Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

(Macak) Yes

6 November 2012   01:20 Diperbarui: 24 Juni 2015   21:55 769
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
1352164754798695801

[caption id="attachment_207678" align="aligncenter" width="720" caption="gambar dijupuk saka begitutini.blogspot.com"][/caption]

"Pokoke kudu onok!"

Diman meneng. Bojone lek nduwe karep mesti kaya ngunu. Minggu isuk dheweke karo bojone oleh undangan manten. Wiji sing kaet oleh kabar langsung memeti, njaluk ditukokno klambi anyar. Ora mung iku, Tomin, anake sing wis STM njaluk melu, trus njaluk ditukokno klambi anyar sisan.

Awane durung kasil, bengi wayahe dibaleni. Nang kamar Wiji umek ae. Sengojo ancene. Wong wedok iku siap-siap kate ngrayu bojone.

"Pak'e..."


"Hmmm..." saure Diman ora mbuka matane.

"Kesel?"

"Gak, biasa."

"Mosok? Pijeti ta?"

"Yo lek gelem pijeti ae."

Wiji tangi. Tangane mulai mijeti boyoke bojone sing wis murep.

"Pak'e..."

"Lapo?"

"Tumbasno yo?"

"Ealah iku maneh."

"Halah pak, pisan iki ae lho. Ya?"

"Ben jaluk opo-opo ngomonge pisan iki ae..."

"Gak, temenan iki. Ya pak ya?"

"Lek aku ngomong gak, nesu?"

Wiji ngendekno lek mijeti bojone. Lambene langsung mecucu.

"Yo wes, aku gak sido melu!"

Diman malik awake. Disawang lambene bojone sing maju kaya silite pitik lek kate ngendog.

"Oalah yo...yo. Yoh sesuk tak jalukno duite, wes gek merem."

"Temenan?"

"Ho oh," saure Diman.

Wiji sing maune mecucu langsung mesem. Wong wedok iku trus turu nyanding bojone.

"Kate tuku opo sih?" takone Diman karo ngrangkul bojone.

"Rahasia."

"Wou...atek rahasia-rahasiaan barang,"

"Sing penting sesuk ayu, sampeyan mesti seneng. Sesuk karo Tomin nang pasare."

"Yo tapi ati-ati. Tomin kae lek numpak montor koyok wong mendem, srudukan."

"Ho oh."

Marem karepe dituruti Wiji akhire turu. Sesuke mari dikei duit karo bojone dheweke langsung budal nang pasar karo anake. Minggu isuk tangga-tanggane wis siap kabeh. Diman yo wis siap. Wiji karo Tomin sik umek nang kamar, macak.

"Mak!"

"Sik, diluk maneh. Sampeyan dhisikan ae, ngko aku nyusul."

Kesel ngenteni bojone karo anake sing ora mari-mari lek macak, Diman budal dhisikan nang omahe tanggane. Mari wis komplit rombongan langsung budal. Telung angkot di-charter ngge ngeterno. Perjalanan sak jam setengah nang angkot epet-epetan garai wong-wong nang njero gobyos. Wiji sing wis macak mening sambat ae karo kipas-kipas.

"Pak'e, enteni..." celuke Wiji karo kecontalan.

Amarga telat, Wiji ora iso sak angkot karo bojone. Dheweke sak angkot karo Tomin. Wiji sing nggawe sandal jinjit duwur kangelan lek mlaku nganti kudu dituntun karo anake. Diman sing kaet ndelok pacakane bojo karo anake pas mudun saka angkot langsung gedhek-gedhek.

"Ngunu iku ta sing mbok tangisi wingi?"

"Apik yo, iki lho koyok artis nang tipi-tipi kae. Sampeyan ae sing ndeso, gak ngerti fesyen ya, Min?"

"Ho oh," saure Tomin karo mbenakno kacamatane.

"Artis opo? Ngerti tukang pijet sing biasa dituntun kae? Yo ngunu iku rupamu wong loro saiki."

Kampung sing jare nggone wong sugih tibake luwih ndeso timbang kampunge dewe. Dalane durung aspal, sik lemah. Udan mau bengi garai dalan jembrek kabeh. Pas lagek mlaku, mara nang omahe sing duwe gawe, sandale Wiji keplentong, mancep nang lemah. Kacamata irenge garai wong wedok iku ora eruh dalan. Tomin sing kaet mau nggandeng mak'e yo ora sadar lek sepatune midek kubangan banyu.

"Pak'e sendalku mancep!" bengoke Wiji.

"Sepatuku reget mak!" ganti Tomin sing mbengok.

Diman sing kaet mau ngempet isin nang tangga-tanggane selot isin maneh. Anak bojone saiki dadi tontonan wong akeh. Kabeh sing ndelok ngempet ngguyu. Diman marani anak bojone. Ditulungi bojone sing sikile kesleo.

"Makane ta mak...mak, lek macak ki sing biasa ae. Gak usah aneh-aneh."

"Yo gak iso, masio wong biasa lek macak ki yo kudu yes," saure Wiji sik ora kalah.

"Macak yes opo, koyok tandak bedes iyo," omonge Diman.

"Pak'e clonoku kok maleh ireng kabeh, reget," Tomin melu ngrengik.

"Dicopot dhisik iku kocomotone, disawang sing genah."

Ngurusi anak bojone, akhire Diman jaluk ditinggal ae. Timbang ngrusak acara, garai telat acara, Diman milih mandek sik ngramut anak bojone sing ngrengik gantian.

"Oalah Gusti, nduwe anak bojo siji ae kok pedot kabele," omonge lirih.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun