Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Tas Anyar

29 Oktober 2020   12:19 Diperbarui: 29 Oktober 2020   12:28 435
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Pensilku ndi, Mak?"

"Ndok tepak."

"Tepakku ndi?"

"Yo ndok njero tas."

"Tasku ndi?"

Wiji ambegan dowo. Wong wedok iku kesel nyauri anake. Rong ndino maneh Tomin mlebu sekolah, Taman Kanak-Kanak. Lek wingi-wingi umek njaluk ditukokno peralatan sekolah, bengi iki Tomin umek nggoleki perkakas sekolahe.

"Eh iki hihihi..." Tomin cengengesan eling tas e nang sandinge.

"Ojo mbok ngge dolenan ae, mene malah lali gak kegowo sekolah," omonge Wiji nang anake.

"Sepatu gak tumbas, Mas?"

"Lha lapo, sik onok kok."

"Gak anyar."

"Yo gak kudu anyar, sing penting sik iso digawe, resik."

Tomin mrengut. Arek lanang iku pingin sepatune melu anyar koyok pensil karo buku-bukune.

"Tas gak anyar?"

"Sik apik ngene kok," saure Wiji maneh.

"Cilik iki, Mak."

"Cukup."

Ora iso ngrayu emake, Tomin nyedeki bapake sing lagi ngenakno ngombe kopi karo rokokan. Wong lanang iku bukane ora krungu omongane anak bojone, ning epok-epok ora ngerti.

"Pak e..." celuke Tomin karo lungguh nyanding bapake.

"Wis sinau?"

"Gak sinau."

"Woo...lha yok opo kok gak sinau. Mene ditakoni Bu Guru gak iso nyauri."

"Ditakoni opo?"

Ditakoni anake, Diman bingung nyauri. Wong lanang iku mikir sediluk.

"Siji tambah siji?"

Ora nyauri, Tomin nduduhno drijine, loro. Diman manthuk-manthuk.

"Lagu Ind..."

"Nyuwun tas, Pak."

Durung nganti Diman nakoni anake, wis kedhisikan. Wong lanang iku meneng karo nyawang anake. Disawang anake sing rupane ketok polos, Diman bingung dhewe.

"Hahahahaha..."

Ora nyauri, Diman malah ngguyu jegagakan. Masio bapake ngguyu banter, Tomin ora melu-melu. Arek lanang iku pancet meneng karo nyawangi bapake.

"Anu...nyuwun Mak e."

Bingung ora iso nyauri, Diman akhire ngongkon anake nang emake. Wong lanang iku nyawang bojone sing lagi nonton tipi. Alise diangkat, ngode bojone.

"Tumbas tas."

Lek mau Tomin ngomonge sik alon, saiki wis mulai banter. Wiji ngadeg, marani anake.

"Trus iku tas e kate dingge opo?" takone nang anake.

Tomin ora nyauri, arek lanang iku mung mecucu.

"Tas e lho sik apik."

"Gak onok robote."

"Tas kok onok robote, lha kate sekolah opo dolenan?"

Lek wis ngene, Diman milih meneng ae. Dipasrahno nang bojone urusane anake sing njaluk-njaluk.

"Sekolah."

Tomin nyauri Emak e lirih, mergo wis kate nangis. Arek lanang iku rodok wedi karo emake, ning yo pingin ganti tas. Dheweke wingi dipameri Doni, kancane, sing tas e anyar ono robot-robote.

"Tas dingge sekolah, robot dingge dolenan ndok omah. Robotmu kan sik akeh," omonge Wiji maneh.

"Doni tas e onok robote," Tomin nyauri karo membik-membik.

Ndelok anake, Diman ora tego ning wong lanang iku milih meneng. Urusan ngene iki dheweke manut bojone. Lek ngko diiyani tuku tas yo dheweke melu, ora yo kudu melu masio rodok mesakno anake.

"Lha opo gak diseneni Bu Guru nggowo robot ndok sekolahan?"

Tomin meneng. Luh e netes siji nang pipine. Wiji nyawang anake lanang iku.

"Iki tas e Tayo, apik. Wis diumbah wingi, wangi," omonge Wiji karo nduduhno tas e Tomin.

Wiji nyandak anake, dipangku arek sing mene kate munggah TK B iku. Pipine sing kenek luh diusapi atek pucuk dastere. Tomin sing mau mung mbrebes selot banter nangise ning ora ngetokno suwara. Arek lanang iku ngrangkul emake.

"Maem ya?"

Tomin ora nyauri.

"Pak, tumbas sate yuk."

Diman sing kaet mau mung nyawang anak bojone iku glagepan.

"A...ayo," saure karo ndang ngadeg nggoleki kunci sepeda motore.

Ora nunggu anake nyauri gelem opo ora, Wiji ngendong anake iku trus nyingklak nang mburi sepeda motor. Wong telu iku saiki budal nang pasar, tuku sate.

"Wouh, wis ganteng."

Senin isuk, Tomin wis siap seragaman. Arek lanang iku yo mari sarapan karo emake. Wedake rodok merok-merok mergo kesapu tangane.

"Topine digawe," bengoke Wiji soko njero omah.

Diman wis siap nang nduwur sepeda motor. Masio ta omahe karo sekolahane anake ora adoh, ning wong lanang iku kate ngeterno anake sisan budal kerjo. Diman ngewangi anake munggah nang sepeda motor. Wiji sing mlaku nang mburine masangno topi.

"Budal, Mak," pamite Diman.

"Sekolah, Mak," pamite Tomin.

Nang TK Sukar Waras arek-arek wis rame. Diman markir sepeda motore. Wong lanang iku ora langsung ngalih, ning melu ngeterno mlebu.

"Sinau sing temenan lho ya," omonge nang anake.

Tomin manthuk.

"Ngko ngenteni dipapak Mak."

"Ho oh."

Tomin isuk iki ketok seneng. Peralatan sekolahe wis lengkap kabeh.

"Min!"

Doni, kancane sekolah, mbengok nyeluk Tomin. Arek lanang iku mlayu marani Tomin sing lagi dikandani bapake.

"Onok truk e, apikmen!"

Doni nyekeli tas e Tomin sing dicangklong nang pundake.

"Apik no," omonge Tomin karo ngguya-ngguyu, seneng.

"Wis gek baris kono," omonge Diman nang anake karo anake tanggane iku.

Tomin nggandeng tangane Doni. Arek lanang loro iku mlaku gandengan tangan marani guru-gurune. Diman nyawang anake karo mesem. Bojone ancen pinter. Wingi mari anake nangis njaluk tas dijak tuku sate langsung gelem meneng. Ora mung dijak mangan sate, Wiji ngresiki truk plastik anake sing wis jarang digawe trus digantung nang tas'e Tomin, dijahit.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun