Lihat ke Halaman Asli

Faza Achsana Dinina

Halo! Saya mahasiswa S1 Pendidikan Guru Sekolah Dasar, Universitas Negeri Surabaya

Tedhak Siten: Tradisi Jawa Kang Sugih Filosofi lan Ngemu Piwulang Urip

Diperbarui: 15 Oktober 2025   00:18

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

(Foto: Instagram: @titiradjopadmaja)

Ing tengah jaman modhrn sing kebak teknologi lan gaya urip cepet, budaya Jawa tetep nduw papan istimewa ing atin masyarakat. Salah siji tradisi kang isih lestari nganti saiki yaiku Tedhak Siten, yaiku upacara kanggo bayi kang wis umur pitung wulan utawa pitung lapanan, tandha yn dheweke wis siap nginjak bumi pisanan.Kata tedhak teges "mudhun" utawa "nginjak", dn siten teges "lemah" utawa "tanah". Mula saka kuwi, Tedhak Siten teges mudhun ing lemah, yoiku simbol yn bayi wis mlebu tahap anyar ing urip.

Upacara iki biasan dilakokak kanthi meriah lan kebak rasa syukur. Wong tuwa, simbah, lan sedulur padha kumpul kanggo ndedonga supaya bocah tansah pinaringan sehat, sregep, lan tumuwuh dadi anak kang becik.

Ana pirang-pirang prosesi ing Tedhak Siten iki, saben nduw makna jero:
- Siraman nganggo kembang setaman minangka lambang pangresikan batin lan badan.
- Munggah tangga tebu wulung, simbol yn urip kudu manis nanging tetep kuat.
- Mlaku liwat kurungan ayam sing diisi macem-macem barang kaya dhuwit, kitab, bolpen, utawa perhiasan seng bakal dadi simbol pilihan dalan urip. Barang sing dipilih bocah diyakini nuduhak watak lan masa depan.

Nanging luwih saka iku, Tedhak Siten ora mung upacara seremonial. Tradisi iki dadi piwulang urip kanggo wong tuwa lan anak, yn saben langkah kudu diwiwiti kanthi rasa syukur, ketulusan, lan donga becik. Wong Jawa percaya, saka langkah pisanan sing dilandasi kabecikan, bakal metu dalan urip kang becik uga.

Kajaba saka maknan, Tedhak Siten uga dadi momen guyub lan silaturahmi kulawarga. Suasana rame, ana panganan khas kaya jenang abang-putih lan tumpeng, nggambarak rasa syukur lan kabungahan bebarengan.

Ing tengah gempuran jaman, upacara iki dadi pengeling-ling yn budaya Jawa ora kena luntur. Ana nilai luhur sing kudu tetep dilestarkak, yaiku ngurmati proses lan donga ing saben wiwitan urip.


Saka Tedhak Siten, kita sinau yn urip iku dudu mung babagan mlebu bumi, nanging uga babagan nguri-uri rasa syukur, welas asih, lan pangajab becik. Tradisi iki minangka wujud tresna wong tuwa marang anak lan pangeling yn saben langkah kudu diiringi donga.

Mugi Tedhak Siten tansah lestari lan dadi jembatan ngenalak budaya Jawa marang generasi enom, supaya ora mung dadi crita, nanging tetep dadi laku urip saben wektu.

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline