Mohon tunggu...
Lina M
Lina M Mohon Tunggu... Lainnya - Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Janji Anyar kang Pungkasan

23 Agustus 2020   16:41 Diperbarui: 23 Agustus 2020   18:34 2297
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber gambar: dokumen foto pribadi

Mripatku nyawang kahanan njaba jendela kang sarwa ireng lan pedut. Wengi iki udan deres kathik pedute kandel. Kahanan sansaya atis nalika udan deres iku sabanjure malih dadi udan kang marakake manungsa dadi gething. Ora deres ananging bisa nelesi.

Ana ngendi-gendi teles. Mripatku uga ngembeng eluh. Tangisku gerung-gerung kaya kuthuk kelangan babon. Tanganku wis kesel anggone nutupi rai, marga isin karo sakabehe kang bisa meruhi anggonku dadi manungsa kang ora nduweni daya apa-apa. Wengi sansaya wengi, atiku sansaya keiris-iris nambahi eluh ning mripatku ora enggal garing. Banyu anget iku mili terus tanpa bisa disuwawa maneh nalika ngelingi sakabehe.

Tresna iki tansah tak ugemi. Saben dina tak karuhake kareben ora didis. Anggonku ngenteni titi mangsa iku nganti padha diunekake aku iki wong kang bodho, budeg lan wuta. Prasasat ora gelem nampa wong liya maneh kejaba sliramu. Sliramu banget tak ugemi, tak ngen-ngen samben dinane. Menawa ana apa-apa, ya mung menyang sliramu anggonku bali. Cekake tresna suci iki mung kanggo kawula siji, yaiku sliramu.

Saiki siji lan sijine wis seje. Janji rumaket selawase iku katon muspra. Aku lan sliramu sansaya suwe ora cetha anggone sesambungan. Padha-padha nguwali janji kang digawe babarengan. Kamangka liwat janji iku dikarepake dumunung ana ing bale omah-omah kang endah. 

Janji suci minangka pratanda sesrawungan kang padha tresnane, malih dadi janjine wong bodho kang seneng goroh. Menawa tekan saiki salah sijine ana kang isih ngugemi janji, mesti malah kenthir amarga piwalese ora bakal sak ukur. Tibane mengko malah nelangsa lan mangan ati. Cidro!

Wengi iki, wengi kang banget dienteni. Ketemu sliramu, manungsa endah kang tau ngisi ati sak ambaning samudra, sak dhuwure langit. Nganti sakabehe geguritan lan kidung katresnan saben dinane kaserat saka atiku kanggo sliramu. Ananging wengi iki sakabehe geguritan lan kidung katresnan iku bakal salin ukara, dadi ukara cidro kang milara ati.

Wingi iki kalebu wengi kang wingit nggegirisi. Padha dene ora wani namatake siji lan sijine. Mripat abang ngembeng eluh, rupa sayah lan gulu gerok wis dadi sandhanganmu lan sandhanganku. Padha nangisi lelakon kang eman dipungkasi ananging ora ana temune menawa diterusake. Giris nalika ngeling-eling tahun-tahun kepungkur kang diliwati bebarengan tanpa ngira tahun iki nemahi crah bubrah.

Ora ana aran "Aku luwih lara ati tinimbang sliramu," utawa sewalike. Ing sesambungan iki padha-padha anggone tatu. Sesrawungan iku mesti dumunung ana ing padha senenge utawa pada tatune.

Janji kang saknalika awujud janji rumaket selawase, wengi iki malik dadi janji bebarengan ngadoh lan ngurusi uripe dhewe-dhewe. Janji anyar iki uga kanggo selawase.

"Eman."

Pancen eman. Dene sliramu ngeman-eman aku, ananging wis kabanjur kepranan wong liya. Dene awakku ngeman-ngeman sliramu, ananging wis wegah anggone ngugemi janji nganti diunekake wong bodho, budeg lan wuto. Sesambungan kang ora kena didandani maneh iki ngatonake aku lan sliramu iku ora padha butuhe. Kamangka saktenane sesambungan kang becik iku bisa menehi pitutur lan pernah kang apik. Jebul sak suwene iki ora.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun