Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Grup WA

29 Oktober 2020   08:10 Diperbarui: 29 Oktober 2020   08:43 337
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Pak, nyelang HP-ne."

"Sik, lagi onok orderan."

"Orderan opo, mbok ngge nontok yutub ngunu."

Diman cengengesan.

"Entek embuh kuotamu ngko. Diluk ae."

Diman sing lagi nonton siaran bal-balan saka henpone akhire ngalah. Henpone diwehno bojone.

"Ojo dingge blonjo online."

"Gak. Mosok tau aku."

"Gak tau? Yakin? Wingi kae awakmu nontoki beha, lali?"

"Nontok modele thok, gak tuku yo."

"Modele opo, beha lak yo kabeh ngunu bentukane. Kate model opo maneh."

Wiji nyebek. Wong iku nyekeli henpon karo ndelok kertas sing dicekel nang tangan kiwone.

"Masang nomer ta?"

Wiji sing lungguh sanding bojone iku ora nyauri. Wong wedok iku pancet umek menceti henpon. Diman sing penasaran nglirik kertas sing dicekel bojone.

"Nomere sopo iku sakmunu akehe?"

"Orang tua murid," saure Wijii.

"Dingge opo?"

"Yo disimpen."

"Nomere mak-mak e koncone Tomin?"

Wiji meneng, mung gundule manthuk. Nang sekolahane Tomin, pas mapak anake, Wiji ketemu wong tua murid TK sing nunggo anak-anake sekolah. Wong tua sing akeh-akeh wedok iku sepakat gawe grup WA. Wiji sing henpone dadi siji karo bojone, ora digowo pas mapak anake, akhire nyatet nang kertas.

"Onok sing ayu gak?"

"Apane?"

"Mak e koncone Tomin."

Wiji ora nyauri.

"Sing rondo onok?"

"Gak usah aneh-aneh," saure Wiji.

"Wong takok kok, sopo ngerti ngko iso nggolekno jodo."

"Nggolekno jodo opo kate mbok pek dhewe?"

"Oleh?"

Wiji menteleng. Diman cengengesan.

"Wis ah, kene tak nerusno diluk ae."

Diman njaluk henpone. Mari mangan awan, enake leyeh-leyeh karo nonton bal-balan nang henpon. Mau bengi wong lanang iku keturon dadi ketinggalan pas main nang tipi.

"Gambare ojo diganti, Pak, cek raine Tomin ae."

"Woo yo gak iso, iki kan guduk HP-ne Tomin. Tak pasang raiku sing ganteng."

Karo ngadeg Wiji ngelungno tinju nang bojone.

"Sopo iku, Pak?"

Bengi wayahe turu, Wiji sing lagek nebahi kasur nakok nang bojone sing lagi nyekel HP.

"Sopo opo?"

"Iku, HP-ne muni."

"Uwong."

"Yo uwong sopo?"

"Rahasia."

Mangkel karo saurane bojone, Wiji mbanteri lek nebahi kasur nggarai bojone sing lungguh pinggir kasur kaget.

"Woo..."

Ora mung pas kate turu, pas wis gletakan Wiji sing penasaran karo WA nang HP ketok sik umek. Anake wis merem. Bojone sing ketoke wis merem tibake durung turu.

"Wis yahmene," omonge Diman nang bojone.

"Yo sik," saure Wiji.

"Gek ngomongno opo yahmene, wayahe turu. Ojo ngganggu wong istirahat."

"Yo sampeyan turuo, garek merem ae. Aku lho meneng ae."

"Guduk aku, iku sing nang henpon lak yo butuh turu."

Wiji ora nyauri. Sakjone mlebu grup WA wong tua murid TK Sukar Waras Wiji sing biasane ora patio kerep nyekel HP malih diluk-diluk nggoleki HP. Jenenge grup, wong akeh, ono ae sing diomongno. Kadang mbahas anake dhewe-dhewe, pamer panganan, pamer lek lagi dolan, ora jarang yo mung ngirim informasi ora jelas sumbere. Sing penting dikirim, dibagi nang konco-koncone. Durung kadang ngirim video, mbuh viceo kecelakaan, video gunung mbledos, video lucu, video saru sampek video rupane dhewe-dhewe.

Masio jarang nyauri ning Wiji terus ndeloki. HP-ne sing biasane digowo kerjo bojone diinguki bolak-balik.

"Awakmu ki lapo?"

"Nontok diluk ae, Pak."

Diman sing lagi mangan, HP-ne diteleh nang sak clonone digrayahi bojone.

"Keri."

"Yo njupukno makane, diluk ae lho."

Diman ngrogoh sak e, HP ditokno, dikekno bojone. Wong lanang iku nglirik bojone sing umek karo HP.

"Oleh opo?"

"Apane?"

"Iku mentelengi HP, wis oleh opo?"

Wiji ora nyauri.

"Mbok mending nontok bokep kae, blajar."

"Blajar opo?" protese Wiji.

"Blajar nyetir," saute Diman.

"Bek iku memorine, isine poto-poto karo video gak jelas. Ngunu iku dingge opo?"

"Sampeyan yo seneng nyimpen video ngunu."

"Lha kan berguna."

"Berguna opo video koyok ngunu."

"Berguna dingge awakmu, berguna dingge kehidupan rumah tangga yang senantiasa hangat membara..."

"Mbelgedes," saure Wiji karo mbalekno HP-ne nang bojone.

Jam 10 wayahe anake mulih sekolah, Wiji sing ora iso mapak mergo lagi ngewangi tanggane sing kate kawinan njaluk tulung tanggane. Ora suwi anake mulih karo tanggane, nangis.

"Lapo mulih sekolah kok nangis? Emake lagi ngewangi masak iki," omonge Wiji nang anake sing langsung njaluk gendong.

"Embuh, Mbak, tak takoni gak nyauri. Kaet aku teko sekolahan wis nangis ngunu areke."

"Lapo?" takone Wiji nang anake

"Klambine salah," saure Tomin karo sik nangis.

"Klambi opo?"

"Klambi iki huhuhu..." omonge Tomin karo nyekel seragam sekolahe.

"Oalah, iyo, Mbak. Iku mau klambine Tomin ora podo karo liyane," tanggane sing mau mapak Tomin nyaut.

"Loh iki mau dino opo? Bener kok."

"Salah!" Tomin mbengok karo nangis.

Nang omah pas wis mulih, Wiji ndelok HP-ne. Diwoco WA nang grup wong tua murid. Ono fotone Tomin dikirim karo salah siji wong tua koncone. Tomin lagi nangis mergo klambine ora podo kancane. Ora mung video, wong nang grup rame ngguyu karo komentar. Tibake Wiji lali, wong wedok iku mergo kesusu dijaluki tulung tanggane kliru nggawekno seragam.

"Ngerti ngunu kok gak mbok kandani, Pak," omonge Wiji nang bojone pas wis mulih.

"Dikandani apane? Wong aku yo kaet ae ngerti pas kate mulih mau."

Wiji nyebek. Wong wedok iku gelo kok kanca-kancane ora ngandani nang dheweke ning malah mideo karo moto anake sing nangis trus dilebokno nang grup karo dilebokno pesbuk. Masio yo ancen lucu, salahe Wiji dhewe yoan, ning wong wedok iku yo mesakno anake.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun