Saksampunipun ritualipun Ki Kenthung Nyi Kenthung sampun rampung pategalan puniko sampun kawastanan papan pagesangan/dusun/padukahan dipun paringi asmo dusun Petir awit ing mriku kathahipun kajeng ingkang langkung ageng sinebat kajeng Petir. Ritual saha pangandikanipun ki Kenthung Nyi Kenthung dipun lampahi wonten ing Senin Pahing milo kedadosanipun padukuhan petir wonten ing dinten kasebat. Sahinggo dumugine wekdal sak puniko dipun pengeti madekipun padukuhan petir ingkang kawastanan bersih dusun utawi rasul. Pengetan puniko dipun pengeti setahun sepindah kanthi etangan jawi mawi etangan pawukon wukir, wari gajan lan merakih.
Lampahipun pengetan wekdal semanten Ki Kenthung Nyi Kenthung dipun lampahi ritual ngagem sesaji ingkang mawarni-warni. Ingkang kapanggenaken wonten ing panggenan kawastanan pasren. Milo Ki Khentung Nyi Kenthung kejawi kasebat nenek moyang masyarakat Petir ugi kawastanan pamengku adat/juru kunci. Ki Kenthung Nyi kenthung pagesangan saben dintenipun olah tetanen piyambakipun anggadahi pategalan wonten ing wono bulak pakel, taneman ingkan dipun tanem Ki Kenthung Nyi Kenthung boten benten kaliyang ingkang katanem olahing tetanen wekdal sakpuniko. Wonten ing pategalan niku sedoyo taneman ingkang dipun tanem saget anyekapi kabetahanipun gesang Ki Kenthung Nyi Kenthung dalasan keluarga. Nuju satunggaling mangsa tanem Ki Kenthung Nyi Kenthung lan keluarganipun olah tetanem malih wonten ing pategalan ingkang sami saget tuah tetaneman ingkang sae, subur, lan ijem namung dumugi wancinipun taneman badhe medal wohipun boten wonten jawah sakwetawis wekdal sahingga taneman sami garing.Â
Nalikanipun Ki kenthung Nyi Kenthung mangertosi sedoyo taneman sami garing, piyambakipun kuwatos bilih sakmangkenipun sedoyo kabetahan keluarganipun boten badhe kacekapan. Ki Kenthung kundur saking pategalan. Raos kuatosipun Ki Kenthung bilih sakmangke boten panen tansah anyarengi lumampahing wekdal. Milo nuju ing dinten malem kemis kliwon bakdo wiso (kirang langkung jam 8 dalu) Ki Kenthung medal saking dalem atur panyuwunan wonten ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos wonten ing ngajenganipun nggriyo, majeng ngaler ngilen prikso comloroting cahyo kalih ingkang agengipun sak glego-glego (sak glugu-glugu) ingkang cemloroting cahyo wau nyundul ngawiat, pitakening Ki kenthung : "Cahyo punapa puniko?". Ki Kenthung lajeng mlebet wonten ing dalem malih. Ing enjangipun kados padatan Ki Kenthung tindak pategalan wonten ing sak kiwo tengenipun mergi mangertos sedoyo taneman sami garing, sak sampunipun dumugi pategalanipun wonten ing pategalan bulak pakel ing sisih kidul wetan wonten sak tunggaling gubug alit ingkang pinayungan mawi dug. Ki Kenthung anyaketi gubug kasebat kanthi tuah pitakenan :Â
"Sopo sejatine sing gawe gubug iki?" saklebeting gubug mriku wonten undhukan siti sak kiwo tengenipun wonten wujud gedubang wurung. Saksampunipun nyaketi gubug kasebat Ki Kenthung niti prikso tanemanipun sedoyo sami garing, lajeng antawis jam songo enjang kawastanan panas gumatel Ki Kenthung keraos kebenteren Ki Kenthung wangsul dateng pojok kidul wetaning gubug wau ngeyup wonten ing sak ngandaping kajeng pategalan Ki Kenthung lelenggahan wonten ing mriku, sesambatipun Ki Kenthung "Suk arep mangan apa tanduran garing kabeh?". Sesambatipun Ki Kenthung ingkang kados mekaten ing wekdal niku ugi kados wonten ingkang paring pangandika mekaten : "Ee, ee ee sesambatmu kok koyo sendaren kepipit, mengko to mengko."
 Sak kedepin netro Ki Kenthung wonten ing saklebeting lelenggahan kados nyare byar ing mriku taneman ketawis gantos warno ketingal ijem lan rempuyung. Pangandikanipun Ki Kenthung : "Oo yen ngono gubug kaaran petilasan Kyai Jobeh Nyai Jobeh amargo tanduran kang garing dumadaan dadi ijo kabeh tanpo ana udan sak durunge." Milo pangandikanipun Ki Kenthung ngendikaaken kedadosan puniko tansah dipun prengeti pendak taun sepindah ing nlikanipun minongko kanggo tengoro taneman ingkang kawastanan gudhe jero sampun wanci dipun panen.
margi kangge prengeten kedadosan puniko kadang wargo ing padukuhan Petir ngedalaken kawastana wetonan setunggal giling sekul dipun jangkepi mawi lawuh bungko gudhe sak gendhok (kalih bungkus) amargi wonten ing ngajeng wonten pangandikan "mengko to mengko" pinongko imbal sesambatipun Ki Kenthung. Kedadosan wonten ing papan petilasan puniko pinongko panggenan kagem atur panyuwunan kaaturaken wonten ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang gampil kasebadan (ijabah) amargi ing mriki ketingal kedadosan mapinten-pinten keajaibanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Milo ngantos dumugi wekdal puniko prengetan tansah dipun lampahi. Prengetan petilasan Kyai Jobeh Nyai Jobeh boten saget dipun pisah-pisahaken kaliyan prengetan bersih dusun Petir/Rasul.
Sesaji soho panyuwununanipun Ki Kenthung lan Nyi Kenthung dipun lampahi wonten ing dinten Senin Pahing. Pramila dinten Senin Pahing minangka dumadosipun Desa Petir. Dumugi wekdal punika dipun pengeti pinanka madegipun Padukuhan Petir ingkang kawastanan bersih dusun utawi rasul. Pengetan punika dipun pengeti setahun sepisan kanthi  pawukon Wukir, Warigalit lan Marekeh.
Tradisi ingkang katindaaken wekdal semanten dening Ki Kenthung Nyi Kenthung inggih punika Nyadran Bah Jobeh dipun lampahi kanthi sesaji lan panyuwunan ngagem sesaji ingkang mawarni-warni. Ingkang kapapanaken wonten ing pasren.
Mila Ki Kenthung lan Nyi Kenthung kasebat kaki nini warga Petir. Ki Kenthung minangka pamengku adat utawi juru kunci ingkang sepisanan. Ki Kenthung lan  Nyi kenthung panggesangan saben dintenipun olah tetanen. Piyambakipun anggadhahi pategalan wonten ing Bulak Pakel, taneman ingkang dipun tanem Ki Kenthung lan Nyi Kenthung mboten benten  kalihan ingkang katanem olahing tetanen wekdal sakpunika.
Wonten ing pategalan ngriku sedaya taneman ingkang dipun tanem saget nyekapi kabetahan kulawarga. Dene toya ingkang dipun ginaaken kagem kabetahanipun saking sumur  ingkang mapan ing Bulak  Jlumbang.
Kedadosan wonten ing papan petilasan punika kangge panggenan kagem atur panyuwunan dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos, supados kasembadan  amargi ing mriki ketingal kedadosan mapinten-pinten keajaibanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos.