Ngendikane wong ilmune duwur
Urip kuwe nandur, apike nandur jujur
uripe akeh sedulur.
Jarene wong mingkur, urip aja jujur
jarene wong mingkar, urip mlaku mingkur
jarene wong mingkur, sedulur di singkur.
Sing penting uripe dewek mujur
aja urus karo wong lagi kojar-ajur
sedulur di adu ben dadi bubur.
Clung pak clung bur
keclung kepak keclung kebur
awak gupak dosa, sugih jibar-jibur.
Lewih becik, uripe jujur
ora apa uripku kojur ajur
sing penting bersyukur.
.
Purwokerto, 18 Nopember 2011
Beri Komentar
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!