Roso njero atimu
Aku ora biso mlebu kereta jizim kangmasmu
Sikilku gupuh
Mripatku blawur
Ora bisa mirsani udan riwis riwis
Neng pipi putihmu
Teles kebes ketotosan kabar lelayu
Tan kiniro
Datan dinugo
Jeng
Ambulanmu mlayu sipat kuping
Kenceng ninggalke
Aku,
Luhmu
Temetesing jerit batinmu
Wis diiklaske wae
Murih apike
Gusti Allah langkung tresno
Karo kangmasmu
Ditimbali bali ndisik
Ning omah pendopo jati ageng sejjati
Aku ora bisa paring opo opo
Mung iso dadi konco
Siap dadi suket teki
Lanxa6san dalan padangmu
Bangkit
Nglewati reriwa
Lakon pangujj ati
Jeng
Aku mung bisa dadi kacu
Lap ingus
Lan bening pedih moto yuyumu
Ora iso luwih
Iki geguritan nir pakem
Tanpanono
Dudu tombo ati loro
Jampi sedeh
Duxu
Iki hamung panyandra
Sejatining sing diarep-arep
Urip
Mung nemu dalan bali
Ugi gagah nglampahi
Cinikat ngadep gusti
Ingkang maha suwelas
(gurujiwa, Â 16junii2021, Â 17.44 WIB -Waktu Indoensia Berduka-)