Mohon tunggu...
Lina M
Lina M Mohon Tunggu... Lainnya - Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Gogrok

3 September 2020   18:23 Diperbarui: 3 September 2020   18:24 2223
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber foto: dokumen foto pribadi

"Aja maneh nek pas ana barat kae ki malah godhonge mibur nang latare awak dhewe kabeh, Bu. Wong kok nyebahi. Sing nduwe wit sapa, sing latare reget nggone sapa."

Ibu mung meneng wae. Olehku misuh babagan iku wis ora mung pisan utawa pindho. Prasasat mbendina aku muni-muni marga aku pancen seneng nyapu lan reresik omah.

"Wong cethil kae ki, Bu." Aku nglekasi misuh maneh. Ibu namatake aku sedhela kareben ora sero-sero anggone ngelek-elek Pak Nardi. Aku mbesengut. Lha piye bisa marem? Misuh-misuh kok ming klesak-klesik!

"Bu, aku arep njilih graji mesin nggone Mas Dika."

"Na, wis lah. Yen reget kuwi bisa disapu, mengko resik maneh. Ora usah gawe perkara karo tangga."

"Sing gawe perkara ki malah Pak Nardi jare," aku nyauri kanggo mbelani panemuku. "Dasar wong awon kaya segawon." Adhiku ngguyu banjur nutup kabeh jendela kareben aku ora ngematke omahe Pak Nardi.

"Wis, Mbak. Kowe ngematke omahe Pak Nardi ki nggoleki Mas Indra apa kepiye?"

Kupinge Diki tak jewer. "Sakpenakmu tenan kowe nek ngomong, Dik!"

Aku menyang kamar kanthi ulat peteng. Apes maneh kamarku iku ngadep latar sisih kidul persis ngarep omahe Pak Nardi. Ora arep mbukak jendela ning kok sumpek, yen mbukak jendela rasane sansaya gething karo tangga sing banget anggone nyebahi. Rasane pengin tak krutuki omah kuwi nganggo watu.

Ning ngarep omahe, Pak Nardi lagi ngrumat bonsai sing cacahe atusan. Aku mesakake karo wit-wit bonsai iku sing mesti nangis merga ora bisa tuwuh kanthi marem. Sakjane bisa urip dhuwur malah direka-reka, digawe cebol kareben kerdil.

Lha kok wit peleme ora dibonsai sisan? Aku sengit meruhi pang pelem sing dijarke wae nganti tekan latarku. Lha wong pang-pange sing ning latare wae kerep dikethok, ananging kok sing ning latarku ora aweh dikethok. Pak Nardi iku pancen nyebahi! Sansaya mangkeli maneh yen mangsa panen pelem. Aku ora tau diwenehi gratis. Menawa arep mangan pelem ya kudu tuku saka Pak Nardi kanthi rega pasaran. Aku njaluk dimurahi wae ora gelem tawa.

Cethil kebangeten!

Wit pelem iku sakjane ora ana apa-apane karo wit kambil sing uga marakake aku gething marang keluargane Pak Nardi. Dangkele pancen ana ning pekarangane Pak Nardi, ananging blungkang sak woh-wohane ning latarku. Tujune wit kambil iku ana ning kebon sayurane ibuku sing mung ditanduri lombok lan sawi. Menawa nang ndhuwur kamarku mesti omahe Pak Nardi wis tak bom yen wit kambil iku ora aweh ditegor.

Prasasat Pak Nardi iku ngitungi cacahe kambil ana pira. Menawa ana kambil tiba ananging mbasan digoleki ora ketemu, mesti mengko bakal neges aku supaya ora ndelikake kambile. Aku pancen seneng ndelikake kambile Pak Nardi. Marga saka kuwi aku bisa nguntalake kambil saka latarku menyang latar omahe. Aku marem menawa kasil ngenani pot-pot bonsai kesayangane banjur muni,

"Uh nyuwun pangapunten, Pak. Kula mbonten sengaja." Lan aku mung diwenehi prengesan untu garinge Pak Nardi sing slonjor telu.

Aku ngitung kambil tua sing sedhela maneh bakal tiba. Cacahe ana telu, dadi paling ora aku bisa mecahake pot bonsai rolas. Kae ning ngarep omahe Pak Nardi ana blumbang koi. Sisuk kambile arep tak tibakake kana kareben bisa ngenani koi. Muga wae koi-ne kaget banjur mumet.

"Mbak, kae Pak Nardi golek perkara maneh." Adhiku mbengok saka sak njabaning kamar. Aku nuli mbukak jendela. Mripatku abang mbranang meruhi Pak Nardi tuku wit rambutan sing wis gedhe. Wit iku ditandur cerak pager omahku. Salah sijine pang sing paling dawa diarahake mbener latar sisih kulon. Asem!

"Ibu, Pak Nardi ki pancen nyebahi. Kae galo!" Aku wadul marang ibu. "Rambutan ki okeh semute, Bu. Nek nyapu ning ngisore bisa kegatelen."

Ibu mung meneng wae. Aku uga wadul karo Bapak kareben nduwurake pager omah ananging  bapak ya mung meneng wae. Olehku misuh ora ana sing nanggepi.

Brak!

Aku mesem. Ana blarak tiba. Blungkang iku tak seret menyang omahe Pak Nardi. Bapak, Ibu, lan adiku mung namatake lelakonku saka bolongan jendela.

"Mandheg kana kuwi wae, Na." Pak Nardi kesusu anggone metu saka omahe kareben aku ora mlebu latar banjur gawe rusak. Ananging aku api-api ora krungu, banjur nyeret blungkang iku menyang mburi omahe. Aku ngguyu ning njero batin amarga kasil nibakake bonsai papat.

Aku menciring marang wit rambutan anyar iku. Tak tendang ping pirang-pirang merga saking gethinge. Mumpung ora ana sing meruhi, wit rambutan iku arep tak bacuk banjur tak tetesi racun suket.

"Aja, Na!" Keprungu swara menging. Tak inguk jebul Indra imbas-imbis ning mburiku.

"Suk nek pas bapakmu tindak kerja, iki arep tak obat."

Indra mesem. "Aja ta. Kuwi ki rambutan legi. Mbesuk nek metu bakale kowe tak wenehi, Na."

"Ngapusi. Geneo aku ora tau diwenehi pelem. Mbendina malah ming nyaponi godhonge thok. Mbendina digawe mangkel karo blarak sak kambile sing tiba ngenani wit lombok kebonku. Paling nyebahi meneh nek pas wit pelem ana uler gatel, aku sing mbendina nyapu ning ngisore dadi kegatelan. Dasar tetangga yang merugikan!"

Indra meneng wae. Wonge kuwi pancen kaya keong. Menengan kebangeten, ndableg kaya kebo. Weruh aku misuh-misuh mung dimatake, ngenteni aku rampung.

"Kene mlebu ngomah. Tak gawekake teh." Indra ajak aku mlebu omah.

"Teh?! Emoh! Aku pengin jus pelem seka wit sing godhonge ngregeti latarku."

Indra mbukak kulkas kanggo ngatonake menawa ora ana pelem ning njerone.

"Ya wis, aku njaluk jus oyot pelem sing godhonge ngregeti latarku."

Indra mangkel nanging mesem ngampet ngguyu. "Kowe ki nek njejaluk mbok sing bener ta, Na." Wonge gawe teh kanggo aku. "Teh wae ya."

"Ora usah. Aku pengin jus oyot wit pelem sing godhonge ngregeti omahku."

"Nek tak gawekake temenan apa ya bakal kok ombe, Na?"

"Iya. Kuwi ki tamba pegel-pegel. Awakku kesel banget mbendina nyaponi latar reget."

Indra ngguyu. Dheweke menehi sus dele. Aku sakawit meneng wae, leren anggone misuh kareben bisa ngombe susu dele sing pancen ombenan kesenenganku.

"Kowe prei ta, Na? Dina iki lunga ora?" pitakone Indra. Aku mlirik sengit banjur nyauri. "Aku arep nang ngomah. Ngenteni bapak ibumu tindakan kareben bisa ngobat wit-witan sing godhonge ngregeti latarku karo sisan nyetrum koi ngarep omahmu."

"Gawe es degan ya, Na. Mengko ngapek degan mburi omah."

Aku ngguyu. Wong kaya Indra sing persis keong iku apa ya bisa penekan. Kok nggaya temenenan arep menek wit kambil.

"Oke. Aku ora arep urun apa-apa. Pokoke aku terima jadi. Aku wis kekeselen nyaponi latar sing reget merga uwuh seka nggonmu."

Indra ngeterake aku nganti ngarep omah. Wonge nggawake susu dele kanggo Diki. Aku wegah nggawa kanthi alesan pundakku pegel kekeselen nyapu godhong pelem.

Aku seneng banget meruhi Bapak Ibune Indra tindakan. Agemane apik lan brukut, pratanda bakal tindakan adoh lan suwe. Aku nuli ngetokake racun suket saka lemari.

"Na, sida ta?" pitakone Indra saka chat. "Kok omahmu nyenyet? Dho tindakan nandi?"

Aku mbukak lawang banjur mbengok sak serone. "Sida. Kambil sak bluluke dipek kareben ora ngrusak kebone Ibuku. Sisan sak blungkang-blungkange! Mengko yen kowe wis nang ndhuwur wit kambil, aku arep ngobat wit pelem karo rambutanmu."

Indra ora nyauri. Dheweke mung ndeleng aku saka jendela omahe. Ora let suwe dheweke katon nyeraki wit kambil mburi omah. Aku mara amarga pengin weruh anggone memenek. Gumunku tuwuh, Indra iki olehe penekan sinau seka ngendi kok pinter kaya kethek.

"Kowe ki nggawa tas barang ki kanggo apa? Arep nginep nang pucuk kambil apa kepiye?" pitakonku meruhi Indra nggawa tas ransel. "Kambile ki ditibakake lemah wae. Ora usah diwadahi tas. Kabotan mengko olehmu medhun. Aneh!"

Indra leren sedhela anggone menek. "Kowe kuwi sing aneh, Na. Ana wong apek kambil kok kowe malah ning ngisore ki ngapa? Arep kok tangkap apa kepiye? Mengko nek ngenani kowe kepiye? Gek ngenani wit lombok wae kowe misuh-misuh kok, aja maneh yen kena sirahmu."

Aku ngulu idu, meneng. Banjur ngadoh saka wit kambil.

"Kowe ki suwe tenan ki ngapa, Ndra? Nginep tenan apa kepiye?" pitakonku.

Bug! Bug! Bug! Degan padha tiba saka nduwur. Aneh! Degan iku warna-warni kaya plembungan. Berarti ning ndhuwur kana Indra ndadak marnai kambil. Kurang gawean temenan!

"Kok ora ndang dijukuk, Na?" Indra gumun. Dheweke mesem karo nyelehake tas ransel menyang njero omah. "Isin apa kepiye? Hhee...."

Gek pisan iki aku weruh Indra ngguyu ngatonke untu. Biasane nek ngguyu kaya marmut sing imbas-imbis.

"Ya wis nek kowe wegah ngewangi. Kana kowe lungguh wae." Indra nuduhake kursi ning mburi omahe sing wis cumepak uba rampe kanggo gawe es degan. Aku mung meneng wae kawit meruhi kambil warna-warni tiba ning latar mburi omahku.

Ning ngarepku Indra kaya bakul es degan. Dheweke gawe es degan kanthi gelis, adoh saka clathu laku adate sing kaya keong. Sedhela-dhela Indra mesem, malah aku saiki sing dadi menengan kaya keong.

"Awakmu isih kesel merga nyapu uwuh godhong pelem ya, Na?" pitakone Indra.

"Kowe ki jebul nyebahi kok, Ndra."

Ana ing degan warna-warni iku Indra nulis cerita babagan wit-witan ning ngomahe. Sing nduweni karep wit rambutan lan pelem iku udu Pak Nardi, ananging Indra dhewe. Indra sing menging bapakne ngethok pang pelem ning nduwur latarku, amarga seneng weruh anggonku misuh-misuh saben dina. Weruh aku sansaya mangkel malah sansaya gawe Indra ngguyu seneng, mangkane pang pelem iku dijarne wae. Kepara saben isuk dieyot Indra kareben godhonge akeh sing gogrok ning latarku.

"Aku iki wong menengan, Na. Jaremu aku iki isinan kaya keong. Aku seneng kowe kuwi kawit mbiyen nanging urung arep omong, ndak kowe wegah kekancan karo aku. Makane aku nunggu awake dhewe padha dene dadi wong dewasa."

"Aku pancen menengan lan isinan kaya keong. Nanging aku wani mratelakake apa anane marang kowe. Aku uga wani ajak rembug tua, Na."

Aku ngulu idu, namatake Indra sing kawit mau mung nunggoni anggonku nyrutup es degan.

"Asem digodani tangga," ujarku.

"Aku ora guyon, Na." Dheweke meneng. "Kepiye?" pitakone alon.

"Kowe ngerti ora? Nyaponi latarku sisih kidul kae kesele ora ketulungan. Coba bayangna menawa aku nyapu seka latar omahku tekan kene iki. Isa remuk awakku! Urung isih ngrumat koi, bonsai, ....

"Ngrumat aku ...." Indra medhot ukaraku karo mesem.

Aku meneng wae sawetara kareben ora pati ketara anggonku ndredeg.

"Wis-wis! Racun suketmu kae diguwang wae. Ayo wit-witan iki dirumat bebarengan." Indra mbenerake kuciran rambutku.

"Neng sisuk nek aku kekeselen, kowe sing nggenteni nyapu lho," saurku alon.

"Iya."

Indra njiwit pipiku. Uwu.

"Walah racun suketku ya ora sida kanggo iki, Ndra." Aku menehake racun suket kang ajeg tak gawa menawa menyang omahe Indra.

"Aja nganti kanggo. Mengko tak guwange. Luwih becik kene iku tuku rabuk kareben wit-witane sansaya subur kaya katresnane awak dhewe, Na."

Yogyakarta, 31 Agustus 2020

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun