Lurah Ki Karto Taruno
Paprintahan Desa Petir salajengipun  Sukiman ingkang asma Karto Taruno kanthi pilihan ngginaaken tatacara acungan driji, kanyata pikantuk etangan ingkang langkung kathah tegesipun unggul.
Ki Kartotaruno ngemban Paprintahan minangka Lurah Petir saking warsa 1921 dumugi warsa 1946. Rikala semanten pepuntoning Paprintahan punika ing jaman penjajahan Jepang. Warga masyarakat sawetawis pikantuk ngelmu babagan olah bela nagari. Â
Adat tradisi ingkang lumampah jaman semanten taksih nglajengaken jamanipun Ki Kenthung inggih menika rasul warga ngawontenaken pasang pasren, panjang ilang, soho damel krapyak wonten sumur, Migit, lan Mbah Jenggot.
Tradisi sadranan Mbah Jobeh, ugi tradisi bersih telaga ingkang dipun adani gelar seni tayub . Wondene toya ingkang dipun ginaaken jaman semanten saking sumur mapan wonten ing Bulak Jlumbang.
Wekdal semanten desa Petir mbawahaken wilayah Petir, Ploso, Watu Mengkurep, Dadapan, Weru, Ngurak urak, Ngelo, Siyono, lan Dagang Mati. Karto Taruno nggadhahi putra cacah 9, Suratman (Citro Diharjo), Sularno, Sukirah, Supilah, Sularto, Sukarto, Supinah , Sutirah, Supiyata.
Lurah Citrodihardjo
Ki Citrodihardjo ngemban Paprintahan minangka Lurah Petir ing jaman kamardikan wiwit warsa 1946 dumugi 1989. Nata Paprintahan nengenaken babagan kapinteran warga masyarakat ingkang kasebat kawasisaning manungsa, mila kathah nindaaken ngudi ngelmu kawasisan.
Kagem kemajenganipun Desa Petir dipun wonteni mapinten-pinten kelembagaan, kawiwitan jumbedhulipun Dewan Perwakilan Rakyat Kalurahan Gotong Royong (DPR-KGR), Lembaga Sosial Desa (LSD), Lembaga Ketahanan Masyarakat Desa (LKMD), Lembaga Musyawarah Desa (LMD), Program Kesejahteraan Keluarga (PKK), Kelompok Tani Wanita (KTW), Kelompok Pendengar Pembaca dan Pirsawan (Kelompencapir), Karang Taruna, Kamra, lan Hansip.
Pangarsaning  PKK Warsiti ngawontenaken pelatihan keterampilan nyongket, tata busana, lan tata boga kangge kemajenganipun para wanita Desa Petir, dene babagan pertanian sampun gadhah ngelmu tani nanem pantun varietas unggul tahan wereng (VUTW) IR36 ingkang dipun suluh dening Petugas Penyuluh Lapangan Nama Saronto.
Babagan olahraga inggih menika bal balan asring tetandhingan tansah unggul nalika pamomongipun Muhammad Zainudin, ugi kasti unggul tingkat Propinsi. Babagan paprintahanipun, Desa Petir unggul ing lomba pembangunan tingkat Kabupaten Gunungkidul, ugi lomba P2WKSS pikantuk kajuwaran tingkat Propinsi.