Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Ojo Dumeh

11 Juli 2010   16:36 Diperbarui: 26 Juni 2015   14:56 122
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Ing sapinggiring bengawan kang amba banget, jejer-jejer maneka wit-witan gedhe kang pinuju mamerake woh-wohane kang mbiyet ngebaki sakabehing pang. Prasasat ora ana panging wit kang ora ana wohe, nganti menawa disawang saben wit-witan kuwi prasasat tanpa godhong, mung kebak woh-wohan kang pating grandhul.  Ana wit elo, ana pelem, ana srikaya, lan maneka warna wit woh-wohan liyane.

Bulus putih kang nembe mentas saka sajeroning banyu arep gawe kanggo nyimpen endhoge, ngungun ing sajroning atine sumurup kahanan kuwi. Nganti rada suwe bulus kuwi mandheg dlangak-dlangak nyawangi kamurahane pangeran kang mbiyet ing pucuk-pucuking pang wit sandhuwure. Tuwuh rasa kepingin sajroning atine ngrasakake segere woh-wohan kuwi. Agahan dheweke nyedhaki poking wit srikaya gedhe kepingin menek kanggo methik woh srikaya kang katone wis semburat mateng. Makaping-kaping diagaki anggone kepingin menek wit srikaya kuwi, tetep wae ora kasil, malah kepara tiba kelumah. Pinujune wae papane rada miring, saengga bulus kuwi bisa nggoling keplorot lan tibane ing  sisih ngisor bali mengkurep.

Mupus marang kahanane, si bulus dheleg-dheleg sawetara ing papan kuwi. Rasa kepingine kanggo ngicipi segere woh-wohan kuwi, sawetara bisa dienepake, jalaran ngrumangsani menawa dheweke pancen ora bakat penekan. Kanthi lon-lonan, si bulus nerusake lakune tumuju papan kang kulina kanggo nyusuh ndhelikake endhoge ora adoh saka wit-witan kuwi.

Sarampunge nyimpen endhoge ing papan kang winadi, si bulus arep pali menyang bengawan kanggo golek pangan ing sajeroning banyu. Pinuju liwat ing sangisore wit-witan kang kebak woh-wohane mau, si bulus nyumurupi ana kethek sing lagi methangkring ana sawijining pang srikaya. Tangane kethek kuwi srikutan methiki woh srikaya sing mateng banjur dibrakot separo, sisane dibuwang mblader ana sangisore wit. Bulus kang meruhi trekahe kethek kuwi nuli celathu. "Eeeee..... sedulur kethek.  Mbok kowe welas marang aku, tulung aku dipethikae siji wae srikaya sing mateng kanggo tamba rasa kepingin"

"Apa??? Lha yen kepingin ngerti rasane srikaya iki, meneka dhewe. Koq kepenak temen kowe prentah marang aku." Semaure kethek mau saka dhuwur sinambi srikutan tangane methik woh-wohan lan cangkeme dikebaki.

"Wah...... yen aku bisa menek, mesthi wae aku ora jaluk tulung marang kowe, thek. Mbok kowe welas marang aku, tulung pethikna siji wae, kanggo tamba pingin." sambung si bulus kebak pengarep-arep.

"Kowe kuwi ora narima ing pandum. Wis ngerti yen ora bisa menek, koq kepingin ngrasakake enake woh srikaya." si kethek semaur semu jengkel lan  ngenyek kahanane si bulus.

"Wooooalah, thek-kethek. Mung dijaluki tulung methikake srikaya siji wae ora gelem malah ngenyek. Padha-padha titah ki mbok ya aja dumeh lagi begja. Sapa ngerti liya wektu kowe butuh pitulunganku, genti dak tulungi." Si bulus nggreula, memelas guneme rumangsa disepelekake dening si kethek.

"Huhhh.... crigis. Ngrumangsani ora bisa menek, koq malah melehake liyan. Yen pancen kowe kepingin, sisaku mangan kupating glethak ana ngisor wit. Yen kurang akeh.... iki dak wenehi luwih akeh" wangsulane kethek karo mbalangake srikaya sing wis dibrakot ngenani awake si bulus. Makaping-kaping sikethek methik woh mateng, dibrakot banjur dibalangake ngenani bulus kuwi. "Blugg...blug... blug..........

Ngadhepi kedadeyan kuwi, si bulus kanthi nggrantes ing atine lumaku alon tumuju sajeroning banyu. Rasa kepingine ngrasakake enake srikaya dipupus. Mbok menawa rasane krokot ing jeroning banyu luwih enak tinimbang mangan turahane kethek kang diiringi pangina marang dheweke. Adoh tebane si bulus anggone ngulandara lelangen ing sadawane bengawan.

Watara suwe antarane kedadeyan mau, si bulus rikalane bengawanpinuju banjir gedhe, Banyune luber nganti adoh. Wit-witan gedhe sing maune ana pinggir bengawan, wektu iku kahanane dikupeng banyu banjir nganti meh klelep.  Jalaran wis kliwat mangasane, mula woh-wohan uga meh tapis, mung keri siji utawa loro saben pang. Si kethek sing wis pirang-pirang dina ora oleh pangan, nyumurupi ana srikaya mateng ing sapucuke wit, dadi kemecer idune. Mula tanpa kakehan petung, si kethek agahan mlumpat menyang papane woh srikaya mateng kuwi. Apes tumrape si kethek, woh srikaya mateng mau pethil saka gagange. Tangane si kethek cukat trengginas arep nyaut tibane srikaya, nanging tiba apes malah gondhelane ing pang kang lunyu mrucut. Byuuurrrrr............. si kethek kampul-kampul katut iline banjir saya suwe saya adoh saka wit srikaya. Srawehan tangan lan sikile kethek, nanging sansaya kethek kuwi polah, malah njalari si kethek klelep ing banjir.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun