wedi, sik rame ngene," saure Arif.

Radio, kartu, gorengan wis siap nang siskamling, sumbangan warga.

"Woh, iki menungso opo setan?"

Arif sing mau umek mangan gorengan moro-moro mbengok. Wong-wong liyane nang siskamling kaget.

"Setan?" takone Deni.

"Iku."

Arif njuding wong sing lagek mlaku nyedek siskamling.

"Haish sampeyan iki, Mas, jelas menungso ngunu lho. Sik, Lik Mah kan itu," omonge Deni.

Diman karo wong lanang liyane melu clingukan. Bener, wong wedok sing lagek mlaku iku Lik Mah. Pas wis nang ngarep siskamling Lik Mah nyopo wong-wong sing ronda.

"Mulih ndangdutan ta, Lik?" takone Arif.

"Ndangdutan matamu picek!"

Lik Mah langsung nesu krungu omongane Arif. Ora mandeg, Lik Mah bablas mulih. Diman mung gedhek-gedhek karo kelakuane Arif. Wong-wong lanang liyo ngempet ngguyu.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun