Kebat ninggalake umure sing sansaya tuwa
"Oh Gusti paringana kekiyatan lahir terusing batos ngadepi jaman ingkang tansah owah punika, kula namung sadermi titah sawantah nyuwun pinaringan tuntunan lan pepadhang"
Paimin banjur thenguk-thenguk ana lincak
Ambegane landung
Kemleyang ninggalake pangangene
Ngideri jagat nembus ruang lan wektu
Jaman saiki wis akeh bedane, ora kaya jaman semana
Nanging semana iku dheweke isih gagah prakosa
Isih kuwat ngideri jagat, paribasan jagad arep diemperi
Nanging saiki.....
Kabeh wis sarwa mungkur
Beri Komentar
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!