Mohon tunggu...
Khoeri Abdul Muid
Khoeri Abdul Muid Mohon Tunggu... Infobesia

Bertugas di Gabus, Pati, Jateng. Direktur sanggar literasi CSP [Cah_Sor_Pring]. Redaktur Media Didaktik Indonesia [MDI]: bimbingan belajar, penerbit buku ber-ISBN dan mitra jurnal ilmiah bereputasi SINTA. E-mail: bagusabdi68@yahoo.co.id atau khoeriabdul2006@gmail.com HP 081326649770

Selanjutnya

Tutup

Cerbung

Babad Alas Bokong Semar (11-12)

23 Agustus 2025   07:41 Diperbarui: 23 Agustus 2025   07:41 59
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Ilustrasi dening KAM.

            "Nggih. Toya bogoran manggar aren, Kanjeng," ature kancane nrutuli rembug.

            Satemene wong-wong mau durung ngerti yen banyu deresan saka manggar aren kuwi jenenge legen. Olehe padha ngarani banyu bogor jalaran netes saka manggar aren kang dibogor.

            "Iki desa endi?" Adipati Jayakusuma miterang sawuse ngunjuk legen sacecepan.

            "Mmm, mboten gadhah nami, Kanjeng." Ki Tiguna nggenahake.

            "Yen kaya ngono desa iki jenengna 'Bogor Rame'. Jalaran kowe padha rame-rame ngaturake banyu bogor iki mau," pangandikane Adipati Jayakusuma mutusake jeneng desa Bogor Rame kang sateruse karan Bogorame iya Gorame.

            Bareng wis mangkono Adipati Jayakusuma diajak nerusake laku tumuju Kuryo. Mula wong-wong Gorame gageyan cecala, aweh kabar marang wong Kuryo lamun Adipati Jayakusuma kang nandhang tatu abot arep dirawat lan diupakara ing Kuryo kono. Nampa kabar kang banget nyedhihake kuwi, Nyi Tiguna kiyangkaban ngadhang lakune Ki Tiguna lan Panggedhe Pati iya Adipati Jayakusuma kasebut adoh saklore banjar pomahane.

            Parandene bareng weruh dhewe kahanane Adipati Jayakusuma kang wis asawang layon adus getih, Nyi Tiguna malih kekes lan miris. Weruh getih lambah-lambah katambahan mulege ganda marus mangkono mau sanalika Nyi Tiguna dadi ambruk semaput nganti dadi lan patine. Nyipati somahe dadakan mati Ki Tiguna terus ngrungkebi Nyi Tiguna. Ki Tiguna kaget gora kawekas saengga uga koncatan jiwa. Nyi Tiguna lan Ki Tiguna mati dadakan. Maune ana terus ora ana dadakan. Kaya sirna.

            Ki Tiguna iya Ki Tiguna. Wong kang mituhu marang piwulang agama, jujur lan ndarbeni budi luhur. Patine Ki Tiguna bareng lan Nyi Tiguna ateges dheweke wis ngugemi janjine yaiku 'tresna anak bojo ora owah'. Tiguna tresna Mumpangati ora bakal owah. Nganti digawa mati. Mula sawuse jasade paraga cikal bakal desa Kuryo kekarone kasebut dikubur, kuburane banjur karan "Kuburan Mbah Sirno".

            Sabacute dening Ki Anggajaya, Adipati Jayakusuma nuli digawekake tandhu lan diboyong menyang Puraya Kadipaten Pati. Ing Pati Adipati Jayakusuma dirawat lan diupakara mantri papat: Sura Prameya, Rangga Jeladra, Sura Antaka lan Pengalasan. Ora dijujugake Keputren amrih ora marahi geger. Nanging jeneng pesthi mono mula dadi wewenange Kang Murbeng Titah. Adipati Jayakusuma ora malih senggang nanging malah nemahi tiwas. Adipati Jayakusuma gugur ngandhemi sumpah prasetya ngrungkebi bumi Pati. Murih ora ngawistarani jasade Adipati Jayakusuma banjur dipetak sajrone Tamansari cedhak Sendhang Sani.

            Ambarung sinang Puraya Kadipaten Pati geger. Raden Rangga murca.

ANA CANDHAKE.     

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerbung Selengkapnya
Lihat Cerbung Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun