Mohon tunggu...
maryono girisubo
maryono girisubo Mohon Tunggu... Guru

Menulis, berargumen

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Dumadining Desa Petir

1 Desember 2023   13:30 Diperbarui: 1 Desember 2023   13:33 222
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Pendidikan. Sumber ilustrasi: PEXELS/McElspeth

ATUR SAPALA

       Puji syukur kita kunjukaken dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring berkah lan anugerah dumateng Panyerat mila saget ngrampitaken panyeratan buku sejarah adeging desa Petir kanthi lancar.

Ing titi wanci menika panyerat kanthi andaping manah ngaturaken pamaturnuwun dumateng bapak ibu ingkang sampun paring pambiantu, ingkang mboten kulo sebat asmane setunggal setunggal.

       Buku meniko kasusun adhedasar  sumber pangandikan  saking juru kunci ingkang asmo mbah Noto Sukamto. Isinipin buku meniko nyarioskan bab sejarahipun dusun Petir lan wontenipun  pengetan sadranan.

Poro penyusun ngrumaosi bilih buku meniko kathah kekiranganipun. Awit saking pitedah saha panyaruwe ingkang tumuju dhateng kasaenan saha sampurnaning buku puniko sanget ing pangantu-antu kulo.

       Mekaten atur sapala saking panyerat, mugi buku menika migunani tumrap masyarakat desa petir lan para werdha muda ingkang badhe nglajengaken wekdal sakmangke.

Panyerat ngakeni bilih buku menika kirang sampurna, mila nyuwun panyaruwe lan pamanggihipun murih buku menika sampurna.

Panyerat, Maryono, M.Pd

Bumi Petir

Mapan ing pagunungan, katon endah sinawang jejer-jejer karang pradesan dipun panggeni dening warga kanthi ayom ayem lan tansah sami manungkul manengku puja dhumateng Gustinipun.

Petir minangka perangan saking wewengkon Kabupaten Gunungkidul, Daerah Istimewa Yogyakarta, wiyaripun udakara 1.025.537 m2, kedadosan saking 13 padukuhan, 13 RW, lan 35 RT, mapan ing sisih kidul wetan Wonosari watawis 24 kilometer, kanthi warga cacah 3.824 jiwa, kepala somah 1.264, warga pawestri cacah 1.891 jiwa, lan 1.933 jiwa warga kakung.

Wewengkon punika sakcelaing seganten watawis 20 kilometer, kanthi 0-800 meter sanginggiling toya seganten. Warga Petir nindaken olah pakaryan kangge kacekapan gesangipun awit nggadhahi mangsa jawah dumugi 1.382 mm, kanthi wekdal jawah radin-radin 120 dinten, mangsa jawah 4-6 wulan, kawiwitan ing wulan Oktober-November.

Wondene mangsa ketigen watawis 6-7 wulan kawiwitan ing wulan April-Mei. Jawah ingkang ageng wonten ing wulan Desember-Februari. Suhu udara saben dintenipun watawis 27,7o C, suhu minimum 23,2oC lan suhu maksimum 32,4oC.

Tapel wates iring wetan kalihan Desa Semugih lan Desa Pringombo, iring kilen Desa Dadapayu Kecamatan Semanu, iring kidul Desa Botodayaan, lan iring ler Desa Pucanganom.

Nyengkal Petir

Miturut  cariyos, dumadosipun Padukuhan Petir, Desa Petir, Kecamatan Rongkop, Kabupaten Gunungkidul, Daerah Istimewa Yogyakarta, wujud pategalan ing mriku wontenipun namung taneman kajeng ingkang kathah lan dereng nate kasrambah dening manungsa, taksih wujud wana gung liwang-liwung, ingkang gawat kaliwat-liwat wingit kepati-pati.

Rikala semanten wonten piyantun kalih kakung putri lumebet wonten ing pategalan  ingkang nami Ki Kenthung lan Nyi Kenthung.

Ki Kenthung lan  Nyi Kenthung nggadhahi niat ndadosaken pategalan dados papan dunungipun. Pramila nggadhahi atur panyuwunan wonten ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos murih pategalan kasebat saget kangge papan dunungipun.

Amargi papan punika angker lan wingit, pramila nyuwun dhumateng Gusti  ingkang Maha Kuwaos, kanthi sarana nyawisaken sesaji dhumateng ingkang baureksa.

Saksampunipun nindaaken sesaji, Ki Kenthung lan Nyi Kenthung panyuwunipun lajeng kasembadan lan  kaleksanan mboyong kajeng ageng ingkang naminipun kajeng Petir, pramila papan punika katelah  Petir.

Prekawis punika wiwitan kangge mathok wates ing sisih ler wetan kekalihipun nanem kajeng wiyu ingkang mengku teges winahyu, saklejengipun nglampahi sesaji lan panyuwunan wonten ing pojok kidul wetan arupi kajeng jati kalian kukun ingkang mengku teges sejatine wali pikukuh, lajeng sambi ingkang mengku teges sembada wonten ing kidul kulon, lajeng kekalihipun tindak dateng pojok ler kilen nglajengaken panyuwunan sarana sesaji ingkang kaping sekawan nanem kajeng randu alas ingkang mangku teges rinengga.

Saking sekawan pojok katanem kajeng sambi, randu alas, wiyu, jati kalihan kukun mangku teges bilih sakmangke pategalan ingkang kadadosaken papan panggesangan menika kaajab samangkeh sembada, rinengga, sejatine wali pikukuh.

Saksampunipun ritualipun Ki Kenthung Nyi Kenthung sampun rampung pategalan puniko sampun kawastanan papan pagesangan/dusun/padukahan dipun paringi asmo dusun Petir awit ing mriku kathahipun kajeng ingkang langkung ageng sinebat kajeng Petir. Ritual saha pangandikanipun ki Kenthung Nyi Kenthung dipun lampahi wonten ing Senin Pahing milo kedadosanipun padukuhan petir wonten ing dinten kasebat. Sahinggo dumugine wekdal sak puniko dipun pengeti madekipun padukuhan petir ingkang kawastanan bersih dusun utawi rasul. Pengetan puniko dipun pengeti setahun sepindah kanthi etangan jawi mawi etangan pawukon wukir, wari gajan lan merakih.

Lampahipun pengetan wekdal semanten Ki Kenthung Nyi Kenthung dipun lampahi ritual ngagem sesaji ingkang mawarni-warni. Ingkang kapanggenaken wonten ing panggenan kawastanan pasren. Milo Ki Khentung Nyi Kenthung kejawi kasebat nenek moyang masyarakat Petir ugi kawastanan pamengku adat/juru kunci. Ki Kenthung Nyi kenthung pagesangan saben dintenipun olah tetanen piyambakipun anggadahi pategalan wonten ing wono bulak pakel, taneman ingkan dipun tanem Ki Kenthung Nyi Kenthung boten benten kaliyang ingkang katanem olahing tetanen wekdal sakpuniko. Wonten ing pategalan niku sedoyo taneman ingkang dipun tanem saget anyekapi kabetahanipun gesang Ki Kenthung Nyi Kenthung dalasan keluarga. Nuju satunggaling mangsa tanem Ki Kenthung Nyi Kenthung lan keluarganipun olah tetanem malih wonten ing pategalan ingkang sami saget tuah tetaneman ingkang sae, subur, lan ijem namung dumugi wancinipun taneman badhe medal wohipun boten wonten jawah sakwetawis wekdal sahingga taneman sami garing. 

Nalikanipun Ki kenthung Nyi Kenthung mangertosi sedoyo taneman sami garing, piyambakipun kuwatos bilih sakmangkenipun sedoyo kabetahan keluarganipun boten badhe kacekapan. Ki Kenthung kundur saking pategalan. Raos kuatosipun Ki Kenthung bilih sakmangke boten panen tansah anyarengi lumampahing wekdal. Milo nuju ing dinten malem kemis kliwon bakdo wiso (kirang langkung jam 8 dalu) Ki Kenthung medal saking dalem atur panyuwunan wonten ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos wonten ing ngajenganipun nggriyo, majeng ngaler ngilen prikso comloroting cahyo kalih ingkang agengipun sak glego-glego (sak glugu-glugu) ingkang cemloroting cahyo wau nyundul ngawiat, pitakening Ki kenthung : "Cahyo punapa puniko?". Ki Kenthung lajeng mlebet wonten ing dalem malih. Ing enjangipun kados padatan Ki Kenthung tindak pategalan wonten ing sak kiwo tengenipun mergi mangertos sedoyo taneman sami garing, sak sampunipun dumugi pategalanipun wonten ing pategalan bulak pakel ing sisih kidul wetan wonten sak tunggaling gubug alit ingkang pinayungan mawi dug. Ki Kenthung anyaketi gubug kasebat kanthi tuah pitakenan : 

"Sopo sejatine sing gawe gubug iki?" saklebeting gubug mriku wonten undhukan siti sak kiwo tengenipun wonten wujud gedubang wurung. Saksampunipun nyaketi gubug kasebat Ki Kenthung niti prikso tanemanipun sedoyo sami garing, lajeng antawis jam songo enjang kawastanan panas gumatel Ki Kenthung keraos kebenteren Ki Kenthung wangsul dateng pojok kidul wetaning gubug wau ngeyup wonten ing sak ngandaping kajeng pategalan Ki Kenthung lelenggahan wonten ing mriku, sesambatipun Ki Kenthung "Suk arep mangan apa tanduran garing kabeh?". Sesambatipun Ki Kenthung ingkang kados mekaten ing wekdal niku ugi kados wonten ingkang paring pangandika mekaten : "Ee, ee ee sesambatmu kok koyo sendaren kepipit, mengko to mengko."

 Sak kedepin netro Ki Kenthung wonten ing saklebeting lelenggahan kados nyare byar ing mriku taneman ketawis gantos warno ketingal ijem lan rempuyung. Pangandikanipun Ki Kenthung : "Oo yen ngono gubug kaaran petilasan Kyai Jobeh Nyai Jobeh amargo tanduran kang garing dumadaan dadi ijo kabeh tanpo ana udan sak durunge." Milo pangandikanipun Ki Kenthung ngendikaaken kedadosan puniko tansah dipun prengeti pendak taun sepindah ing nlikanipun minongko kanggo tengoro taneman ingkang kawastanan gudhe jero sampun wanci dipun panen.

margi kangge prengeten kedadosan puniko kadang wargo ing padukuhan Petir ngedalaken kawastana wetonan setunggal giling sekul dipun jangkepi mawi lawuh bungko gudhe sak gendhok (kalih bungkus) amargi wonten ing ngajeng wonten pangandikan "mengko to mengko" pinongko imbal sesambatipun Ki Kenthung. Kedadosan wonten ing papan petilasan puniko pinongko panggenan kagem atur panyuwunan kaaturaken wonten ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang gampil kasebadan (ijabah) amargi ing mriki ketingal kedadosan mapinten-pinten keajaibanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Milo ngantos dumugi wekdal puniko prengetan tansah dipun lampahi. Prengetan petilasan Kyai Jobeh Nyai Jobeh boten saget dipun pisah-pisahaken kaliyan prengetan bersih dusun Petir/Rasul.

Sesaji soho panyuwununanipun Ki Kenthung lan Nyi Kenthung dipun lampahi wonten ing dinten Senin Pahing. Pramila dinten Senin Pahing minangka dumadosipun Desa Petir. Dumugi wekdal punika dipun pengeti pinanka madegipun Padukuhan Petir ingkang kawastanan bersih dusun utawi rasul. Pengetan punika dipun pengeti setahun sepisan kanthi  pawukon Wukir, Warigalit lan Marekeh.

Tradisi ingkang katindaaken wekdal semanten dening Ki Kenthung Nyi Kenthung inggih punika Nyadran Bah Jobeh dipun lampahi kanthi sesaji lan panyuwunan ngagem sesaji ingkang mawarni-warni. Ingkang kapapanaken wonten ing pasren.

Mila Ki Kenthung lan Nyi Kenthung kasebat kaki nini warga Petir. Ki Kenthung minangka pamengku adat utawi juru kunci ingkang sepisanan. Ki Kenthung lan  Nyi kenthung panggesangan saben dintenipun olah tetanen. Piyambakipun anggadhahi pategalan wonten ing Bulak Pakel, taneman ingkang dipun tanem Ki Kenthung lan Nyi Kenthung mboten benten  kalihan ingkang katanem olahing tetanen wekdal sakpunika.

Wonten ing pategalan ngriku sedaya taneman ingkang dipun tanem saget nyekapi kabetahan kulawarga. Dene toya ingkang dipun ginaaken kagem kabetahanipun saking sumur  ingkang mapan ing Bulak  Jlumbang.

Kedadosan wonten ing papan petilasan punika kangge panggenan kagem atur panyuwunan dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos, supados kasembadan  amargi ing mriki ketingal kedadosan mapinten-pinten keajaibanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos.

Pramila ngantos dumugi wekdal punika pengetan tansah dipun lampahi. Pengetan petilasan Bah Jobeh boten saget dipun pisahaken kalihan pengetan bersih dusun Petir ingkang kasebat Rasul taksih dipun lestantunakan dumugi sapunika.

Wonten ing Dusun Petir ki Kenthung lan Nyi Kenthung kagungan putra wayah ingkang nglajengaken dados pamengku adat utawi juru kunci ingkang urut-urutanipun inggih punika Ki Kenthung, Ki Kendhil, Ki Besar, Ki Malanggati, Ki Tinolo, Ki Irononggo I, Ki Goto, Ki Troniti, Ki Irononggo II, Ki Ironoyo, Ki Irontiko, Ki Somejo. Dene juru kunci ingkang kaping tiga welas Ki Nata Sukamto.

Ki Noto Sukamto  dados juru kunci wiwit peprintahanipun Lurah Ki Citrodihardjo (1960), Ki Syamsiran (1989-1999), Ki Iswandi (1999-2013) lajeng  Ki Sarju (2013) dumugi wekdal punika).

Cikal Bakal Paprintahan

Bumi Gunungkidul wewengkonipun kapantha dados desa-desa ngantos dumugi sisih kidul kalebet desa Petir ingkang dereng wonten paprintahan. Kawontenan ing jaman semanten warga Petir nyambut damel olah tani kanthi prasaja. Liripun panggesanganipun taksih kuno, kirang mangertosi ing babagan olah tetanen, pramila hasilipun namung cekap kangge kabetahan gesang saben dintenipun.

Sinaosa mekaten, saben dintenipun warga masyarakat Petir sampun nindaaken gesang guyub rukun nyambut damel gotong royong, kathah ingkang damel paguyuban kangge ngenthengaken padamelan kanthi temen lan remen.

Murih cekapipun kabetahan gesangipun, nindakaken tatacara kadosta lelintu barang kawastanan ngendhuk . Tanggeljawab minangka warga ingkang setya dhumateng Paprintahan asok bulu bekti ingkang sakpunika kasebat pajek.  

Paprintahan Petir

Perkawis Paprintahan rikala semanten mboten sedaya gegayutan kalihan menapa ingkang katindaaken Ki Kenthung awit ing Petir wontenipun Bekel utawi saget kasebat Lurah ingkang kapisan cengkaran saking Pucanganom.

Sanadyan Petir minangka cengkaran saking Pucanganom, adat tradisi taksih nglestantunaken ingkang katindaaken Ki Kenthung ngantos dumugi jaman sakmenika.  Saking paprintahan Pucanganom, ingkang dipun tanem pinangka ingkang ngesuhi wewengkon Petir sepisan saking trahipun Trunosetiko .

Bekel Trunosetiko ngemban Paprintahan pinangka bekel watawis 15 warsa, wiwit warsa 1841 dumugi warsa 1856. Pangembating praja Lurah ingkang sepisan dipun reh dening Trunosetiko rikala bangsa Walondo tumut ngereh Paprintahan ing Kraton Ngayogyakarta, mila punggawaning Kraton mitados dhumateng abdi dalem Kraton ingkang mapan wonten ing pradesan.

Ing antawisipun Ki Trunosetiko ingkang pinitados minongka Lurah ing Petir. Trunolesono punika putra Ki Trunosetiko ingkang nindaaken pakaryan ngupakara siti kangge nglajengaken kacekapan panggesanganipun. Mila Ki Trunolesono kagadhang dados putra ingkang wasis ngadhepi Bangsa Walondo.

Bekel Ki Trunolesono

Trunolesono katuding dados pambiyantu abdi dalem Kraton kirang langkung 35 tahun, wiwit saking warsa 1856 dumugi 1891, awit saklajengipun kagantos putranipun. Pamanggih sanes saking para pinisepuh Petir ongkk klthk (lampahing printah saking Paprintahan)  sakderangipun wonten bekel Petir ndherek wewengkon Paprintahan  Pucanganom, lan bekel sepisan Trunosetiko.

Bekel punika minangka dhawuh  saking Kraton Ngayogyakarta ingkang pinitados nindaaken lampahing Paprintahan.

Jejibahan soho ayahan pinangka bekel ingkang saget mangertosi siti ing kasultanan lan mangkunegaran dipun pilah bumi narawita  inggih punika siti ingkang ngasilaken barang ingkang dipun kersaaken Raja. Para bekel  nggadhahi tanggeljawab  ngempalaken saperangan wuluwetu siti apanage .

Tanggel jawab sanesipun pinangka bekel, ngempalaken pajek para warga tani ing padesan ugi dados panitipriksa tumrap katentremaning padesan. Bekel nindakaken dhawuh Paprintahan kanthi dhasar kekancingan ingkang ngemot jejibahan lan wewaleripun saking panginggil ingkang ngesuhi bekel, ndadosaken lampahing paprintahan saget tumata dipun tampi dening warga kalebet warga ing Petir.

Lurah Ki Wonosetiko

Lurah Wonosetika minangka andhahan saking demang, saget mengku Paprintahan kanthi sae, katitik Paprintahan kalurahan kaping kalih ingkang dipun emban Wonosetika putranipun Ki Trunosetiko saget katingal tumata. Liripun saget ngentasaken putranipun minangka pangemban Paprintahan saklajengipun, nggih punika Ki Kartotaruna (Sukiman) ingkang gadhah sedherek sepuh ingkang asma Sukinem.

Sukinem lan Sukiman kekalihipun dados putra ingkang tuhu bekti dhateng tiyang sepuhipun, lan tanggen caos pambiyantu babagan olah tetanen. Sukinem juru boga ingkang wasis, wondene Sukiman dados wiranem ingkang tangguh kagadhang supados nglajengaken paprintahan candhakipun.

Rikala semanten wewengkon ingkang kalebet Paprintahan Petir inggih punika : Petir, Ploso, Watu Mengkurep, Dadapan, Weru, Ngurak Urak lan Ngelo.

Miturut katrangan para pinisepuh lan punggawaning masyarakat, Lurah jaman semanten dipun biantu dening Carik, Jogomirudo, Kamituwo, lan Gebayan. Lurah anggenipun ngasta Paprintahan boten winates wekdalipun. Wonosetiko mengku kaprajan wiwit warsa 1891 dumugi 1921.

Lurah Ki Karto Taruno

Paprintahan Desa Petir salajengipun   Sukiman ingkang asma Karto Taruno kanthi pilihan ngginaaken tatacara acungan driji, kanyata pikantuk etangan ingkang langkung kathah tegesipun unggul.

Ki Kartotaruno ngemban Paprintahan minangka Lurah Petir saking warsa 1921 dumugi warsa 1946. Rikala semanten pepuntoning Paprintahan punika ing jaman penjajahan Jepang. Warga masyarakat sawetawis pikantuk ngelmu babagan olah bela nagari.  

Adat tradisi ingkang lumampah jaman semanten taksih nglajengaken jamanipun Ki Kenthung inggih menika rasul warga ngawontenaken pasang pasren, panjang ilang, soho damel krapyak wonten sumur, Migit, lan Mbah Jenggot.

Tradisi sadranan Mbah Jobeh, ugi tradisi bersih telaga ingkang dipun adani gelar seni tayub . Wondene toya ingkang dipun ginaaken jaman semanten saking sumur mapan wonten ing Bulak Jlumbang.

Wekdal semanten desa Petir mbawahaken wilayah Petir, Ploso, Watu Mengkurep, Dadapan, Weru, Ngurak urak, Ngelo, Siyono, lan Dagang Mati. Karto Taruno nggadhahi putra cacah 9, Suratman (Citro Diharjo), Sularno, Sukirah, Supilah, Sularto, Sukarto, Supinah , Sutirah, Supiyata.

Lurah Citrodihardjo

Ki Citrodihardjo ngemban Paprintahan minangka Lurah Petir ing jaman kamardikan wiwit warsa 1946 dumugi 1989. Nata Paprintahan nengenaken babagan kapinteran warga masyarakat ingkang kasebat kawasisaning manungsa, mila kathah nindaaken ngudi ngelmu kawasisan.

Kagem kemajenganipun Desa Petir dipun wonteni mapinten-pinten kelembagaan, kawiwitan jumbedhulipun Dewan Perwakilan Rakyat Kalurahan Gotong Royong (DPR-KGR), Lembaga Sosial Desa (LSD), Lembaga Ketahanan Masyarakat Desa (LKMD), Lembaga Musyawarah Desa (LMD), Program Kesejahteraan Keluarga (PKK), Kelompok Tani Wanita (KTW), Kelompok Pendengar Pembaca dan Pirsawan (Kelompencapir), Karang Taruna, Kamra, lan Hansip.

Pangarsaning  PKK Warsiti ngawontenaken pelatihan keterampilan nyongket, tata busana, lan tata boga kangge kemajenganipun para wanita Desa Petir, dene babagan pertanian sampun gadhah ngelmu tani nanem pantun varietas unggul tahan wereng (VUTW) IR36 ingkang dipun suluh dening Petugas Penyuluh Lapangan Nama Saronto.

Babagan olahraga inggih menika bal balan asring tetandhingan tansah unggul nalika pamomongipun Muhammad Zainudin, ugi kasti unggul tingkat Propinsi. Babagan paprintahanipun, Desa Petir unggul ing lomba pembangunan tingkat Kabupaten Gunungkidul, ugi lomba P2WKSS pikantuk kajuwaran tingkat Propinsi.

Nalika Jaman Ki Citrodiharjo, taksih nglestantunaken babagan adat tradisi soho kabudayan, malah kepara ngrembakaaken ngantos saben Padukuhan tuwuh paguyuban-paguyuban seni budaya. Contonipun seni Kethoprak, unggul wonten ing tingkat Kecamatan.  

Wono Setiko dumugi Citro Diharjo anggenipun ngemban Paprintahan mboten mawi batesan wekdal, wondene rikala Lurah Syamsiran, Lurah Iswandi dumugi sakpunika Lurah Sarju wonten paugeran masa jabatanipun. Lurah ing jaman sapunika kasebat Kepala Desa ingkang winates wekdalipun. Lurah anggadhahi jejibahan minangka pimpinan ing desa, lan ugi   Perangkat Daerah Kabupaten ingkang jumbuh  kalihan  Peraturan perundang-undangan.

Rikala semanten, papan kagem nindaaken Paprintahan mapan wonten ing griya kampung kang kabangun ing bulak prapatan kirang langkung 2 warsa 1948-1950, ingkang sakmenika kagem Puskesmas Pembantu (Pustu). Saklajengipun pindah wonten griyanipun Ki Citrodihardjo ing Padukuhan Petir C dumugi warsa 1982.

Ing warsa 1982  nembe kawiwitan mbangun balai desa ingkang mapan ing Padukuhan Petir A, ngantos dumugi sakpunika.

Babagan pawiyatan, warsa 1950 madeg Sekolah Rakyat (SR) ingkang dipun pandhegani Prawira Sularno. Saklajengipun ing warsa 1963 Sekolah Rakyat dipun gantos  dados Sekolah Dasar  mapan ing kalih  papan, inggih menika SD Petir I ing Prapatan lan SD Petir II wonten Siyono. Warsa 1971 madeg  SD Petir III ing Petir, ing warsa 1977 madeg Taman Dewasa (TD) yayasan Taman Siswa. Babagan sarana olahraga, kabangun lapangan kangge kegiatan masyarakat lan sekolahan.

Kangge ngrembakaaken wilayah, supados gampil anggenipun mranata tata- rakiting Paprintahan.  Padukuhan Petir lan Siyono ingkang kathah warganipun kapantha dados enem padukuhan. Petir dados tigang padukuhan, Siyono dados tigang padukuhan. Pramila wewengkon desa Petir dados tigawelas Padukuhan: Petir A, Petir B, Petir C, Ngelo, Ploso, Ngurak urak, Watu Mengkurep, Dadapan, Weru, Siyono A, Siyono B, Siyono C, lan Dagangmati.

          Ki Citrodiharjo seda tanggal 11 Desember 1993 kanthi putra cacah 9: Iswanto, Priyono, Widodo, Widiyatmono, Widiyanto, Yuli Parwanto, Edi Wahana, Sigit Milu Wibowo.

Kepala Desa Syamsiran

Paripurnanipun Ki Citrodihardjo ingkang ngemban Paprintahan minangka Kepala Desa Petir ing jaman Reformasi kawiwitan saking warsa 1989 dumugi 1999 kanthi cara pilihan langsung nyoblos Photo simbol katindaaken wonten ing Pendhapa Bale Desa Petir.

Rikala semanten Kepala Desa kabiyantu dening para perangkat desa ingkang kasebat Carik, Kaur, Dukuh soho Staf. Piyambakipun nindakaken jejibahan kanthi lumampah ngremenaken, katitik ing warsa 1998 dipun adani rehab pendhapa balai desa kanthi panyengkuyunganipun saking Program Kesejahteraan Anak dan Keluarga (PKAK) soho gotong royongipun masyarakat. Program ingkang katindakaken wontenipun pemasangan jaringan listrik kalihan toya saking Bribin. Babagan perekonomian nindakaken program penggemukan ternak ugi damel papan hijauan pakan ternak. Babagan Paprintahan lembaga ingkang mbiyantu LMD (Lembaga Masyarakat Desa), dene Lembaga sosial kemasyarakatan ingkang paring pambiyantu kawastanan LKMD (Lembaga Ketahanan Masyarakat Desa), RT, RW, PKK, lan Karang Taruna.

Olah kridhaning para wanita dipun sesepuhi dening Karinem pinangka Ketua PKK, ndherek majengaken programipun paprintahan ngengingi kaprigelanipun kaum wanita.

Syamsiran lahir ing Gunungkidul 06 Juli 1947, sakderengipun nyepeng pangembating tata paprintahan, piyambakipun ngasta wonten ing pawiyatan  Sekolah Dasar Petir II mapan wonten Padukuhan Siyono A. Piyambakipun nggadhahi putra 2 ingkang nama Umi Prihatini, lan Medi Handaya.

Kepala Desa Iswandi

Iswandi lahir ing Gunungkidul 11 Mei 1957, ngasta Paprintahan kalih periode, inggih menika warsa 1999-2007, warsa  2007-2013. Dados kepala desa ingkang kaping enem lumantar pilihan rakyat secara langsung kanthi nyoblos simbol, wondene periode kaping kaleh  kanthi cara nyoblos photo calon.

Anggenipun nindaaken Paprintahan kasengkuyung lembaga desa ingkang wonten, inggih punika babagan Paprintahan wonten BPD (Badan Perwakilan Desa, saklajengipun dipun gantos dados Badan Permusyawaratan Desa, babagan pembangunan wonten LPMD (Lembaga Pemberdayaan Masyarakat Desa), RT, RW, PKK, lan Karang Taruna.

Lampahing paprintahan  ing  babagan pembangunan fisik dalan aspal, cor blok, talud, lan jalan usaha tani ingkang makarya sesarengan Program Nasional Pemberdayaan Masyarakat Mandiri Perdesaan (PNPM-MP) ketingal monjo.

Kabetahan warga tumrap Hak milik siti dipun wonteni program persertipikatan tanah sacara massal kanthi cacah kirang langkung 750 bidang, wondene pemasangan listrik Padukuhan Dadapan, Watumengkurep, Ngurak urak, Ploso lan Dagangmati saget kaleksanan. Babagan pawiyatan, mbangun sekolah Taman Kanak-Kanak (TK) lan Pendidikan Anak Usia Dini(PAUD). Babagan sarana olahraga damel lapangan bal-balan ing Dadapan lan Siyono, jaman semanten desa Petir ndherek  lomba tingkat Propinsi.

Olah kridhaning para wanita dipun sesepuhi dening Suwarni pinangka Ketua PKK, nderek majengaken programipun paprintahan ngengingi kaprigelanipun kaum wanita. Iswandi nggadhahi putra kalih Bowo Wisnu Putranta, lan Wita Dyaswati.

Lampahing tata Peprintahan Desa Petir lir gumanti, tambahing wewengkon padukuhan lan tambahing  warga ingkang sangsaya kathah,  bebasan  gudhe cengkar ingkang ngrembaka lestantun kemajenganipun.

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun