ATUR SAPALA
    Puji syukur kita kunjukaken dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring berkah lan anugerah dumateng Panyerat mila saget ngrampitaken panyeratan buku sejarah adeging desa Petir kanthi lancar.
Ing titi wanci menika panyerat kanthi andaping manah ngaturaken pamaturnuwun dumateng bapak ibu ingkang sampun paring pambiantu, ingkang mboten kulo sebat asmane setunggal setunggal.
    Buku meniko kasusun adhedasar  sumber pangandikan  saking juru kunci ingkang asmo mbah Noto Sukamto. Isinipin buku meniko nyarioskan bab sejarahipun dusun Petir lan wontenipun  pengetan sadranan.
Poro penyusun ngrumaosi bilih buku meniko kathah kekiranganipun. Awit saking pitedah saha panyaruwe ingkang tumuju dhateng kasaenan saha sampurnaning buku puniko sanget ing pangantu-antu kulo.
    Mekaten atur sapala saking panyerat, mugi buku menika migunani tumrap masyarakat desa petir lan para werdha muda ingkang badhe nglajengaken wekdal sakmangke.
Panyerat ngakeni bilih buku menika kirang sampurna, mila nyuwun panyaruwe lan pamanggihipun murih buku menika sampurna.
Panyerat, Maryono, M.Pd
Bumi Petir
Mapan ing pagunungan, katon endah sinawang jejer-jejer karang pradesan dipun panggeni dening warga kanthi ayom ayem lan tansah sami manungkul manengku puja dhumateng Gustinipun.
Petir minangka perangan saking wewengkon Kabupaten Gunungkidul, Daerah Istimewa Yogyakarta, wiyaripun udakara 1.025.537 m2, kedadosan saking 13 padukuhan, 13 RW, lan 35 RT, mapan ing sisih kidul wetan Wonosari watawis 24 kilometer, kanthi warga cacah 3.824 jiwa, kepala somah 1.264, warga pawestri cacah 1.891 jiwa, lan 1.933 jiwa warga kakung.