Mohon tunggu...
Lina M
Lina M Mohon Tunggu... Lainnya - Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Edisi Momong Barjo Amarga Ora Bisa Macit

15 Februari 2022   14:12 Diperbarui: 15 Februari 2022   14:18 824
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber gambar: dokumen galeri pribadi

Dolanku rada seje, ning pos ronda kidul omah. Menawa diajak lunga ning caf utawa papan hits instagramable malah wegah. Wegah anggone ndadak adus, nganggo klambi ootd utawa dandan, banjur mestine luwih boros.

Dasare thethek ning pos ronda bisa nganggo klambi apa anane. Ora lali nggawa sarung kareben padha karo kancane. Mangane uga ora larang malah kepara bisa milih sakarepe dhewe. Yen arep mangan sega goreng bisa njaluk digawakake David. Ibune yen gawe sega goreng enake ora ana tandingan. Menawa pengin mangan martabak, ngarep omahe Nita ana bakul martabak enak.

Sing spesialis buah-buahan yaiku Parto alias Fandi sing nduwe perkebunan pirang-pirang hektar. Saben pendhak dina kranjang cangkingane mesti beda isine. Ndelalah bengi iki saka kadohan gawane Fandi katon gedhe banget. Bocah-bocah mlirik karo ngampet kepo.

"Asem!" Barjo mlecu. Wonge sajake mangkel banget. Dheweke kawit mau ora mangan apa-apa. Kabeh panganan bengi iku angel dimamah. Untu baem tengen entas dicabut lan gusi kiwane mlempung. Aku nggawa wajik, Candra nggawa krupuk rambak, Ajeng urun kuaci lan Fandi jebul nggawa jambu bangkok.

"Jambu bangkok!"

"Bengi-bengi kok kon mbrakoti jambu. Kon dadi codot tenan," ujare Barjo. "Ngertio jenang sumsum nang ngomah mau tak gawa. Mosok rene aku ming kon ngematke anggone padha mangan sing brisik."

Mangan krupuk rambak lan kuaci pancen ora bisa meneng. Dene sing mangan wajik uga ora karuan. Irisane sak kepelan tangan nanging Joni lan Nita anggone mangan kanggo rong emplokan. Dadi padha mamah terus kaya arep ngulu karet ban njero. Barjo sing seneng ketan ngampet jengkel weruh Nita pamer entek wajik telung iris.

"Aku rene mau pancen sengaja ora madhang sik. Ben isa mangan wajik okeh ning ngarepmu hahahahha......" Nita nyuwil wajik banjur diseleh irunge Barjo kareben mambu. Barjo mripate wis mbrambangi arep nangis.

"Yen ora bisa mamah ya teka diulu wae, Jo!" kandhaku. Barjo sajake tambah gething. Wonge mendeliki kabeh wong. Bocah-bocah padha ngguyu.

"Ngulu jambu iki wae. Bunder gampang diulu."

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun