"Nora ingsun timbali teka ngelengake marak sowan. Ana wigati apa, Endranata?"
      "Badhe atur palapuran, Sinuwun."
      "Babagan apa, kuwi?!" Sultan Agung Hanyakrakusuma sajak kejot ing penggalih.
      "Bab Kanjeng Adipati Jayakusuma, Sinuwun."
      "Kenangapa Yayi Adipati Pati, hm?!"
      Tumenggung Endranata tumuli matur lamun Adipati Jayakusuma wis rumagang gawe nedya nggebag Mataram. Ature diplintir-plintir, ditambah-tambahi amrih Sultan Agung Hanyakrakusuma dadi murina, jaja bang mawinga-winga.
      "Mosok Kanjeng Adipati Pragola teka saget-sagetipun pratela bilih tuhunipun Pati menika dede reh-rehan Mataram. Mataram kaanggep kagedhen rumangsa dupeh saget nelukaken Kasultanan Pajang. Ing mangka ganjaran paring dalem Kanjeng Sultan Hadiwijaya dhumateng Ki Pemanahan lan Ki Penjawi rumiyin menika ajinipun rak sami. Mboten mawi pindhah wilah. Mila Pati menika drajat saha martabatipun ugi sami kaliyan Mataram. Dados Mataram mboten wenang ngereh, mbawahaken Pati."
      "E lho! Yayi Jayakusuma ngono kuwi gegedhohane? Sabacute banjur apa pawitane Yayi Adipati arep nggebag Mataram?!"
      "Wah, Kanjeng Adipati Pati sampun ndamel bupati nem: Mangunjaya, Kenduruwan,
Raja Menggala, Tohpati, Sawunggaling lan Sindureja. Wekdal menika Pati malah sampun neluk-nelukaken laladan sakiwa tengenipun: Jepara, Kudus, Juwana, Rembang, Lasem engga Grobogan, Sinuwun." Tumenggung Endranata caos katrangan kanthi dimantep-mantepake ature. Nenangi muntaping penggalihe Sultan Agung Hanyakrakusuma.
      "Ah, aturira kuwi mokal, Endranata! Gene apa lamun Yayi Jayakusuma wis neluk-nelukake laladan sakiwa tengene Pati teka ora ana ature kawula pangisepan Mataram?!"