Mohon tunggu...
Khoeri Abdul Muid
Khoeri Abdul Muid Mohon Tunggu... Infobesia

Bertugas di Gabus, Pati, Jateng. Direktur sanggar literasi CSP [Cah_Sor_Pring]. Redaktur Media Didaktik Indonesia [MDI]: bimbingan belajar, penerbit buku ber-ISBN dan mitra jurnal ilmiah bereputasi SINTA. E-mail: bagusabdi68@yahoo.co.id atau khoeriabdul2006@gmail.com HP 081326649770

Selanjutnya

Tutup

Cerbung

Babad Alas Bokong Semar (9-12)

23 Agustus 2025   05:07 Diperbarui: 23 Agustus 2025   05:07 68
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Ilustrasi dening KAM,

Dening: Khoeri Abdul Muid & Sri Adi Harjono

            Nunggal critane nanging seje babake. Lah mangkana ta wau, Sang Tumenggung Endranata ing Demak. Sawijining priyayi mung emane jiwa panguwasane diregeti dening asoring bebuden. Mangka ana unen-unen, "Luwih becik wong asor kang luhur ing budi tinimbang priyayi luhur nanging asor ing budi".

            Watak iri, srei, lan drengki wis kedarung nggrogoti adeg jejeging jiwa sukmane. Aneh nanging nyata. Anehe, gene Tumenggung Endranata kuwi cerak lan Susuhunan Adi ing Kadilangu teka bisa dadi kaya mangkono. Susuhunan Adi kang uga darbe sesebutan Panembahan Adilangu iku putra waliyullah Tanah Jawa Sunan Kalijaga. Nyatane, panguwasa Demak kasebut ora dadi apik malah saya kesasar-sasar lakune.

            Drengki kuwi nyirnakake amal kabecikan. Kaya urubing geni kang ngentekake kayu. Kaya obor blarak. Aweh padhang nanging awake dhewe dadi langes. Kobong dening ubaling geni napsu. Kang omong ora ngerti. Nanging sing ngerti malah ora omong. Bisa kojah amar ma'ruf nahyi mungkar parandene malah diplintir dhewe. Mbengok banter: "Ayo tumindak apik!" Nanging nyatane awake dhewe ora dadi apik. Kuwi Sang Tumenggung Endranata.

            Ya! Tumenggung Endranata mula minangka gegambarane wong kang kurang panarima. Kocap jroning perang Tambak Uwos, Pangeran Puger Bupati Demak kang mbalela marang Susuhunan Hanyakrawati bisa katungkeb lan banjur kapidana selong ing Kudus. Mula saka kuwi Abdi Lurah Ganjur Ki Gada Mestaka banjur kinawula wisudha dadi Bupati Demak lan kaparingan nama Tumenggung Endranata. Kanugrahan kang ora baen-baen.

            Ewa semono tumrap Ki Gada Mestaka isih rumangsa kurang. Jalaran, satemene kang diidham-idham kepengin methik kembang karaton Mataram. Suprandene Raden Ajeng Tumpak kang duwe sesebutan Ratu Mas Sekar malah kajatukramakake antuk Adipati Jayakusuma. Kang mengkone banjur kaparingan asma Raden Ayu Retnasari.

            Laku lekas kang mangkono kuwi tan prabeda kelawan trekahe Prabu Kertanegara ing Singasari. Mikramakake ingkang rayi, Dewi Turukbali karo Jayakatwang Gelang-gelang kanthi pamrih nyirep dahuru 'males ukum'. Awit duking nguni Prabu Kertajaya, ingkang ramane Jayakatwang sinedan dening Prabu Sri Rangah Rajasa Singasari.

            Kacarita sasurude Susuhunan Hanyakrawati, kakuwasan Mataram banjur dilintirake marang Sultan Agung Hanyakrakusuma. Tumenggung Endranata tansah kupiya golek rekadaya murih sirnane Adipati Pragola lan katemahan ngalap randhane. Yaiku Raden Ayu Retnasari. Bangsa kumpeni Walanda kang dimungsuhi Sultan Agung Hanyakrakusuma  nuli laku dom sumurup ing banyu. Tumenggung Endranata ditunggangi kanggo adu kumba Mataram-Pati. Hara, mendah kaya ngapa julige bangsa panjajah kuwi. Devide Et Impera!

            Nuju ari sajuga, meneng-meneng Tumenggung Endranata sowan Mataram terus kipas-kipas pindha bakul sate. Nalika semana Sultan Agung Hanyakrakusuma nembe ameng-ameng neng Kebon Raja ngengar-enggar penggalih.

            "Kepareng matur, lepat pangapunten dalem, Sinuwun," ature Tumenggung Endranata sawuse panguwasa Mataram kasebut lenggah bangku dawa ngisor wit nagasari.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerbung Selengkapnya
Lihat Cerbung Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun