Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Cinta

8 November 2020   08:30 Diperbarui: 8 November 2020   08:34 168
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Rangga jancuk!"

Suwarane Wiji sing banter nggarai Diman sing lagek nyruput wedang kopine langsung nyembur.

"Astaghfirullah," omonge Diman karo ngelap lambene sing teles kopi.

"Matane...matane..."

Wiji sik ae misuh-misuh. Wong wedok iku ketok mangkel. Anake, Tomin, ora ketok.

"Sadar, Mak. Istighfar."

"Delok iki, teles kaosku mergo kaget," omonge Diman maneh.

Bojone, Wiji, sik ae ora nggambres. Wong wedok iku sik mentelengi tipi. Wingi sore Wiji nyelang DVD AADC 2 ta'ane tanggane.

"Nontok pilem kok misuh-misuh, dibujuki ae," Diman sik ae komentar.

"Meneng," omonge Wiji nang bojone.

"Lek aku ngunu yo males," Wiji ngomel dhewe.

"Aku yo males. Timbang nontok pilem trus misuh ngunu mending nontok bal," omonge Diman.

"Bah," saure Wiji.

Jenenge Wiji jaman sik prawan seneng pol karo sing jenenge Dian Sastro, sing dadi Cinta nang pilem AADC. Ayu, pinter, sugih, lengkap. Mbareng ngerti ono lanjutan pileme trus wis metu bajakane, Wiji langsung golek. Ndilalah tanggane ono sing nduwe, ora usah tuku garek nyelang. Masio ta gambare elek, burek, ning wong wedok iku wis marem.

Anake dicekel morotuwone. Bojone dijarno ngopi dhewe. Wong wedok iku asik nang ngarep tipi.

"Aku lek dadi Cinta ngunu gak sudi balik karo Rangga. Cek enake ninggal gladak kok moro njaluk balen," Wiji sik ngomel karepe dhewe.

"Woo yo lek awakmu dadi Cinta buyar pileme. Cinta ki priyayi, mangane diatur. Gak nguras magic com lek mangan," saure Diman.

"Bahno."

Masio matane ora ngalih soko nyawang tipi, Wiji sik nyauri bojone.

"Ngganteng ning ngapleki yo dingge opo. Sak karepe dhewe. Malesi!"

"Awakmu ki lapo? Nontok pilem ngomel ae. Lek gak seneng dipateni. Kene tak ngge nontok bal ae."

"Gah, kurang sithik."

Wiji nerusno lek nontok pilem. Diman lungguh nang mburine karo rokokan. Ndelok bojone misuh-misuh dhewe, wong lanang iku mung gedheg-gedheg.

"Biyen ae dipuja-puja saiki dipisuhi," omonge Diman.

"Sopo?"

"Yo iku, sing mbok tontok."

"Lha saiki mangkelno kok."

"Tapi kan pancet sik ganteng."

"Yo ganteng, tapi kan mbencekno mari ngilang trus mbalik sak enake udele. Padahal Cinta wes katene rabi. Wingi-wingi lapo ae?"

"Umbah-umbah be'e."

"Yo gak iso koyok ngunu iku. Mari nglarani ati kok mung..."

"Njaluk sepuro? Lha trus kon lapo maneh? Nyembah? Opo kudu nangis-nangis sik di bawah hujan?"

"Embuh. Pokok lek aku dadi Cinta aku wegah..."

"Lha wong Cintane gelem kok. Lha iku sing nyipok dhisikan yo sopo?"

"Meneng!"

"Lek sik mangkel brarti gurung iso nglalekno. Ho oh kan?"

"Sopo?"

"Bakul gedang," saure Diman ngawur. "Makane biyen milih aku, ning asline kono sing dipikiri?"

"Embuh!"

Mangkel dikomentari bojone terus, Wiji mrenggut. Wong wedok iku sik ora trimo.

 

Dari jendela kau melihat bintang-bintang tanggal

Satu demi satu berulang mengucap selamat tinggal

Kadang kau pikir lebih mudah mencintai semua orang daripada melupakan satu orang

Jika ada seorang terlanjur menyentuh inti jantungmu

Mereka yang datang kemudian hanya menyentuh kemungkinan

 

"Yoh disetel terus, dirungokno terus," sindire Diman nang bojone sing sik ae nyeteli lagu-lagu soundtrack AADC 2.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun